Lodan saka Segara Kidul (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 172 kali

Ombak sore pating jlegur ngantem karang-karang pesisir nalika mobile Darwanto tumapak Sunglon Sine. Mobil terus mecaki sa­urute lurung pinggir segara tumuju pa­kampungan nelayan. Sore ing gisik segara, sesawangan endah ngelam-ela­mi. Langite biru resik, kaya birune banyu samodra sing ngilak-ilak tanpa pagut. Pe­panthane men­dhung ngrempel lumaku lon-lonan mecaki bawerane gegana. Ma­nuk camar kekejer ing akasa. Angin su­milir ngobah-obahake blarak-blarak kla­pa. Prau-prau mancung ka­ton kumam­bang ing tengah segara, pra­une nelayan cilik sing kepeksa nempuh bebaya kang­go nyambung urip.

Ing sangisore bebarisane wit klapa, ing saselane nelayan-nelayan sing lagi men­thang jaringe, Darwanto mandheg.  Wong-wong sing lagi reresik jaring  le­ren olehe tandang gawe, nyawang mobil gres iku mandheg. Mujudake sesawa­ngan ora lum­rah dene ana mobil kinclong mlebu kam­pung nelayan. Darwanto lan Setyawan mudhun. Nyedhaki sawenehe nelayan sing nglesot ing wedhi pesisir,  ta­kon omahe Siswanda Janawidigna. Sing ditakoni pleng­gang-plenggong.

“Siswanda sinten nggih?” ucape.

“Mbokmenawa sing dikarepake Mase iki Mbah Sis kae lho,” nelayan sijine nyle­mong karo nyelehake piranti ngresiki ja­ring. “Griyane nika lho, Mas, wingking gu­muk ingkang ketingal saking ngriki ni­ka. Gampil menawi madosi, awit griyane radi kekiwa, tebih saking tanggi. Njene­ngan bablas mawon, nanging ingkang ngatos-atos, awit marginipun rumpil tur lunyu,” ujare karo tuding-tuding.

Sawise ngucapake panuwun, Dar­wan­to mbacutake laku. Bener ujare ne­layan mau, dalan tumuju omahe Sis­wanda rum­pil lan ciyut, mung sedheng kanggo sa­mobil. Ngono wae ngepres. Tujune Dar­wanto trampil olehe nyetir saengga ora kedrawasan mlesed menyang pereng­an cerung.  Sawise muteri bang­kekane gumuk, we­ka­sane mobil Mitsubishi Pa­jero Sport putih mulus menggok plataran sawiji­ne omah prasaja sing ma­dhep menyang samudra. Plata­rane amba, thinukulan wit-wit klapa. Saka plata­ran ing perenge punthuk kuwi lu­mahing segara ka­ton cetha, banyune biru lerap-lerap. Krasa edhum ing ati.

Siswanda pranyata pa­wongan sing wis umur. Pa­wakane kuru, dedege jang­kung. Rambut mublak putih, untune bogang. Ga­ritan-garitan umur wiwit ngebaki praupane, pipine rada kem­pong. Kulite ireng kepang­gang srengenge. Ewadene panyawange isih tajem mre­bawani. Sis­wan­da ke­dhep tesmak nyawang dha­yohe.

“Sinten nggih?” pitakone karo mas­pa­dakake tamune genti-genten.

“Kula Darwanto, Mbah,” Darwanto ndhi­­siki nepungake.

“Darwanto sapa?”

“Kula niki yogane Pak Margana. Riyin bapak kula ugi tiyang ngriki, wong sam­pun tepang kalih panjenengan napa.”

“Margana sapa ya, aku kok lali.”

“Rumiyin bapak kula niku karane Mar­gana Layur.”

Siswanda mlorok, “Toblas, dadi kowe kuwi anake………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben masalah kang muncul bisa gawe ajur utawa bisa ndadekake kuwat ...

Klik

DREAM SEREM

Ora sateruse bangunan utawa gedhong kang digawe menungsa bakal terus dipigu-nakake lan diramut. Akeh bangunan kang wusanane ditogake mangkrag ngono wae. Saengga jroning wektu tinamtu bali dijaluk dening alam. Kaya dream molen iki upamane. Sawise ora dipigunakake lan dianggurake ngono wae mula malih dadi ‘dream serem’ merga akeh dirambati tanduran ing kana kene. (d/ist)***

Pethilan

Pemerintah nyiapake dana kelurahan

Mesisan kampanye!

Mogok guru ing Mimika, Papua, tanpa solusi

Padha lali sajake, ora dadi pejabat yen tanpa guru

Jokowi: Bangun optimisme

Sing pesimis nyemplung segara ae