Nulung Kepenthung
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 173 kali

Krungu pratelane Dhik  Jiweng Markuni,  aku bungah. Sawetara wektu ke­pungkur priya umur patang puluh lima taun iku kandha jare ke­pengin dadi penulis Jawa. Pe­penginan luhur mau daksurung lan daksengkuyung. Sapa ngerti sesuk- sesuk Dhik Jiweng Mar­kuni kasil dadi penulis Jawa. Syukur bage kondhang ngem­peri Mas Sunarko “Sodrun” Bu­diman apadene Mbah Brintik.

“Aku pengin kaya sampeyan, Mas. Saben-saben entuk kiriman majalah pe-es gratis. Bubar kuwi entuk kiriman ha-er. Wis ngono dikenal wong akeh”, ngo­no ujare Dhik Jiweng nalika sanja neng pondhokku. Kanca sing dak­anggep kayadene adhiku dhewe iku pancen pandhemen berat majalah PS.

“Aku ora tidha- tidha, Dhik. Sakehing ilmuku bakal daksuntak nyang kowe. Senajan ilmuku ya mung dakangsu kanthi otodhidhak. Muga-muga pepengi­nanmu bisa mawujud. Embuh suk kapan”, wangsulanku nanggapi pratelane.

Ing ngarepe Dhik Jiweng aku blak kotang, kandha jujur, apa nyatane. Dadi penulis Jawa mono ora bisa sugih. Penga­silan saka nulis Jawa ora bisa dijagakake. Ora bisa kanggo nguripi kulawarga. Ana piweling saka para jamhur: “Aja urip gu­mantung sastra Jawa, nanging urip­uripen sastra Jawa”.

“Nanging menawa sliramu mantep tenan, aja mundur. Sinau terus, ajar terus, nyoba terus, aja gampang mutung, iku pa­witane. Lha yen dudu sliramu, sapa maneh sing bakal ngleluri sastra Jawa?!”, ujarku serius. “Aja cilik ati. Senajan ora sugih ban­dha, dadi penulis Jawa iku sugih kanca, sugih sedulur,” sambungku.

Dhik Jiweng ngerti dhewe, merga sawise dadi penulis Jawa, neng ngendi-endi aku duwe sedulur. Akeh pawongan, dudu sanak dudu kadang, padha ngajak seduluran. Senajan siji-loro uga ana sing durung nate kepethuk jekluk. Komunikasi lumantar telpun pranyata bisa ngruma­ketake ati.

Kaya “adhiku” Taat Pamuji kae. Sepisan wae durung nate kepethuk. Merga seneng maca tulisanku, banjur ngajak seduluran. Aku dijaluk amrih gelem dadi sedulur tu­wane. Dhik Taat Pamuji mono pawongan asli Purworejo, nanging wis puluhan taun dadi priyayi Batak, manggone ing Kabu­paten Serdang Bedagai, Sumatra Lor. Pa­ngajak mau daktampa kanthi gumbiraning ati. Jer seduluran mono mungguhing aku minangka bandha kaskaya kang ora bakal ilang. Bola-bali “adhiku” mau telpun, yen aku gelem dolan mrana arep diplesirake menyang Danau Toba.

“Ora mung kuwi, Dhik. Pak Anto Sar­mudhi, warga negara Suriname, wis kaping pindho rawuh ing omahku kene. Piyambake kenal aku ya mung merga kerep maca tulisanku kang diemot neng pe-es,” ngono critaku akeh-akeh.

Dhik Jiweng serius ngrungokake do­pokanku. Dheweke pana menawa dopok­anku mono dudu dopokan nggedebus, wa­ton muni. Ana bukti lan nyatane. Nggonku crita kaya mengkono ora kanthi tujuwan pamer. Mung kanggo “memotivasi” Dhik Jiweng. Dakanggo ngobong semangate amrih pepenginane dadi penulis Jawa ora mung anget-anget telek pitik utawa obong-obong blarak. Murub sedhela bubar iku mati pet.

Pengarep-arepku marang Dhik Jiweng gedhe banget. Saupama mbesuk dheweke kasil dadi penulis Jawa, aku dadi………………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus