Kareben Sregep Adus ?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 103 kali

Kareben Sregep Adus ?

 

ING babagan ngadho manten, uwong saiki mesthi milih sing praktis, yaiku arupa dhuwit diwadhahi amplop. Anggone nggawa gampang, dilebokake sak klambi utawa tas, beres.

Ewasemono uga isih ana uwong ngadho manten arupa barang. Sing kaya mengkono, biyasane antarane sing ngadho karo sing dikadho wis tepung apik. Ana sesambungan ati kang rumaket, istingarah kadho mau bisa dadi kenang-kenangan kang ora gampang dilalekake.

Durung suwe iki keponakanku dadi manten. Ana sawijining kadho barang kang rada nyleneh. Kadho mau arupa saprangkat alat adus, dibungkus rapi dadi siji neng kardhus rada gedhe. Isine andhuk gedhe rong iji lan andhuk cilik sakacu kanggo nggosok awak nalika adus cacah rong iji. Kejaba kuwi uga sabun adus rong iji, odhol, sikat untu rong iji lan sandhal japit rong pasang.

“Oh  saka Mas Aan, kancaku” ujare keponakanku karo ngguyu nyekakak sawise maca kartu nama kang tumemplek ing kardhus.

Mas Aan mono kanca rakete keponakanku kawit cilik. Kanthi mangkono dheweke pana banget marang “sejarah masa lalune” keponakanku. Dhek cilik biyen keponakanku kawentar minangka bocah kang ora tau adus.

Di dhawuhi adus wong tuwane mesthi semaya, mengko-mengko golek alesan werna-werna. Yen nganti lali, kadhang sok ora adus. Lagi semrinthil gelem adus menawa dijanjeni arep ditukokake bakso utawa panganan sing disenengi.

“Bajindhul, Mas Aan mbukak wadiku. Nanging duren-duren, roti-roti. Biyen-biyen, saiki-saiki. Saiki yen aku ora adus teneh dislenthiki Kanjeng Mami,”  ujare keponakanku karo  nglirik bojone.

 

FX. Subroto-Yogyakarta



Ngrabi Kewan

 

Dasamuka iku ratu sekti ing negara Ngalengka sing duwe bojo kewan. Nalika ngoyak-oyak Bathari  Widawati arep dipek bojo, Dasamuka kepeksa ngrabi kewan. Nalika Bathari Widawati singidan kanthi angslup ing anggane kebo, kebone tetep dirabi Dasamuka. Metu anak arupa manungsa asirah kebo, diwenehi tenger Ditya Mahesasura.

Widawati ganti  angslup menyang jaran lan sapi tetep dioyak, saengga metu bayi lanang kanthi sirah sapi, arane Jathasura lan Lembusura. Angslup marang yuyu meksa diuber, wekasan dadi anak wujud yuyu raseksa kang diwenehi jeneng Yuyurumpung.

Kejaba Dasamuka, Wrekudara uga duwe bojo kewan lan buta. Ngrabi sato arupa naga sesilih Nagagini. Duwe anak peparab Raden Antareja. Mbojo raseksi metu anak lanang lan dijenengake Raden Gathutkaca. Durung trima, banjur ngrabi urang. Duwe putra lanang kajenengake Raden Antasewa. Iki mono crita wayang, dudu critane  manungsa.

 

Tri Wahyono-Godean, Sleman

 

 

Jangan Amben Lawuh Sepatu

 

Taun 1960 sing diarani SMA Negeri kuwi sa-karesidenan mung ana siji. Anane mung ing kutha Kediri. Mula muride neka saka Tulungagung, Trenggalek, Nganjuk lan Blitar. Ing Kediri, murid-murid saka luwar dhaerah mau padha kos ana sakiwa tengene sekolahan.

Saben esuk, sakdurunge mlebu kelas, biyasane pada cangkrukan ana plataran ngisor wit cemara. Yen ora ngrembug bab wulangan, ya ngrembug cewek Kediri sing pancen ayu-ayu. Merga isih ana keturunane Dewi Sekartaji jarene. Ning sing paling asyik yen  ngrembug prekara kos-kosan.

Pinuju cangkrukan esuk, aku pitakon karo Suyoto, bocah saka Trenggalek, “Yot, kepriye critane ana pondhokanmu? Katone awakmu benthung, mesthi mangane kopen.”

“Biyuh, panggonanku kuwi lawuhane jian mboseni tenan. Saben dina dimasakake jangan amben, lawuhe sambel goreng sepatu. Upama diklumpukake, saiki wis bisa dadi amben lima lan lawuhe bisa dadi sepatu sekodhi!” wangsulane.

“Lho kok bisa mengkono kuwi kepriye nalare?”

“Lha piye le ora, jangane wae bung sing bisa dadi pring. Dene lawuhe sambel goreng cecek, yaiku kulit sapi sing sadurunge dimasak dikum banyu enjet kareben empuk. Sampeyan kabeh nyandhak apa ora karo critaku iki?”

Krungu critane Suyoto  kabeh  ngguyu ger-geran. Bocah Trenggalek siji iki pancen baut nglucu. Apa tumon, mangan kok nganggo jangan amben lan lawuh sepatu.

 

Suwarno Tjitrowihardjo-Kediri




 

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus