Respati Lair (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 126 kali

Sawuse Dewi Srihatni ndhahar pelem Pretangga Jiwa, sanalika krasa nedya babaran. Padharanora kepenak.

“Sinuwun Kandhihawan, sasampunipun kula ndhahar pelem Pretangga Jiwa, teka

raosing padaran benten kados ingkang sampun. Punapa punika pratandha ingkang putra badhe ningali padhanging  hawa?” 

“Yayi Dewi Srihatni, mbokmenawa wus titi wancine putraningsun miyos menyang alam padhang. Bapa Begawan, kados pundi menggah kawontenan ingkang kados mekaten punika, Bapa?”

“Saka petung lan pangiraku, ora beda kalawan kandhamu iku mau, bisa uga  ponang jabang bayi bakal mijil. Karana panyidhame garwamu wis keturutan, yaiku dhahar pelem Pretangga Jiwa, kang iku dadi sarana laire ponang jabang bayi. Mula  Anak Prabu, dhawuhna marang para inya, cethi lan emban amrih sabiyantu anggone babaran garwamu Dewi Srihatni. Mara dhawuhna manjing ing sasana kang prayoga, pun bapa melu ndedonga supaya laire ponang jabang bayi tinebihna saka sambekala.”

“Inggih, Bapa. Ayo Yayi Dewi sun kanthi manjing ana palereman. Heh bocah emban, undangna para inya lan cethi supaya sabiyantu garwaku anggone bakal babaran.”

“Sendika, Sinuwun.”

Kocap, tekaning titi wanci, karana wus dadi kersane jawata, wus pinesthi ponang jabang bayi mijil saka guwa garbaning ibu. Awit saka pambiyantune nyai dhukun lan para inya cethi, sakala brol, bayi mijil kakung pekik warnane, bagus pasuryane. Bayi iku ingupakara dening nyai dhukun, dibiyantu dening para inya lan cethi. Kang babaran uga ingupakara kanthi becik kanggo njaga kasarasan ragane anggone mentas toh pati nglairake ponang jabang bayi.

Sawuse jabang bayi katon kopen, Prabu Kandhihawan sigra matur marang Begawan Andha kanthi rasa gumbira kang tanpa kinira.

“Dhuh Bapa Begawan, punika ingkang wayah sampun miyos mijil kakung.”

“We hla, begja kemayangan putuku lair kanthi widada nir ing sambekala. Ya iku kang kudu dikantheni rasa suka parisuka, atur panuwun marang kamurahane Gusti dene bisa antuk momongan kang sigit.”

“Ulun uga melu mangayubagya marang laire  putramu iku Anak Prabu Kandhihawan,” pangandikane Bathara Gana.

“Inggih Paman Bathara Gana, inggih saking kesaenan paduka Paman Bathara, ingkang putra ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Bapa Begawan saha Paman Bathara Gana, mugi pun sekseni, bilih  jabang bayi punika kula paringi pusaka asma Raden Respati.”

“Hm, asma kang becik. Hiya Anak Prabu pun bapa nekseni, asma iku jumbuh kalawan pasuryane anggone sigit sarta pekik warnane. Pun bapa paring pangestu marang wayahku iku, ing tembe bisowa dadi jalma kang linuwih, migunani tumrap bebrayan agung.”

Sawuse ponang jabang bayi kaparingan asma, kahanan lerem sawetara. Dumadakan…………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik