Kuburan Ngujang Kanggo Golek Pesugihan?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 170 kali

SAIKI jamane internet. Masyarakat akeh kang gampang percaya pawarta ngono wae tanpa dilelimbang kanthi wening. Kaya kabar kang anjrah ing masyarakat, yaiku kuburan Ngujang dadi papan kanggo golek pasugihan. Kanggo nyatakake, durung suwe iki penulis merlokake wawanrembug karoPak Ribut Katenan 46 taun, juru kunci kuburan Ngujang. Penulis menyang kuburan liwat dalan kidul. Ora liwat regol utama kang saiki lagi dibangun gapura.

Lagi teka ing kuburan kang mapan ing sakidule treteg Ngujang kasebut, penulis dicedhaki pawongan kang ngaku jenenge Pak Tono. Dheweke takon, apa arep golek pesugihan? Yen iya, dheweke bisa nglantarake marang juru kunci. Ora antara suwe ana simbah kang ngglandhang penulis, diajak ngalor. Dheweke njur kandha, “Ati-ati, wong kuwi calo.”

“O..., ana calone, ta?” batine penulis.

Sawise omong-omongan rada suwe, dheweke jenenge Yateni 70 taun. Warga Ngebrukan desa Srikaton, kecamatan Ngantru, Tulungagung. Pakaryane Mbah Yateni minangka juru pijet. Mbah Yateni ora mulih-mulih saka papan kono. Mulih-mulih, mung ngulihake kayane, ujare. Penulis njur didudohi, juru kuncine kang kagungan warung sakulone regol kuwi. Ya ing warung kasebut kang dadi papan juru kunci aweh  andharan lan katrangan apa wae kang dibutuhake tamu. Cethane, ing warung iki dadi papan petunge.

Penulis mlebu warung. Ora let suwe, Pak Ribut metu. Penulis blaka apa kang dadi sedyane. Kapisan penulis takon kaya irah-irahan dhuwur kasebut. Diwangsuli Pak Pak Ribut, ana benere, ana klerune. Awit, wong kang nyekar ing pundhen Eyang Sentono Renggo kasebut, ing masyarakat wis kadhung dicap golek pesugihan. Kamangka durung mesthi. Sejatine tetep gumantung niyat lan tujuan pawongan kang ziaroh. Perlu kawuningan, miturut crita turun-temurun Eyang Sentono Renggo iku isih muride Sunan Kalijaga kang diutus nyebarake agama Islam ing wewengkon brang kidul. Banjur, Eyang Sentono Renggo babat alas ing desa Ngujang. Ujare kandha ing wewengkon Ngujang kene biyen ana pondhoke. Eman, penulis ora nemokake patilasan pondhok. Upamane tilas umpak, utawa pondhasi bangunane. Nanging ya embuh maneh, upama wujude bangunan pondhok kalasemana isih prasaja. Lire kawangun saka gedheg. Tegese dudu bangunan kang permanen. Saengga petilasane wis ora nyisa maneh.

Dene pundhen kang saiki kawangun maesan lan ditembok permanen kasebut, biyene wujude mung punthuk watu, kang dibethek mubeng. Sabanjure ing taun 1951 dibangun dening pengusaha keturunan. Lan taun 1952, digawekake Bale ing sisih wetane. Gunane kanggo leren utawa antri wong kang arep ziaroh utawa nyekar. Lan ing taun 2014 direnovasi dening Pak Ribut Katenan dhewe, tanpa njaluk-njaluk sumbangan liyan. Kejaba yen ana kang niyat nyumbang, kang mangkene iki ora ditampik.

Sasuwene Pak Ribut dadi juru kunci, cinathet ora kurang saka wong 18 ewu tamu resmi kang ziaroh lan ngadani ritual ing Pundhen Ngujang. Iku durung wong nyekar ing sanjabane pundhen lan masyarakat umum kang mung dolan ngenggar-enggar sarira, saperlu wisata ndeleng kethek Ngujang.

Pawarta ing masyarakat, jare bangunan kang kinunci ing area pundhen kuwi ing njero ana sumure. Sok sapaa kang golek pesugihan ing pundhen kuwi, sarampunge nindakake ritual kang diimami juru kunci, banjur diutus nginguk njerone sumur kasebut, Padatan pawongan kasebut bakal meruhi anggota kulawarga kang sambat ngaru-ara ing njero sumur kasebut merga didadekake wadal. Lan sapa kang kuwat, tegese tega sanak kadange didadekake wadal, golek pasugihane bakal kasil. Nanging, sawise penulis dijak mlebu dening juru kunci, pranyata ora ana sumur kang dadi pocapan ing masyarakat kuwi. Kang ana mung wujud maesan minangka tenger pundhen Eyang Sentono Renggo (biyen  mung wujud punthuk watu).

“Menawi, sumure niku wujud sumur ghaib? Lire, kang pirsa niku namung tiyang-tiyang ingkang pados sesugihan niku mawon?”

“Yen kuwi aku ora ngerti. Ning nyatane sampeyan weruh dhewe. Wujude ya mung ngene iki?” wangsulane karo nuduhake papan pundhen kang wujud maesan. Pancen ana sumur, ning ya sumur lumrah wae. Papane ing sakulone makame pengusaha minyak Tulungagung.

Pak Ribut malah crita. Kondhange  kuburan Ngujang kanggo papan golek pasugihan iki ora diselaki. Akeh pawongan saka njaba kutha keraya-raya mrene saperlu golek pasugihan. Keh-kehe wong kang lagi kagubel masalah ekonomi, keblegong utang, gaweyan sepi, rejeki seret lsp. Ana pawongan saka Kalimantan sing golek pasugihan, kulawargane siap kanggo wadal. Kepara dheweke dhewe uga sanggup dadi wadale. Ana kang saka Banyuwangi, doh kana-doh kene mung kepengin golek thuyul. Dheweke sanggup nuku pirang yuta wae regane. Coba, yen ora wong lagi kalap ora kira nempuh dalan mangkene iki.

Wangsulane Pak Ribut, gek thuyule sapa sing arep didol iki? Kene ora adol thuyul! Padatan Pak Ribut mung ngrenahake, ing kene supaya ziaroh wae. Dene ziaroh kuwi niyate ndongakake para-para kang wis sumare kang wis maringi pepajar marang kita kabeh. Dene mengko anggon kita ngalap berkah antuk syafaat, njur dadi sugih lan kasil,  piwelinge ya aja lali sodaqah. Sodaqoh manut nadare dhewe-dhewe. Upamane, yen wis kasil nadare kepengin slametan, saambengan kanthi ingkung pitik ya mangga, nganggo wedhus, ya mangga?”

Apa bener wong kang golek pasugihan ing kene, saben taun kudu slametan ing kuburan Ngujang? Yen lali utawa nglali, bakal disurati kaalamatake menyang kantor desane sing golek kasebut?

Wangsulane, ora! Kuwi isyu. Dimen wong-wong kuwi ora mrene. Buku tamu ing kene iki ora tau metu saka Pundhen kene. Iki sipate rahasia. Sing nyekel aku dhewe. Sejatine slametan ing kene kuwi krana nindakake nadare dhewe-dhewe kae mau. Upama ora sanggup nggawa ambengan saka ngomah, mung setor dhuwit njur dipasrahke kene ya bisa.

Nanging, akeh panemu yen nganti ora nindakake nadare kasebut, ora-orane dheweke bakal dipripeni dhanyangane Ngujang. Yen kuwi, embuh! Merga ngimpi kuwi sing bisa ngrasakake ya awake dhewe-dhewe.

Apa bener kethek ing kene malihane  siluman? Pak Ribut kandha yen kethek ing Ngujang iki kethek lumrah wae. Yen kethek siluman ora kira wong awam bisa ndeleng, ndemek, makani, lsp. Mung wae, imbuhe, ketheke ing kene pancen dilindhungi utawa diayomi makhluk alus.

Apa bener cacah utawa populasine kethek Ngujang panggah semono wae?                                                           Njur ing dina-dina tinamtu, padatan ora ana kang katon siji-sijia. Diwangsuli Pak Ribut ora bener.  Kethek kena iki ya tumangkar, ana kang lair ana kang mati. Ngenani cacahe, durung ana kang nate ngetung, Ing dian-dina tinamtu, kaya ngilang kabeh. Kuwi ora bener. Merga kethek-kethek kuwi kalamangsa saba pinggir kali lan treteg.  Mula ing kuburan kene ora ana babar pisan. Ning upama takceluk, saperlu takpakani, kabeh ya padha mara. Dadi dudu kethek siluman kang kalamangsa ngilang saka pandulu kuwi, ora!

Nengah-nengahi penulis sapejagong karo juru kunci. Kedhayohan pawongan loro saka Bandung Jawa Barat. Sajak wis semayanan lumantar HP. Nitik kaya wis akrab. Sing penulis rungu, dheweke nginep ing sawijining hotel ing Kediri. Lagi esuk kuwi dheweke tumuju ing kuburan Ngujang, numpak bis. Wong loro kasebut sing praenane saemper warga keturunan Tionghoa katon wis ngomah ing warung kasebut. Ujug-ujug njupuk gedhang lan kacang kang kasumadyakake ing warung kuwi, njur metu dipakanake kethek. Ora let suwe wis bali. Njur mlebu-metu kamar ing warung kuwi kaya wis biyasa. Dene sing sijine sajak wong anyar katon. Dheweke praenane kaya wong Sunda. Wong loro ora bisa basa Jawa. Mula anggone paring pituduh, Pak Ribut nganggo basa Indonesia.

“Di sini terkenal sabagai tempat nyari pesugihan. Pernyataan itu ada benarnya, juga ada salahnya. Sebenarnya disini itu tempat untuk ziaroh, ngalap berkah, melalui tawassul yaitu berusaha mendekatkan diri kepada Allah SWT dengan menggunakan wasilah (perantara). Sesaji itu sebenarnya cuma sarana. Kemudian setelah berdoa disini, sesampai dirumah nanti selama selapan hari anda diharuskan sabar, tawakal, tidak boleh marah, tidak boleh berbuat jahat, selingkuh dan lain-lain seperti  menjalani syariat agama. Persoalan anda berhasil jadi sukses atau tidak itu, semata-mata karena Allah SWT. Dari yang datang di sini, perbandingan yang sukses dan yang tidak sukses itu, banyak yang tidak suksesnya. Yang belum sukses mungkin belum jodoh,” jlentrehe.

Sing praenan Sunda  nyemak, dene sing kaya warga keturunan. Sajak wis ngerti, apa kang bakal diwedharake Pak Ribut. Menawa wae dheweke wis kasil sugih lan iki mau mung niyat ngeterake kancane kuwi wae.

“Selain itu, setiap malam jumat, harus menyiapkan sesaji, berupa wedang kopi manis, bunga telon ditaruh dalam gelas dikasih air putih, 2 batang rokok, membakar kemenyan atau dupa, dan diterangi  lampu.  Kalau dulu pakai dian atau cublik, sekarang boleh pakai lilin, atau bola lampu listrik. Mengingat nyari minyak tanah sulit, dan kalau lilin ada resiko kebakaran. Kemudian sesaji tersebut boleh diletakkan di kamar khusus, di tempat terbuka seperti ruang tamu juga tidak apa-apa. Dan kalau nanti anda sukses, jangan lupa nadar saat ritual tersebut harus dipenuhi. Itu saja. Mangkin ada pertanyaan?”

“Belum,” wangsulane kang praen Sunda.Anane durung ana pitakonan, menawa dheweke isih bingung. Utawa yen ora ngerti, upama takona nyang kancane kuwi ya wis ngerti. 

“Apa kalau sudah melakukan ritual disini tidak boleh mengerjakan sholat? Boleh. Tetep laksanakan sholat!” Dhawuhe Pak Ribut.

“Juga, apakah kalau sudah melakukan rital disini, kemudian jadi sukses apa uangnya tidak boleh untuk naik haji? Boleh. Tidak apa-apa,” jlentrehe Pak Ribut, maneh.

Krungu andharane Pak Ribut, wong praen Sunda kuwi manthuk-manthuk.

Wektune wis jam 1 kliwat. Penulis enggal nyuwun pamit, merga mburu wektu  luhuran. Wong loro kuwi melu metu. Njur istirahat ing emperan pundhen.

Dene sabanjure, penulis ora melu ritual ing njero Pundhen Eyang Sentono Renggo. Merga Pak Ribut dhewe uga isih arep kondur, dhawuhe arep sholat luhur. Kira-kira, acara rituale ya sore-sorean.

Mangkono, wawancarane penulis karo Pak Ribut Katenan, juru kunci kuburan Ngujang. Apa bener kuburan Ngujang kuwi kanggo papan golek pasugihan kang jarene jos-gandhos?! Sumangga, para maos mundhut dudu-tan sowang-wowang, kanthi kamardi-kane penggalih. Penulis ora aweh du-dutan ing bab iki. Awit penulis per-caya, para maos sampun  saged milah lan milih, menapa ingkang sae tumrap dhirinipun piyambak. Nuwun. (Oyos)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang lemah, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang lemah apa wae kahanane.

Klik

KUDHA NIL ING DHARATAN

Patung unik lan lucu iki mesthi wae digawe dening arsitektur seni profesional. Patung-patung iki digawe kanggo narik kawi gatene wong akeh. Patung-patung iki digawe saunik-unike amrih nduweni daya tarik sekaligus aweh kesan ikonik sawijining kutha. (d/ist)***

Pethilan

Wutuhing bangsa aja dikurbanake jroning masa kampanye

Eling lo, pemilu limang taun pisan mesthi bali maneh

BBM ora kena pengaruh mundhake rega lenga

Kena pengaruhe sik dienteni, ngen­teni coblosan

KPU ngajab ora milih caleg tilas koruptor

Muga-muga caleg liyane dudu calon koruptor