Nyadran ing Dusun Grenjeng
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 77 kali

UPACARA adat Nyadran Dusun Grenjeng minangka upacara kanthi an­cas tujuan kanggo nyejahteraake pangu­ripan para pelaku upacara liwat ridha Kang Maha Kuwasa lan sawab kang diparingake dening leluhure. Grenjeng yaiku jeneng sawijining dusun kang dumunung ing Desa Sraturejo, Kecama­tan Baureno, Kabupaten Bojonegoro. Ing dhusun iki warga isih njaga tradhisi warisane leluhure. Wujud tradhisi kase­but arupa upacara adat nyadran, utawa dening saperangan warga Grenjeng disebut upacara sedhekah bumi. Upa­cara nyadran iki dileksanakake setaun sepisan, sapungkure panen pari, pase ing dina Senen Pon, wulane ora mesthi, gumantung marang asile musyawarah utawa rembug dhusun. Taun iki wis klakon dileksanakake tanggal 6 Agustus kepungkur.

Ing upacara iki dileksanakake maneka kegiatan kang oleh panyengkuyung ka­beh warga dhusun. Sedina sadurunge, dina Minggu Pahing, warga dhusun nin­dakake kerja bakti ngresiki makam lelu­hure (pepundhen) yaiku pasutri kang sinebut Embah Krebut (Kaki lan Nini Krebut) ing lokasi Sumur Nganten. Sape­rangan warga nyebut sosok Embah Krebut minangka Embah Dhanyang Kaki lan Nyai Krebut. Dhanyang yaiku sebutan liya kanggo roh alus kang mbaureksa sa­wijining desa. Roh alus iki dipercaya bisa menehi berkah lan musibah. Sumur Nganten yaiku sawijining sumur tuwa (la­was) kang diyakini dening pendhu­dhuk nduweni kekuatan kanggo nyawijekake ika­tan perkawinan. Contone, sawetara pasang pe­nganten anyar wis ngi­suhi sikile kanthi banyu sumur kasebut kanthi maksud amrih perkawi­nane bisa dadi kaki-kaki lan ninen-ninen, lan bisa mbangun bale wisma kanthi kebak karukunan.

Ing dina Minggu bengi pendhudhuk nyiapake maneka perlengkapan upa­cara kang bakal digu­nakake kanggo esuke. Padha gawe en­cek, yaiku papan kanggo ndeleh pa­nga­nan Utawa sesajian kang digawe saka kayu lan pring. Ana rong encek Utama kang digawe yaiku encek lanang lan en­cek wedok. Ing encek kekarone kasebut didelehi maneka sesajian arupa asile olah tetanen kaya ta pari, jagung, sayur-sayuran, kacang, woh-wohan, lan ma­neka jajan pasar. Encek lanang wujude lonjong, nglambangake barang wewa­dine wong lanang, ditata luwih dhuwur, lan ana lepet ing perangan ndhuwure. Encek wedok iku nglambangake Raja Lembu Amisesna lan permaisurine saka Kerajaan Ngurawan, kang nyamar dadi Kaki lan Nyai Krebut.

Ing bengi iku, kejaba ngrakit asil olah tetanen ing encek nganten, para warga uga nindakake jagongan utawa melekan nganti tengah wengi. Acara iki dipercaya mi­nangka perangan saka upacara adat lan sapa wae kang nindakake bakal pikantuk manfaat kang mulyakake dhe­weke.

Ing esuke, Senen Pon, para warga padha nyiapake papan kanggo manganan, acara re­butan encek, lan arena tayuban. Kirab encek diwiwiti wayah bedhug dheng-dheng, yaiku sawise shalat dhuhur tumrap sing ngrasuk agama Islam. Kirab encek meriyah banget diwiwiti saka mas­jid, jumangkah tumuju bale desa kanggo mapag kepala desa, lan saka bale desa banjur jumangkah maneh tu­muju me­nyang Sumur Nganten kang dumunung ing kompleks makam Embah Krebut. Para peserta upacara nganggo pengang­go adat warna ireng lan udhengan. Sa­perangan gedhe peserta upacara ngga­wa encek cilik sing ing njerone wis ana panganane.

Tekan ngarep kompleks makam Em­bah Krebut, minangka syarat, sawetara peserta upacara nyebar dhuwit receh lan banjur padha rebutan. Donga ditin­dakake sacara Islam, lan dipungkasi kan­thi rebutan panganan ing kaloro encek kasebut. Sapungkure mangan bareng, para peserta padha nikmati musik dangdut sinambi njoged.

Upacara adat Nyadran utawa Kirab Encek Lanang Encek Wedok Dusun Grenjeng iki ditutup kanthi pagelaran seni tayub sewengi natas. Para warga dusun, utamane kaum priya, padha njo­ged gumbira karo para waranggana pi­lihan. Waranggana yaiku penyanyi seka­ligus penari kang dadi pelaku utama ing seni tayub. Ing upacara Nyadran ing Dusun Grenjeng iki, tayuban dileksanak­ake ing kompleks makam, lan saka acara iki uga panitia pikantuk dhuwit sumba­ngan saka para peserta, lan bisa digu­nakake kanggo prabeya upacara iki.

(Budiono MG)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik