Tali Sepatune Sindurlela
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 517 kali

Yen jaman saiki sajake wis ora ana cewek sing seneng nganggo jenggel utawa sapatu kaca kaya duweke cinderela ngono kae. Ketimbang sepatu kaca aluwung sepatu cats utawa snekers sing modhele memper sepatune cah lanang, luwih-luwih yen ditamatne kaya sepatu bal-balan, mung bedane ora ana menthol-menthol ing walike dlamakan wae. Nanging sing kaya ngono kuwi apa ndadekake crita tresnane cinderela lan pangeran uga mupus?

Ah ... dakkira kok durung mesthi. Awit saka tali sepatu cats, critaku sing bakal dakcritakake iki memper critane cinderela najan jenengku beda sithik: Sindurlela.

Esuk kuwi, dina pungkasan MOS ing SMA sing paling top sakabupaten. SMA Gayuhwangi, sekolahku. Pancen isih mambu plokothoan yen MOS kuwi. Kaya jago bangkok mungsuh kuthuk sing lagi wae netes. Peraturan sing kudu dijangkepi akeh ora mekakat. Wiwit saka rambut sing kudu diklabang nganggo karet gelang werna abang kang cacahe padha karo tanggal lair, tas saka zak semen diwenehi tali werna ijo (miturut kelase dhewe-dhewe) lan isih ana maneh teka-tekine yaiku: polpen sing bisa mabur, sing jebule polpen merek pilot. Buku garis gambar donya sing ora liya merek sinar dunia. Jan rempong tenan! Semono akehe, yen aku lali siji kan lumrah iya ta !?

Jam pitu kurang lima nalika aku jumangkah mlebu gerbang sekolah. Weruh siswa MOS sing uga padha teka, njubel rebutan dhisik nglangkahi gerbang sekolah. Bareng dakjingglengi sanalika rasa dhadhaku langsung tratapan. Byuh! lha kok ana sing lali. Tali sepatu.

Idheku tuwuh banjur mlayoni KOPSIS (koperasi siswa) sing ana ing wetane pos satpam.

“Habis!” kandhane mbak-mbak sing njaga nalika daktakoni tali sepatu werna abang.

Wis ngalamat hormat ndhangak madhep gendera nganti bedhug iki mengko. Krungu sumaure sing njaga KOPSIS singkat, padhat, jelas, aku banjur klunuh-klunuh metu nyang empere.

Ing emper ana lincake. Lan ing lincak kuwi ana bocah lanang sing isih umyeg nglebokake tali werna abang ing salah siji sepatune. Embuh piye aku lali kepriye olehku nembung, pokoke tali sing siji bisa ing tanganku. Gratis! merga pancen saben siswa mung butuh siji kanggo tali sepatu sisihan.

Durung kober takon jeneng lan kandha matur nuwun, langsung dakcepot salah siji tali seputuku banjur dakganti nganggo tali sepatu werna abang kaya panjaluke panitia. Bocah lanang ing sandhingku nyat langsung ngalih. Ora pati suwe sempritan tandha apel disebul. Aku gage mlayu menyang lapangan.

Merga awakku sing cilik lan ora dhuwur, ndadekake panggonanku ing pleton mesthi mburi dhewe. Tapi merga kuwi, aku bisa weruh petugas apel kanthi kateg.

Badalah! bocah sing nguwehi aku tali sepatu mau jebule dadi pemimpin apel. Yoh..yoh .. wis bocahe gagah, swarane banter, tegas, jan sip tenan!

Bubar apel, siswa digiring mlebu ing kelase dhewe-dhewe. Ora nglumpuk maneh dadi siji ing aula kaya dina dhekwingine. Ana rasa sing isih ngganjel kanggoku. Aku pengin ketemu karo bacah sing kanthi lila nguwehi tali aku, coba yen ora? Aku bakal dijejer kaya telulas bocah sing ora njangkepi peraturan.

Nganti kegiatan dina kuwi buyar, MOS rampung lan pelajaran biasa, aku durung bisa nemokake dheweke. Ora lucu ta yen dakgoleki menyang kelas-kelas. Mula kanggo nemokake dheweke, saben ngaso utawa mulih sekolah dakkoberne lungguh ing lincak ngarep KOPSIS. Lali nganti pirang sasi, nanging tali sepatu abang isih sumimpen ing njero tas.

Aku lungguh ungkang-ungkang ing lincak karo ngenteni udane rada terang. Dumadakan ana bocah lanang sing metu saka KOPSIS karo njingglengi HP-ne. Saka iringan janjane rada rangu aku yen kuwi dheweke, nanging sawise noleh merga bocah ing sisihku ngaruh-aruhi, aku dadi yakin kuwi dheweke. Bocah sing sasuwene iki dakgoleki. Dakanti-anti.

Dakwanek-wanekne aruh luwih dhisik. Banjur takon menawa dheweke. Yen bener, ngrogoh tas tali siyap dibalekne. Dakcedhaki, sansaya cedhak baguse kaya Raden Arjuna. Aku gagap. 

“Eh…a..a..pa kowe sing biyen nguwehi aku tali ... tali sepatu?”

Sing maune njingglengi HP malih mandeng aku, ngrungokne ukaraku. Meneng. Mesem. Atiku banget ora kanten enggal krungu dheweke guneman. Banjur kenalan. Banjur..banjur.. Ah muga angen – angenku, Sindurlela sih tresna kaya critane Cinderela….

(Dening : Syafi Rilla S. Maghfuroh)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik