Arwahe Pak Yo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 99 kali

Apa kang arep dakcritakake iki minangka pengalamanku pribadi nalika isih se­ko­lah. Kedadeyane udakara taun 1986, ngepasi iku aku ngangsu kawruh ing Sekolah Farming Menengah Atas Baja. Omahku Semarang, dene sekolahanku ing Desa Meteseh Baja kang jarake cukup adoh, watara 28 Km. Mulane dening bapak lan ibu aku dikosake, pamrihe ben cedhak sekolahan saengga bisa sinau kanthi jenak. Aku kos ing daleme Mbah M, ku-rang luwih satus meter jarake karo sekolahanku.

Sing ngekos bocah lima la-nang kabeh. Kejaba aku uga Yudi saka Gunung Pati, Saryo-no lan Syafii saka Limpung, Batang, lan Patrisius Monem-nasi, bocah asli Dili, Timor Timur kang wektu iku isih mlebu wilayah Indonesia. Daleme Mbah M pancen mligi kanggo kos bocah lanang. Kamare ana loro, ing ruwang tengah lan sisih tengene ruwang tamu. Aku, Saryono karo Patris (undang-undangane Patrisius) manggon ana ing kamar ngarep. Kasure amba, cukup dituroni bocah telu. Ana meja rada gedhe kanggo  sinau. Sok-sok uga kanggo mangan. Ngarep kamar ana singgetan kaca bening, udakara ukuran loro mungsuh sameter, ngadhep menyang teras.

Wektu  semana durung ana listrik. Penerangane nganggo lampu petromaks. Ngono wae ora kabeh omah duwe lampu petromaks. Yen wis wengi lampune dipateni, banjur diganti lampu teplok utawa senthir. Saben wanci Maghrib Mbah M kakung ngurupake petromaks lan dicanthelake  ruwang tamu. Dene kamar lan pawon dipadhangi nganggo lampu teplok. Ku-linane sawise bocah-bocah rampung  sinau lan mangan, kabeh banjur nglumpuk jagongan karo Mbah M ka-kung  putri ing ruwang tamu. Kabeh mirengake dongenge Mbah M. Aku pa-ling seneng yen dicritani bab bangsane lelembut. Yen critane Mbah M bab lelembut wis rampung, bocah-bocah gegancangan mlebu kamare nuli mancal kemul.

Wancine isih kepara esuk nalika ing mburi kosanku keprungu rame-rame. Aku sakanca kepeksa padha tangi merga kebribenan rame-rame mau. Aku banjur nggoleki Mbah M putri saperlu miterang ana kedadeyan apa isih esuk umun-umun kok wis opyak.

“Wonten kedadosan napa Mbah wingking griya kok rame sanget,” pitakonku marang Mbah M putri sing pinuju olah-olah.

“Pak Yo kendhat ing wit rambutan mburi omahe. Jisime isih gemandhul, ora ana sing wani nguthik-uthik. Nunggu tekane pulisi.”

“Lho,  napa jalarane kok Pak Yo nganyut tuwuh?” aku kaget.

“Sajake wis ora kuwat nandhang lelara kang mataun-taun ora waras,” ngendikane Mbah M putri.

 Kadidene tangga, aku wis tepung karo Pak Yo. Kepara malah asring ketemu, sebab uger budhal sekolah, aku sakanca mesthi liwat ngarep omahe. Pawakane Pak Yo lemu cendhek. Wonge uga kerep metu, melu jandhuman ing lincak ngarep omahe. Nanging Pak Yo pancen ora akeh guneme, sajak ana prakara sing lagi ngganjel pikirane.

Sawise pulisi teka, jisime Pak Yo sing gumantung iku lagi…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus