Mulih …
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 34 kali

Mulih…! Sawijining tembung kang ngemu makna seneng, gembira, bagya. Coba kita rasakake. Sedina dheg nyekluk ing papan penggaweyan, embuh ing kantor, pabrik, toko, proyek, lan sapa­nung­galane. Menawa wis tekan titi mang­sane rampung nyambut gawe, ati iki mesthi seneng. Bakal mulih menyang omah, ketemu anak-bojo, sedulur, lan liya-liyane.

Apamaneh yen kita (sing dudu tent­ara) mbayangake tentara kang entuk tugas ing papan kang adoh pisan karo keluarga. Rampung tugas, mulih me­nyang omah, kumpul maneh karo bojo lan anak sing banget ditresnani. Ora ana rasa liya kejaba rasa gembira lan bagya kang tanpa upama.

Mula ora aneh yen uwong bebara, kerja ing kutha gedhe, saben dina Riyaya Lebaran mesthi merlokake mulih me­nyang kampung/desa asale saperlu tilik utawa silaturrahmi karo wong tuwane, sedulur, lan mitra-mitrane. Senajan sing jenenge mudhik mono mesthi direnggani “perjuangan” kang ora entheng. Puluhan jam numpak kendaraan, rodha papat apadene rodho loro. Wis ngono ing ndalan isih kepagol macet, ewasemono kabeh mau ora dianggep rekasa utawa susah. Anane mung seneng, gembira, bagya, bisa mulih desa, tilik sanak kadang lan kanca-mitra.

Padha-padha mulih, ana “mulih” liyane sing maknane luwih jero, yaiku … mulih menyang pangayunaning Gusti Kang Maha Agung. Pancen, ora diselaki, “mulih” sing siji iki ana nuansa sedih, dhuh kita. Sapa wonge ora sungkawa menawa tinilar salawase uwong sing banget ditresnani. Apa maneh menawa prosesing tilar donya mau dumadi kanthi dadakan, yuswane isih mudha. Dadi cagaking kulawarga.

Swasana bakal beda menawa sing “mulih” utawa sing tilar donya mau uwong sing wis sepuh. Sepuh peng­galihe, meneb ilmune, cukup sangune. Pana marang sangkan paraning dumadi. Nglenggana menawa urip ing alam donya iki pindhane mung mampir ngom­be, pawongan kaya kasebut bisa diunekake: uwong sing wis “rampung”. Wis rampung ang­gone nindakake pa­karyan lan tugas-tugase ing donya. Minangka wong tuwa wis kasil nyekolahake anak-anake sak dhuwur-dhuwure. Satemah ilmu mau bisa kanggo pawitan golek pangupajiwa, ora mung kuwi mi­nangka wong tuwa wis rampung nindak­ake darmaning wong tuwa yaiku nikahake anak-anake.

Durung suwe iki aku nampa kabar lelayu, salah sawijining kanca raketku sebut wae asmane Pak Untung. Yuswane limang taun luwih sepuh katimbang aku, senajan wis lansia Pak Untung isih sregep nindakake manika kegiatan. Ka­yata kegiatan keagamaan, seni budaya Jawa, apadene sosial kemasyarakatan dilakoni kanthi tulus eklas lan gem­biraning manah.

Wis ngono saploke pensiun minangka Guru SMP piyambake mlebu dadi Abdi Dalem Kraton Ngayogyakarta Hadining­rat. Mula ora aneh yen ing wektu pen­siun, ora duwe tugas baku, piyambake isih sibuk mrana-mrene. Wektu luwange dipigunakake temanan kanggo kegiatan positif ing yuswa sepuhe.

Manut pambijiku Pak Untung mono klebu salah sijining pawongan kang “wis rampung” rampung anggone ngayahi tugas-tugas minangka wong urip ing donya. Putra-putrine wis mentas kabeh, wis cekel gawe lan pinaringan momongan. Tenaga lan pikirane kang isih “tersisa” dimanfaatake kanggo kepentingane wong akeh.

Nalika aku arep mangkat layat, aku wis mbayangake sing layat mengko akehe mesti ora mekakat. Jer Pak Untung mono jembar srawunge, akeh relasine. Temenan, tekan daleme Pak Untung senajan durung akeh para takjiyah sing rawuh, kursi sepirang-pirang wis tinata tharik-tharik ing plataran. Nganti lumuber ing pinggir dalan ngarep omah.

Ing swasana kaya mengkono kaya-kaya ora ana swasana dhuhkita, sena-jan nalika les-e uga dumadi tetangi-        san. Sawise iku swasana bali tenang, jer sing ninggal lan sing ditinggal wis padha ekhlase. Boket utawa karangan bunga teka mbaka siji saka sadhengah pihak, ukurane gedhe-gedhe. Nelakake sepira tresna lan kawigatene marang almarhum, mrangguli kahanan mau senajan atiku uga sedhih ditinggal kanca raket ewasemono uga ana rasa bagya. Pak Untung tilar donya kanthi ninggal jeneng kang arum, nalika pamit mulih, marang sisihan lan putra-putrane aku salaman karo kandha: “Kula ndherek bela sungkawa nanging ugi ndherek bagya…”

Mungguhing pawongan sing wis meneb, sing wis nyecep jero kawruh agama sing diyakini, tilar donya utawa mulih menyang pengayuhaning Pange­ran, dudu mujudake musibah utawa kasangsaran. Nanging dimaknani mi­nangka kabagyan lan kamulyan, senajan sungkawa nanging ana nuansa gembira. Coba, selagine mulih ing omah reyot, nek udan kana-kene bocor gen­dhenge wae ati iki rasane bungah, bagya, gembira. Lha iki mulih ing Kratone Gusti Kang Maha Agung…! Sapa sing ora baya lan mulya?!

Ana pawongan waskitha, darbe intuisi kang dhuwur, kaya-kaya wis krasa yen ora suwe maneh Gusti bakal nimbali. Banjur kabeh putra-wayah-buyut didha­wuhi kumpul. Ing wektu ora suwe pra­nyata pawongan kasebut kanthi ekhlas, tentrem, tenang sowan Gusti-ne. sadu­runge wis weling akeh-akeh amrih ing dina “saat-e”, anak putu ora perlu udan tangis kedawa-dawa. Kanggo nelakake rasa bagya lan mulya, malah ana sing weling diputerake gendhing-gendhing Jawa ing wektu ngenteni jam pema­kamane.

Kancaku sawijining Ibu kang uga penulis, sawetara taun kepungkur tilar donya sawise sawetara wektu suwene nandhang gerah kanker payudara. Sawetara wektu sadurunge tinimbalan kancaku mau wis weling marang ke­luargane amrih mengko yen wis tekan titi wancine, kabeh padha ngekhlasake tindake sowan Gusti. Aja disedhihi leluwihan, sing samadya wae. Piyambake uga pesen amrih ingdina pemakamane mengko, diputerake gendhing-gendhing Jawa kang pancen banget dadi kare­manane. Pamundhutan mau dipinang­kani, mula nalika semana swasana dhuhkita kasilep dening swasana bagya lan mulya. Bagya karana almarhumah wis lepas saka sesanggan abote. Wis sowan, manunggal karo Gustine…

Keponakanku wadon duwe bojo wong Batak, dheweke nate crita ngenani “kematian” ing kalangan suku Batak. Mungguhing suku Batak, “kematian” mono dimaknani minangka prastawa kang ngemu kabungahan. Mula ora aneh yen ing prastawa “kematian”, keluarga sing tinilar biasane ngadani pesta sa­jroning sesasi.

Mulih … pancen sawijining kegiatan kang gawe seneng. Ati iki rinasa bungah. Bakal kepethuk uwong-uwong sing ditresnani. Embuh bapak-ibune, sedulur-sedulure, apadene anak-bojo. Lha yen mulih… menyang pangayuhaning pa­ngeran, wis samesthine yen kita ngra­sakake kabagyan lan kamulyan kang tan­pa wangenan. Wusana sumangga. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!