Bebering Makna Crita Wayang (2/Tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 49 kali

Makna Filosofis Ing Suwalike Crita Wayang.

Punjering andharan babagan Seni Wi­dya (filsafat lan pendhidhikan) ing pa­gelaran wayang purwa kaya kang wis katur ing ngarep. yaiku bab ancas lan filsafate manungsa kang ngudi kasam­purnan. Mungguh manungsa kang sam­purna iku iya kang disebut ‘wikan sangkan paran’.

1. Kaserat ing “Kakawin Arjuna Wiwaha”.

Tembung ‘sangkan paran’ iku tinemu ing serat “Kakawin Arjuna Wiwaha” kang ginubah dening Mpu Kanwa, pujangga ing jaman pemerentahan Prabu Air­langga (1019-1042 M). Sabanjure serat “Kakawin Arjuna Wiwaha” iku katedhak lan kaserat maneh ing basa Jawa Anyar dening pujangga Yasadipura I kanthi irah-irah kang uga minangka judhul la­kon wayang, yaiku “Mintaraga” utawa “Ba­gawan Ciptaning”.

Kacaritakake, sawise Raden Arjuna kasil nanggulangi sawernaning pacoban kanggo neter kandel lan karepe nalika arep mertapa ing Gunung Indrakila. Pung­kasane Bathara Siwa pribadi kang teka mangeja-wantah ing marcapada lan nemoni Raden Arjuna. Ing Kidhung X (Se­puluh) bait 1 lan 2, kagambarake nalika Raden Arjuna ngaturake puja-puji kastawa lan sujud sumuyud ing ngar­sane Bathara Siwa, kanthi atur:

(1). “Aum sembahing anatha ting­halana de triloka sarana wahyadhyat­mika sembahing ulun” (Jarwan bebas: “Om sembah sungkem kawula ingkang ringkih lan ina punika, mugi-mugi saged katampia Hyang Pangayoming Jagad Triloka, lair trusing batin sembah sujud kawula”).

(2). “Wyapiwyapaka sarining para­tatwa durlabhakita, Sang Sangkan Para­ning sarat sakala niskalat makakita” (Jar­wan bebas: “Paduka ing angresepi sa­daya jagad raya, kasunyatan bilih kale­resan ingkang paling inggil, ingkang re­kaos karanjuk. Paduka punika inggih Sangkan Paraning Jagad Raya. Inggih kasunyatan ingkang wujud lair kalawan batin”.

Ing filsafat Hindhu sekte Siwaisme, dewa kang nyipta jagad saisine (kalebu manungsa) iku iya Bathara Siwa. Kabeh kang kacipta iku pungkasane bakal bali mring Kang Nyipta maneh. Kasampurnan ing agama lan filsafat Hindhu iku disebut “kamukswan” utawa “kalepasan”. Kamukswan iku bisa karanggeh kanthi laku “darma, bakti lan yoga”. Ing “Kakawin Arjuna Wiwaha”, Raden Arjuna milih nindakake laku ‘darma’

Saka crita ing serat “Kakawin Arjuna Wiwaha” iki bisa dijupuk dudutan, mungguh:

a. Ancas lan tujuwan uripe ma­nungsa yaiku kanggo ngranggeh “ka­sam­purnan” lan “kamukswan” .

b. Dumadine maneka warna dalan (cara) kanggo tumuju marang ancas ka­sebut.

c. Manawa manungsa iku kaya Ra­den Arjuna anggone nindakake kewa­jibane kanthi tumemen, pungkasane ‘ka­sampurnan’ iku bakal bisa kagayuh.

d. Mungguh ngudi kasampurnan iku ora bisa ucul saka rahmating Pangeran.

e. Sesambungan lan panembahe ma­nungsa marang Pangeran kudu dilek­sanani kanthi laku lair lan laku batin.

 

2. Kaserat ing “Serat Dewaruci”.

Lakon wayang Dewaruci iku ngandharake lelakone Raden Werkudara (Bima) kang ngupadi banyu suci Tirta Pawitra kang isi piwulang bab konsepsi hakekate manungsa lan Gusti Allah sarta ajaran budi pakerti tumraping manungsa kang bakal tumuju ing alam kasampurnan (Manunggaling Kawula Gusti).

Ing “Serat Dewaruci” ngemot kandhutan filosofis, yaiku bab:

a. Konsepsi manungsa lan hakekate. Ing Serat Dewaruci kababar yen manungsa iku asale saka Pangeran Kang Murbeng Dumadi lan bakal bali maneh ing Ngarsa Dalem Gusti Allah Kang Maha Agung.

b. Konsepsi Gusti Allah lan hakekate. Hakekat Dalem Gusti Allah iku digambarake kanthi pangalembana kang rinonce ing tembung ‘tan kena kinaya ngapa’.

c. Patang tataran kanggo tumuju marang “Manungsa Kang Sampurna”. Ing “Serat Dewaruci”, paraga Raden Werkudara (Bima) sajroning lumaku tumuju marang “Manungsa Kang Sampurna”, kaperang dadi patang tataran yaiku: syariat, tarekat, hakikat lan makrifat. Dene ing falsafah Jawa patang tataran iku disebut minangka laku raga, laku budi, laku manah, lan laku rasa.

Ing renungan bab Filsafat Dewaruci   Dr Abdullah Ciptaprawira (filosof) ngandharake, mungguh filsafat kang ana ing Serat Dewaruci iku mujudake Filsafat Mistika (Mystical Philosophy) kang ditemu ora kanthi liwat penalaran kang rasional, nanging liwat penghayatan batin (inner experience) kanthi laku samadi (meditation). Ing kahanan alam kesadharan samadi, manungsa bakal nemokake kawruh (ngelmu) bab penghayatan (experiental knowledge). Ngelmu kasebut kababar ing crita pepindhan bab lelakone Raden Werkudara nalika ngluru banyu panguripan.

Raden Werkudara munggah gunung lan ambyur ing samodra, saengga ketemu Dewaruci kang banjur rumangsuk ing anggane Raden Werkudara. Pungkasane Raden Werkudara weruh marang wujude golekan gadhing. Kabeh mau kanggo nggambarake yen “aku” (ego) iku bisa ngawekani “kesadharanku” (ego consciousness) kanggo lumebu ing “alam tan sadhar” (the self) lan bisa nemokake ngelmu kanthi weruh marang hakikat panguripan kang minangka “golek kencana”.

Ginambar ing proses transedental lan transedensi, saka “kesadharan ego” (panca indrawi) tumuju mring “kesadharan pribadi” lan pungkasane bisa ngranggeh “kesadharan Ilahi” utawa “alam semesta” (devine of cosmis concionusness). Kabeh proses kasebut dadi ‘kawruh penghayatan’ (experiental knowledge) ing Antropologi lan Epistemologi Mistika. Mungguh candra jiwane manungsa (human image) iku ora mung mandheg ing “aku” bae, nanging bisa ngalami tranformasi saka “aku” tumuju, mring “Pribadi” lan marang “Kang Langgeng”. Dene kawruh Langgeng (Mutlak) iku tinemokake kanthi “manunggale Subyek lan Obyek” (Union old Subject).

 

Sistim pewarisan makna crita wayang kanggo apa lan kanggo sapa?

Ing ngarep wis kababar babagan Seni Widya ing pagelaran wayang purwa sawengi natas kang nggambarake marang laku jantraning manungsa urip ing alam donya, sarta babagan filosofi kang ana ing suwalike crita wayang kasebut. Nanging sing dadi pitakonan, apa kanthi mekar lan mingsede fungsi seni ing pagelaran wayang purwa iku apa isih bisa gathuk (relevan) antarane para penonton wayang karo rasa kebatinan (penghayatan) kang dumadi ing crita wayang kasebut?

Utawa bisa disebutake, manawa dumadine lakon wayang kang sacara umum wis mingset adoh saka pakem wayang kang kudune dipepundhi iku, jalaran nuhoni marang pesenan lan panjalukan saka para pamirsane? Satemah makna kang kinandhut ing filosofis wayang uga banjur mingset dadi makna politis? Babagan iki perlu disatitekake kanthi tumemen, paling ora ing babagan fungsi pelestarian lan fungsi pangrembakane wayang.

Ing sawenehing perkara, wayang kudu bisa dipepetri lan dilestarekake supaya ora ilang bab kandhutan filosofis lan ajaran moral kang dumunung ing crita wayang kasebut. Nanging ing sawenehing perkara liyane, wayang uga kudu bisa tetep dikupiya supaya bisa ngrembaka kanthi becik lan laras karo tuntutan jaman, saengga wayang ora ditinggal dening para penontone.

Ing kahanan iki, mbokmanawa teori marketing bisa ditrapake. Teori kasebut mratelakake, mungguh pagelaran wayang purwa iku aja kebangeten minangka “product oriented” bae temahan ora payu didol. Nanging suwalike, pagelaran wayang uga aja nganti kebablasen ing babagan “market oriented” temahan wayang bisa kelangan jati dhirine. Wasana sumangga. (Cuthel)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus