Beda Generasi Beda Karakter (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 12 kali

Cerkak ‘Simbah Ora Sida Gerah’ sing tak tulis sawetara taun kepungkur nyritakake paraga kanthi sesebutan Eyang Putri sing duwe anak telu. Sing siji nunggu Eyang Putri ing daleme dene sing lara urip ing kutha liya; Kedadak wae Eyang Putri nandhang gerah; Nalika iku Eyang Putri mundhut supaya anak-anak lan putu-putune mlumpuk kabeh ana daleme simbah saperlu nunggoni gerahe. Amarga panjaluke wong sepuh lan njaga aja nganti padha kuciwa yen ora bisa nunggu gerahe simbah, kabeh anak lan putu padha mlumpuk ana daleme simbah. Kocapa lagi sedina rong dina ana daleme simbah, Eyang Putri priksa polah tingkahe anak putu sing ora gawe karenan penggalihe.

Eyang Putri rumangsa ora entuk ka­wigaten jalaran anak putu kabeh padha uthak­uthik dolanan HP-ne dhewe-dhewe. Saben-saben malah keprungu suwara bel utawa nadha dhering sing agawe kagete Eyang Putri. Anak lan putune Eyang Putri secara fisik pancen padha mlumpuk ana omah kono, na­nging padha ora kober pirembugan uta­wa guyonan kaya sing dikersakne simbah. Kabeh malah ketungkul anggone SMS-an lan WA-nan dhewe­-dhewe. Priksa kahanan kaya kuwi Eyang Putri duka lan nundhung anak putune supaya padha mulih ana kuthane dhewe-dhewe. Sanalika simbah langsung bali sehat, ora sida gerah.

Cerkak iki kayadene dadi pasemon jaman. Jaman pancen wis ngalami owah­owahan sing drastis mula karakter paraga Eyang Putri, putra-putrane, lan uga wayahe Eyang Putri wis beda-beda. Ing cerkak iki ana generasi telu kang duwe karakter khas sing mbedakake karo generasi siji lan liyane yaiku Eyang Putri, putra-putrane Eyang, lan wayahe Eyang Putri. Paraga telung jaman iki jebul mujudake wakil generasi cacah telu sing urip ing jaman sing beda mula banjur duwe perilaku, pakulinan, lan sifat kang uga beda. Beda­bedane generasi kang disebabake dening jaman kang beda bisa wae nyebabake jurang generasi (generation gap).

Miturut William Strauss & Neil Howe, sejarawan kang naliti sejarah Amerika, generasi kang saiki isih urip dumadi saka generasi baby boomers (lair ing 1943-1960), Generasi X (1961-1981), Gene­rasi Y (Generasi Milenial) (1982-2004), Generasi Z (2005-saiki). Tinemu pinemu kang rada beda mungguh taun-taun kang kanggo nemtokake periodisasi ge­nerasi kuwi, nanging mung selisih undha usuk mula teori iki bisa dienggo pedho­man. Umpamane ana sing nyebutake yen baby Boomers iku lair wiwit 1946 tekan 1964. Saweneh teori malah ana sing nyebutake jumedhule generasi anyar sing diarani Generasi Alpha (bocah sing lair wiwit 2011-2025). Ngugemi teori iku, Eyang Putri ing cerkakmu mau klebu generasi Baby Boomer, anak-anake Eyang Putri klebu Generasi X, dene putu-putune Eyang Putri wis klebu Generasi Y (Generasi Milenial). Saben generasi duwe pengalaman urip, perilaku, pa­kulinan, lan karakter sing beda-beda.

 

Generasi Baby Boomers.

Generasi paling sepuh sing saiki isih padha sugeng kayadene paraga Eyang Putri ing cerkak iki disebut Baby Booomer. Apa sebabe kelompok iki diarani ‘Baby Boomers’? Disebut Baby Boomer jalaran generasi iki klebu golongan kang ngakeh-akehi anak. Wis lumrah jamane Eyang Putri rata-rata kulawarga duwe anak akeh. Duwe anak lima wae dianggep isih sethithik; Akeh kulawarga sing duwe anak pitu, sanga, sewelas, sapiturute. Amarga efek sapurnane saka Perang Dunia II lan durung ana program KB mula pasangan kulawarga rata-rata padha pengin duwe anak akeh. Sem­boyane akeh anak akeh rejekine.

Teknologi sing ana ing jamane generasi Baby Boomers iki yaiku radio, TV hitam putih, lan telpon omah. Manut critane wong tuwaku, biyen isih arang banget wong duwe radio. Bapakku kebeneran kagungan radhio, mula angger ana siaran wayang kulit Ki Narto Sabdo, tangga teparo padha mlumpuk ana omahe wong tuwaku kuwi. Sewengi natas padha miyarsakake siaran page­laran wayang kulit sedalu natas. Televisi hitam putih uga isih arang­-arang ana ing desa-desa. Telpon klebu barang mewah mula mung pejabat negara lan wong­wong sugih wae sing bisa nggunakake telpon; Sepur lan pit onthel sing ukuran gedhe-gedhe jinise Gazele lan Hercules klebu fasilitas trasnsportasi mirunggan. Tumrap Muslim sing arep tindak haji mesthi numpak kapal lan ngliwati Aceh, mula saka kuwi Aceh diarani serambi Mekah awit angger wis tekan Aceh padha karo tekan serambi utawa emperane Mekah. Kantor pos isih nduweni peran sing penting kanggo nglantarake surat lan wesel. Nonton TV lan maca koran klebu barang mewah, mula nalika ana fasilitas TV lan koran generasi iki seneng banget ngematake acar TV lan maca Koran, majalah cithakan, novel-novel karya SH Mintarja, Asmaraman S Koo Ping Ho, lsp.

Generasi Baby Boomers iki ngugemi falsafah urip kanggo makarya (ora makarya kanggo urip), mula generasi jaman biyen racake padha sregep nyambut gawe malah ana sing kedanan kerja (workaholics). Dhuwit lan pengakuan saka kiwa tengen dadi target urip. Motif kepe­ngin sukses diwujud­ake kanthi nglumpuk­ake dhuwit lan bandha karana nyambut gawe kang temenen. Lo­yalitas lan dedikasi minangka kunci. Ge­nerasi Baby Boomers kurang seneng nampa kritik lan pirembugan migunakake telpon utawa nampa pesen lewat surel. Para se­puh iki luweh seneng pirembugan langsung (face to face).

 

Generasi X (lair wiwit 1961-1981).

Generasi putrane Eyang Putri ing cerkak sing dak gawe iku disebut Gene­rasi X (Gen-X). Ana sing nyebut Generasi X iki kawiwitan saka 1965-1980. Gene­rasi X iki disebut ‘angkatan peralihan’ saka generasi lawas tumuju Generasi Milenial. Kelompok pawongan sing klebu Gen-X iki beja jalaran ngalami jamane dolanan umpetan, dakon, jelungan, engklek sebangsane, lan uga ngrasakake jamane dolanan Packman, Pokemon, Game Online, sateruse. Gen-X ngrasak­ake piye urip jaman lawas nalika durung ana internet lan medsos nganti saiki isih ngrasakake fasilitas internet & medsos.

Gen-X ngrasakake panguripan jaman lawas sing sarwa prasaja. Jaman cilik­ane penulis nalika ana giyaran tinju Mohammad Ali ana TV sekolahan SD prei jalaran muride kabeh padha ning­galake sekolah mlaku bareng-bareng ana papane wong sing duwe TV hitam putih sing adohe ana 3 km saka seko­lahan. Sawise ing desaku ana TV siji loro mula nonton TV ora perlu mlaku adoh. Wektu semana acara TV favorit yaiku Kethoprak Mataram TVRI Yogyakarta lan TVRI Surabaya. Angger ana kethoprak iki warga sa-RW mlumpuk ing pendha­pane sing kagungan TV kuwi saperlu padha nonton kethoprak. TVRI Surabaya asring nggiyarake Aneka Ria Srimulat. Acara favorite bocah-bocah yaiku Film Cerita Minggu Siang sing nyuguhake film ‘Land of Giant’ yaiku film sing nyritakake penjelajahan ruang angkasa mlebu ing saweneh planet sing isine wong-wong kang ukuran awake luwih gedhe (giant). Kebeneran Penulis bisa ngoleksi film-film kuwi lewat ngundhuh ing Youtube.

Siaran radio klebu medhia sing mu­rah lan nyenengake. Taun 80-an acara Kethoprak Mataram Kodam Tujuh Dipo­negoro klebu acara klangenan kanthi bintang Widayat lan Marsidah lan Dage­lan Basiyo. Kethoprak Siswa Budaya Tu­lungagung, Kethoprak Among Mitra Brebah uga dadi selingan. Ing radio ja­man kuwi ana siaran sandiwara Radio Brahma Kumbara ing negara Madhang­kara kanthi Ajian Serat Jiwa; Cerita Mak Lampir saka Pereng Merapi, lan Cerita Bendhe Mataram klebu acara-acara favorit ing radhio. Tape recorder isih dadi pilihan kanggo ngrungokne gendhing-gendhing Jawa, keroncong, kethoprak, lan uga wayang kulit. Kaset gendhing-gendhing Jawa prodhuksi Lokananta lan CV Fajar akeh tinemu ing toko-toko kaset.

Ing donyane transporstasi Gen-X wis wiwit ngrasakake motor bebek 75 sing klebu nengsemake wektu semono. Pit onthel sing dadi tumpakane wong akeh yaiku pit jengki merk Phoenix sebang­sane. Bocah-bocah sekolah angkatan 80-an ngrasakake mangkat mulih sekolah numpak pit jengki gemrudug ngebaki sedawane dalan, Kantor pos lan telpon umum wektu semana isih klebu fasilitas penting.

Karana kemajuan jaman Gen-X nga­lami jaman owah-owahan peradaban amarga wiwit anane internet. Manut cathetan whois ARIN lan APNIC, protocol in­ternet (IP) kang sepi­san ing Indonesia di­daftarake dening Universitas Indonesia (UI) nalika 24 Juni 1988. Internet lan komputer terus nyebar kawi­witan ing 1992. Wiwit 1994 Indonet nyedhi­yakake jasa penyedia internet komersial sing sepisanan. Gen-X banjur ngenal apa kuwi internet mula tumeka jamane wong-wong melek teknologi informasi mula ngi­rim­ake warta lan do­ku­men lewat email utawa surel. Ko­munikasi jarak jauh uga ganti cara; sing sekawit nganggo telpon omah banjur nggunakake telpon genggam. Kirim warta ringkes lewat SMS (Short Message Service) lan obrolan (chatting) uga banjur ditindakake Gen-X iki. Koran, majalah, tabloid isih padha diwaca nan­ging luwih asring golek informasi lewat blog, website, lan portal ing internet. Donyane hiburan uga ngalami owah-owahan saka tape recorder dan VCR (Video Cassette Recorder) ganti dadi MP-3, MP-4, Youtube. TV wis padha di­ting­­galake mula banjur ganti video streaming. Amarga Gen-X iki ngalami jaman owah-owahan saka jaman lawas tumuju jaman digital Gen-X asring dise­but minangka Digital Immigrant utawa Digital kang neneka. (Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus