Tradhisi Pengetan Haul Mbah Sindujoyo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 94 kali

Nate Jejuluk Sunan Amangkurat saka Kesultanan Mataram, uga dadi Senopatine Pangeran Ampeldenta Surabaya

Nuju sawijine wektu, nalikane Sindujoyo lelaku nenepi ing sapinggire Kali Mireng kang dinuga saikine sacedhake Pelabuhan Internasional JIIPE ing we­wengkon Manyar Gresik, Sindujoyo me­ruhi sawijine prau kang dinakodhahi dening Mertajaya saka Amperldenta Surabaya. Kang dadi pitakonan, Sindujoyo ora mangerteni kena apa wektu kuwi prau kang dipandhegani Mertajaya mau kebak dening prajurit. Mertajaya banjur nelakake yen dheweke sawadyabalane kuwi minangka prajurit saka kraton Ampeldenta kang arep nglurug Kidang Palih kang lelaku balela sarta ora tundhuk marang kraton Ampeldenta. Kidang Palih wektu kuwi pancen kaloka bab kasektene. Mangerteni yen kraton Ampeldenta wektu kuwi merlokake pambiyantu, Sindujoyo banjur ngajak Mertajaya sawatara bali menyang Ampeldenta dhisik saperlu sowan marang Pangeran Ampeldenta. Nalika kekaropne marak seba, Pangeran Ampeldenta bungah banget yen Sindujoyo mbiyantu Ampeldenta . Wewaton riwayat lelakune Sindujoyo ing sangarepe Pangeran nalika iku, banjur Pangeran Ampeldenta ora wigah-wigih banjur ngangkat Sindujoyo minangka Senapati Ampeldenta. Wose crita, ing perang tandhing ing palagan, Senapati Sindujoyo kasil ngasorake Kidang Palih saka tlatah Gumeno nganti dadi tiwase. Kidang Palih tiwas amarga kena sanjata keris paringane Pangeran Ampeldenta. 

Amarga gedhe sedyane sarta lelabuhane marang kraton Ampeldenta, Sindu­joyo banjur kaparingan ta­nah ganjaran jembar wujud tanah perdikan (bebas saka maneka tarikan pajeg). Tanah perdikan mau aran Karang Pasung kang mu­judake cikal bakal saka desa Lumpur lan Kroman sarta sawatara desa liyane tume­kane jaman saiki. Manut cathetan sejarah, Sindujoyo kasil ngajak kulawargane kabeh wiwit manggon ing Karang Pasung kono ngepasi 27 Rajab 1061 Hijriyah dinane Ahad 16 Juli 1651Masehi. 

Rerangken liyane sajrone pengetan haul Mbah Sindujoyo yaiku arak-arakan kabeh warga desa Kroman lan Lumpur k. Warga prasasat tumplek blek ngebaki Jalan Sindujoyo, prapatan Pasar Gresik, Jalan Usman Sadar sinambi maca shala­wat nabi lan diramekake uga karo rom­bongan seni tradhiosi Pencak Macan. Kabeh nuju pesareyane Mbah Sindujoyo kang manggon ana Makam Dalem desa Karangpoh kutha Gresik. Ing pesareyane Mbah Sindujoyo, warga rong desa yaiku Lumpur lan Kroman padha dedonga murih paraga kang diakoni minangka leluhur cikal bakal desa, entuk dalan padhang nampa kanugrahan kaswargane Gusti Allah.

 

RERANGKEN LIYANE WU­JUD PETIK LAUT BANDU­NGAN    

Kaya kang dicritakake ing ndhuwur, yen dhek isih jaman sugenge Mbah Sindujoyo uga mujudake sawijine tukang golek iwak utawa nelayan. Nganti saiki warga desa Lum­pur lan Kroman kang pancen cedhak pesisir, isih akeh kang nyambut gawe padinane dadi nelayan. Mula ing pesisir sisih lor desa, kebak prau-prau nelayan. Panguripane nelayan kang lagi njahit jaring, nambal prau, mepe  iwak, mikul iwak saka pesisir menyang TPI (Tempat Pelelangan Ikan) saben dinane uga dadi sesawangane para peziarah pesareyane Syekh Maulana Malik Ibrahim kang lunga teka ing sacedhake lokasi pesisir kono awit terminale maneka bus pariwisata saka dhaerah-dhaerah liya pancen manggon pesisir kono mau.

Minangka kanggo mengeti yen pawo­ngan Mbah Sindujoyo dhek biyene mujud­ake nelayan sarta munjukake rasa agu­nging panuwun sarta syukur marang GUsti Allah kang tansah paring rejeki akeh wujud tangkepan asile golek iwak ing satengahe segara, warga Lumpur lan Kroman nga­dani tradhisi turun-temurun wujud petik laut Bandungan.

Kanggone warga nelayan kelurahan Lumpur lan Kroman kuwi, adicara tradhisi Bandungan mujudake salah sijine warisan leluhur nglarung sesaji ing satengahing segara. Tradhisi Bandungan diadani turun – temurun dening para nelayan saben taun sepisan.

Gandheng karo adicara tradhisi Ban­dungan, mulane wiwit esuk kabeh uba­rampe kang dibutuhake wis disiapake ing sawijining papan kang diarani Bale. Padatane saben dinane bale iki dianggo papan ngumpul lan ngasone para nelayan. Ing sakupenge kelurahan Lumpur lan Kro­man tinemu pirang – pirang bale, antara liya Bale Cilik, Bale Kambang utawa Bale Gedhe, Bale Purba, Bale Pasusukan, Bale Metoko lan Bale Wonorejo. Ing Bale-bale kuwi, kabeh ubarampe utamane wujud sesajen ditata lan ditliti murih aja ana siji wae kang keri. Ana tumpeng gedhe jangkep karo lawuh urap – urap lan pangg­ang ingkung uga asem – asem iwak se­gara. Woh – wohane kang wajib ana, wu­jud gedhang mas. Wondene woh – wohan ganepane bisa wae ditambah semangka utawa melon, jeruk, duku, jambu. Saliyane kuwi isih ana tumpeng cilik cacah sanga dikantheni lawuh endhog godhog sakulite. Banjur ana bubur maneka werna, cacahe sangang takir. Jajan pasar antara liya klanthing maneka werna, uga cacah sangang takir. Tumpeng cilik, bubur lan jajan pasar kang sarwa cacah sanga ditata rapi ing prau cilik (miniature). Ing sate­ngahe prau cilik (miniature) diwenehi pra­pen cilik bakaran menyan kang arum gan­dane ngaluk – aluk. Kabeh ubarampe kang diwadhahi miniatur prau kuwi mujudake sesajen kang dilarung ing tengah segara.

“Ubarampe sesaji larung ingkang cacahipun sarwa sanga menika wonten gandheng raketipun kaliyan Mbah Kyai Sindujoyo salah satunggaling pandherek saking Kanjeng Sunan Prapen putra saking Kanjeng Sunan Giri. Sarwa cacah sanga menika dhapur wujud angka sanepa ing­kang mengku pangertosan supados kita tansah enget kaliyan lelabuhanipun Walisanga kala wekdal semanten,” ujare sawijine sesepuh desa Lumpur – Kroman aran Abd.Mudjib (63) marang juruwarta majalah PS minggu esuk kuwi.

Nalika kabeh ubarampe wis siyap, banjur digawa lan dikirab nuju prau kang wis disiyagakake ing pinggir segara. Prau kang disiyapake cacahe kabeh ana lima. Cacah telu prau wis diiket dadi siji nganggo pring dawa lan diteleni raket banget. Prau cacah telu iki kanggo ngangkut kabeh warga kang melu larung sesaji. Isine prau, dikebaki warga karo maneka tum­peng gedhe komplet sala­wuhe barang.

Wondene prau loro liyane diisineni mligi kabeh ubarampe sesajen Larung Bandungan kaya dene jajan pasar, tumpeng cilik lan prapen ngobong menyan. Rombongan larung sesaji tradhisi Ban­dungan saubarampene kabeh kaangkut nganggo prau nuju tengah segara. Lakuke prau nuju tengah segara kairing lantunan ter­bang rebana kumandhange pepujen shalawat nabi nganggo corong spiker. Rombongan larung sesaji tansaya adoh ninggalake pesisir lan nalikane saka papan kono wis katon cetha pucuking kubah masjid Ainul Yaqin Sunan Giri ing Gunung Giri madeg prenah sisih kidul, banjur miniatur prau kang isen - isene sesaji larung alon – alon diudhunake menyang banyu segara saperlu dilarung nganti kagawa luwih nengah dening ombaking banyu segara.

Sawise nglarung sesaji, salah sijine sesepuh banjur mimpin donga. Surasane donga ngaturake ras syukur marang Gusti Allah awit wis kaparingan seger waras slamet, desane reja, asil iwak isih kena kanggo nyukupi anggone ngaurip lan ing wektu sabanjure rejekine tansah sem­pulur. Sabubare pada ndedonga nga­turake gunging panuwun lan rasa syukur marang ngarsane Gusti Allah Kang Maha Agung, para nelayan banjur padha nyandhak tumpeng gedhe salawuhe, dhahar beba­rengan ing ndhuwur prau satengahing segara.

“Tradhisi Ban­dungan kanthi la­rung sesaji me­nika wosipun na­mung setunggal inggih menika ambabarake raos syukur ugi gu­nging panuwun dumateng Gusti Allah saking para nelayan ingkang sampung kapa­ringan slamet ang­genipun makarya wonten segara sarta rejeki katah ugi barokah,” mangkono imbuhe sesepuh Abd. Mudjib.

Manut katrangan saka Imron Hamzah salah siji pemimpin remaja lingkungan de­sa kono, nalika jaman umur cilikane biyen nganti taun 1965 – an, saben taun ing salah sijine bale ing desa kono tansah diadani tradhisi sedhekah bumi nanggap wayang purwa. Tradhsi kuwi mau uga kanggo mengeti jasa-jasane Mbah Sindujoyo. Lakon kang kagelar, ora entuk diganti – ganti crita liyane kejaba kudu Baratayudha Jayabinangun perang antarane Pandhawa karo Kurawa. Emane nalika wayang purwa dikepyakake, wektu jaman semono sithik akeh lumrahe isih dikantheni mawa omben – omben inuman mendemi kang kudune didohi awit bab kuwi wis cetha diharamake dening tuntunan agama.

“Sareng ngaten wekdal semanten wonten sakupengipun desa menika kabangun pabrik – pabrik enggal laras kaliyan jaman pembangunan. Dharatan pesisir segara kathah ingkang kedah dipun reklamasi utawi diuruk kangge pabrik ugi pelabuhan ngantos tengah segara. Re­klamasi segara menika damel populasi ulam segara tansaya kirang. Wekdal sa­mangke ulam jinis kerang, simping, tripang, blonyo sampun boten wonten malih. Sedaya lajeng namung dhapur crita kemawon. Asilipun para nelayan ugi suda, mboten saged kathah kados jaman rumiyin. Nanging bab menika nggih sam­pun dados resiko para nelayan mriki. Kawontenan menapa kemawon, warga saged nampi awit pakaryan minangka nelayan menika sampun kalampahan turun – temurun,” kandhane sesepuh Abd. Udjib marang PS nalika mlaku bebarengan saka melu nyekseni tradhisi Bandungan.

(*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik