Pusaka-Pusaka Kraton Ngayogyakarta
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 53 kali

Pusaka pusaka kagungane Kraton Ngayogyakarta kuwi pepak, tekan saiki tetep diagungake, saben sasi Sura pas ana dina Selasa Kliwon utawa Jemuwah Kliwon Kraton Ngayogyakarta ngadani siraman pusaka pusaka kasebut.

Siraman pusaka kang bisa dirawuhi umum tansah antuk kawigaten gedhe, pada akeh sing ngalap berkah. Siraman kreta sing bisa ditonton. Nanging siraman liyane ora pareng. Apa bae pusaka pusaka kagungane Kraton kuwi?

Jaman biyen pusaka pusaka kasebut ing saben garebeg Mulud taun Dal diwiyosake ndherek upacara rikala Sampeyandalem Ingang Sinuhun (SDIS) Kangjeng sultan Hamengkubuwono VIII miyos lan lenggah sinewaka ing Bangsal Manguntur Tinangkil ing komplek Siti Hinggil kadherekake dening para abdidalem Manggung estri kang ngampil Upacara Dalem lan para Abdidalem Keparak kang uga ngampil pusaka Ampilandalem, pusaka pusaka mau kajejer ing bangsal Witana sawingkinge Palenggahan dalem.

Dene cacahing pusaka kang nderek katur ing ngisor iki.

1. Kangjeng Kyai Ageng (sateruse dicekak : KgKyAg) Plered, pusaka baku kraton Ngayogyakarta kang aswujud tumbak, landheane dawa mula anduweni katiyasan kang ngedab edabi, kena kanggo ngrangsang mungsuh rada adoh. 2. KgKy Ageng Panharab–arab wujud wadung (parang) pinangka kanggo nigas janggane tumrap pesakitan kang nampa ukuman pati ditindakake dening Abdidalem Martalulut (algojo). 3. KgKyAg Kopek wujud keris sing diluhurake/dikeramatake minangka ageman Dalem ing pasamuan agung, jumenengan lan Garebegan. Mula nalika diadani jamasan pusaka ing sasi sura, Kg Ky Ag Kopek (bebarengan karo Kg.Ky.ag Plered) dijamasi dhisik dhewe dening Ngarsa Dalem piyambak papane ana Pagongan. Pagongan iku dhewe papane ing sisih iring kulone Bangsal Manis. Siramane pusaka pusaka, upamane dhek jamane Sri Sultan HB IX, Ngarsa Dalem nylirani piyambak lumakune jamasan banjur ditindakake dening putra pambajeng iya KGPH Mangkubumi minangka wakil

4. Kg. Ky Ag Gajah Endro wujud keris kanggo ageman yen pinuju cangkrrama bedag pikat sato wana, isih akeh tunggale kang awujud keris. 5. Kg. Ky. Ag Mrica awujud kendhil cilik kanggo ngliwet dhek jaman pagebluk utawa paceklik, larang pangan. 6. Kg Ky Ag Tunggulwulung, wujud klebet gendera (dwaja) rupa biru tuwa semu ireng awit asale saka sebitan kisfah (lurub) kakbah ing Mekkah Arab Saudi. Kg Ky Tunggulwulung iku dipercaya bisa kanggo nulak wabah penyakit, bencana alam kayata gunung njeblug, lindhu (gempa bumi), banjir, lemah longsor lsp sing arep nerak wilayah DIY “Kangjeng Kyai Tunggul Wulung menawa dikirab tumbale nyawa, minangka ijole kurban,” mangkono ngendikane GBPH Yudhaningrat kang ing daleme kagungan koleksi kreta tiron cacah 8 marang PS ing Yudhaningratan sauntara wektu kepungkur. Minangka tuladha, nalika Kangjeng Niti kapatah ngibarake Kg. Ky Tunggulwulung, panjenengane banjur nglumpukake kulawargane saperlu dipamiti amrih ikhlas. Sebab sabakdane melu kirab bakal oncat nyawane, paling suwe seminggu sawise upacara kirab. 7. Kg.Ky Ag. Pare Anom wujud klebet gendera warna ijo pupus kanggo mangsah ing ngayuda. Saliyane kuwi gendera Kg Ky Pareanom iki digunakake kanggo ngampingi gendera Kg.Ky Tunggulwulung nalika dikirap. Anggone ngibarake gendera pusaka cacah loro, Kg.Ky Tunggulwulung digamblokake karo landheyane tumbak Kyai Slamet, dene Kg. Ky Pareanom karo tumbak Kg Ky. Santri. Abdi dalem kang kajibah nggawa gendhera loro ditumpakake jaran lan dipayungi. Kirabe njupuk dina malem Jemuwah Kliwon, dibudhalkake saka pagelaran Kraton mubeng kutha Yogyakarta Kedadeyan iku tau dialami kawula Yogyakarta nalika ketaman pageblug pes taun 1943, sarta bencana tsunami (mbiyen diarani banjir bandhang) sing nerak bumi Mataram 85 taun kepungkur. Anggone ngibarake Kg. Ky Tunggulwulung lumaku sabakdane magrib. Gendera pusaka lan tumbake diwetokake saka gedhong pusaka Proboyekso.  Tumuju masjid Panepen (ing sajrone datulaya kraton Yogyakarta). Kekarone banjur dibusanani. Saka masjid Panepen digawa abdidalem Suranata metu regol Danapranata. Sawise tekan Bangsal Sri Manganti dipapag abdidalem kanca Kaji sing dipandhegani Kyai Kangjeng Pengulu pangkat Wedana. Ing plataran kuwi Kangjeng Pengulu ngumandhangake adzan, qomat, lan maca donga Pancabaya tolak bala.  Saka bangsal Sri Manganti banjur nuju Pagelaran, dipethukake bragada prajurit Jagakariya lan bregada Patangpuluh klebu para Bupati Nayaka, Panewu, mantri sing kajibah ngawal lakune pusaka loro mau sarta abdidalem golongan Somali kang nyawisake jaran cacahe 18.  Gendera Kg Ky Tunggulwulung dikibarake luwih dhisik disusul Kg Ky Pareanom. Petugas sing kajibah nggawa gendera ditumpakake jaran loro, sing siji nggawa gendera Kg Ky. Tunggulwulung satumbake Kyai Slamet, sijine nggawa Kg.Ky Pareanom karo tumbak Kyai Santri. Jam 20.000 gendera miyos saka Pagelaran tumuju Alun alun Lor sabanjure diarak mubeng kutha Yogyakarta. Prosesi miyose Kg.Ky Tunggulwulung saka alun-alun Lor mubeng kutha sing kena musibah, baline uga menyang alun-alun Lor maneh. Kirabe sewengi muput lan rampung ing Pagelaran Kraton ing wayah subuh Sawise kuwi gendera digawa bali menyang masjid Panepen, diwudhari saka landheyane lan dibalekake kaya sekawit. Esuke dina Jemuwah Kliwon ing Alun alun Lor ing tengahe wit ringin kurung dianakake upacara mbeleh kebo bule wadon siji.  Endhase, getih, sawernane sajen dipethak ing antarane wit ringin kurung kuwi. Ancase kanggo nanggulangi kekuatan gaib, ruh jahat sing nggawa wabah lan  bencana. Dene daginge disedhekahake ing serambi masjid gedhe marang para abdi dalem lan masyarakat kang padha teka mrono saperlu melu kirab.  8. Kg Ky. Santri wujud klebed gendera werna ireng kanggo numpes yen ana kraman lan brandhal. 9. Kg Ky Udan Arum wujud bendhe kanggo tengara perang, 10. Kg Ky Sima wujud  bendhe kanggo ngumpulake prajurit, 11. Kg Ky Slamet wujud cemeti (pecut) tau diubengake beteng wektu mbrastha pemberontakan G30S PKI. 12. Kg Ky Pamuk wujud cemeti kanggo nulak bebaya, 13. Kg Ky. Meyek, wujud ketipung utawa urung  kendhang, 14.  Kyai Jatimulya wujud urung kendhang sing digawe saka tunggak jati dhek perang kraman Gunung Tidar Magelang, 15. Kg. Ky. Ag Tandhulawak wujud kursi bandhulan pinangka kanggo ngusung rikala Ingkang sinuhun mandhegani perang, 16. Kg Ky Cekathak wujud tapak jarane harya Penangsang kang aran Gagak Rimang. Kendhaline aran Sima Gugur, 17. Kg Ky Naga, wujud sandhangan jaran titihan Dalem yen pinuju tindak pesiyar, 18. Kg.Ky. Jegot wujud landheping tumbak kawangun wayang Semar kanggo landhasan klebet gendera Dhaeng, 19.  Kg.ky. Ag Guntur Madu wujud gamelan sekaten aslik saka Majapahit, 20. Kg Ky Nagawilaga wujud gamelan duplikat Kg. Ky Guntgursari kang yasan anyar, 21. Kg Nyai Ag Jimat wujud kreta pisungsung saka Gubernur jenderal Hindia-Belanda, Jacob Mossel lan nate digunakake ing taun 1741 tekan jamane Ingkang Sinuiwun Kangjeng Sultan HB V (1855). Walanda Diarani kg Nyai Jimat jalaran ing sangisore papan idakan kusdir karengga reca kayu kang wujude sawijining wanita kanthi posisi tangane nyangga sawijining barang, 22. Kg Ky Jethayu kreta kagem nitipriksa barisane prajurit, 23. Kg. Ky Jaladara, kreta pusaka gaweyan taun 1784 kagem besiyar mubeng ing sadhuwuring bateng kraton, 24. Kg ky Ratapralaya. Kreta kagem momot layon iyasane Ingkang Ssinuhun HB VIII. lan

Perlu kawuningan, gelar Kangjeng Kyai Ageng (Kg Ky Ag) tumrap pusaka dhalem iku diparingake marang pusaka sing kawawas darbe kekuwatan gaib sing paling kuat lan paling ngedhab-edhabi

Nanging menawa ana ing adhicara pasamuwan agung upamane Jumenengan Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengkubuwono kang kaampil mung Kg KyAg Plered, KgKyAg Gadatapan, KgKy Ag Baruklinthing, KgKyAg Megatruh lan KgKyAg Gadawadana. Sumarene ana ing Bangsal Witana.

Ing taun-taun Dal bakda NDIS ora nganakake pasowanan Garebegan ana ing Kagungandalem Siti Hinggil nanging mung ana ing Bangsal Kencana uga sakehing pusaka inti mau kamiyosake ana ing Bangsal kencana, banjur Palenggahandalem ana ing emper Bangsal Kencana kang wetan mengkerake sakehing pusaka-pusaka Dalem mau.

Kejaba pusaka-pusaka mau, Kraton Ngayogyakarta uga kagungan Pusaka awujud gangsa (gamelan) ora mung saprangkat nanging pirangpirang prangkat lan uga ana kang ora baen-baen. Gamelan pusaka iki uga ana kang kagem nalikane Garebegan yakuwi minangka pakurmatan nalika NDIS miyos ana Siti Hinggil. Dadi kena diarani gamelan mau; amhka banget anggone nabuh. Gamelan mau aa,ame Kangjeng Kyai Kebo Ganggang kang uga katelah Kangjeng Kyai Kodhok Ngorek, jalaran gendhing kang kaunekake mung tansah gendhing Kodhok Ngorek wae minangka pakurmatan miytos Dalem mau ana ing garebegan. Gendhing Kodhok Ngorek iki uga katabuh menawa Ingkang Sinuwun kagungan kersa nyupitake putra Dalem kakung sarta minangka pakurmatan Jumenengandalem.

Miturut ature Abdidalem saka Kridha mardhawa ing wektu samengko jeneng wis langka banget kang bisa ngunekake Gendhing Kodhok Ngorek mau. Mbokmenawa ya mung gancarane wae isihpadha bisa nindhakake senajan wiramane sok ora bisa ajeg, nanging menawa wis nyandhak rep lan banjur dhawah Ayam Sepenan adate banjur padha kisruh lan gendhing e banjur kena diarani buyar; lire menawa arep bali maneh dadi gancaran banjur padha grobyagan. Ning wektu iki pangriptawis duwe panemu menawa perkara iki wis dipenggalihake dening  Kawedanan Ageng Kridhamardawa lumantar pamulangan-pamulangan utawa pendhidhikan tumrap para Abdidalem wiwit sing apangkat ngisor dhewe yakuwi jajar nganthi Abdidalem  kang asipat Bupati ing Kraton Ngayog-yakarta sauntara taun kepungkur. Muga-muga uga ana “kaderisasi Abdidalem” pradangga/wiyaga kang nyinau gendhing-gendhing kuna kang arang katabuh kuwi.

Ing saliyane Kangjeng Kyai Kebo Ganggang, Kraton uga kagungan gangsa Monggang arane KgKy Guntur Laut kang asla usule saka Majapahit dhuk ing uni. Kg Ky Guntur Laut iki uga saiki arang banget miyos lan katabuh. Gendhing gendhinge aran Gendhing Monggang lan ing jaman ngarep Jumenengdalem NDIS Sultan Hamengkubuwono VIII saben Setu sore isih katabuh ana ing Kagungandalem Bangsal Monggangan ana ing pojok kidhul wetan alun-alun lor, kagem ngramekake lelangen Watangan, sawijining olah raga kang emane wiwit jamane NDIS HB VIII tekan seprene wis kasowak (diilangi). Kanthi kasowake Watangan kasebut gamelan mau banjur sumare ana Bale Angun-angun kang dumunung ana ing plataran Siti Hinggil sisih kulon. Kageme mung minangka pakurmatan Garebegan lan menawa ana Jumenengandalem Nata.

Gamelan Pusaka liyane kang uga sumare ing Bangsal Srimanganti (jalaran dhek jaman semana Kagu-ngan dalem Siti Hinggil kasuwun ngampil kanggo pamulangan/pawi-yatan luhur Universitas Gadjah Mada), yakuwi Gamelan sekaten kang asma Kg Ky Gunturmadu lan Kg Ky Nagawi-laga kang setaunsepisan katabuh ana ing Kagungandalem Bangsal Pagongan kang dumunung ing plataran Masjid Gedhe menawa pinuju ana pahargyan Sekaten kanggo mengeti miyosan Dalem Kangjeng Nabi Muhammad SAW, lan kalodhangan panhargyan Jumenengandalem Ingkang sinuwun gamelan kasebut uga katabuh.

Kang katabuh nalika mahargya Jumenengdalem NDIS Kangjeng Sultan HB X yakuwi gamelan kang asma Kg Ky Kancil Belik lan Kg Ky Surak. Nalika Jumenengandalem NDIS Sultan HB IX ing taun 1940 KgKy Surak iki uga ndherekake kirab dalem mubentg beteng.  Prangkat gamelan mau kang abot banget mau kapikul dening Abdidalem-abdidalem Gladhag kang sajrone mlaku bubeng beteng terus katabuh dening Abdi Dalem Wiyaga ngunekake gendhing Redi Guntur kendhangan ketawang Bedhugan lampah soran. Gandheng aboting gamelan kasebut lan mbutuhake tenaga kang ora setithik, mula kapeng-galih Kg Ky Surak cukup ngurmati ana ing Kagungadalem Pagelaran Siti Hinggil Lor ngiras mbagekake rawuhe para tamu nalikane adicara Jumenengan lan Kirab. Mangkono uga ora ndherek mubeng kirabdalem, nanging cukup caos pakurmatan ana ing Pagelaran kaya Kg Ky Surak mau sarta nguyu-uyu lampah soran.

Gamelan rong pangkon iki larase dhuwur banget: Kg Ky Surak laras slendro lan kg Ky Kancil Belik laras pelog. Kg Ky Surak kuwi umure wis luwih saka 250 taun lan kacaosake dening ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwono III, marang Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengkubuwono I nalika ana ing Prajanjen Gianti utawa Palihan Nagari minangkani piwelingdalem Ingkang Sinuhun Kg Sunan Paku Buwono II marang ISKS PB III. Larase gamelan iki pancen dhuwur banget lan wujuding wilahan ana racakane cilik-cilik asli Surakarta. Tekan seprene weujudak e lan larase ara diowah-owa tetep kaya nalikane katampi saka Kangjeng Sunan PB III mau.

Kacarita menawa gamelan iki katabuh soran utawa menawa meneri laras Manyura (jalaran larase Kg Ky Surak iki pancen Slendro) bisa keprungu cetha saka papan kang adohe watara lima kilometer: Tetep rinasa gumyak lan sajak rame asurak-surak. Mula saka iku mbokmenawa banjur kaparingan asma Kg Ky Surak mau. Kanthi mengkono gamelan mau bisa nekakake uwong akeh banget lan saka padesan barang saperlu ngormati anggone Sinuhun Kirab. Rehne ing wektu samengko wis ora perlu nglumpukake uwong akeh kanthi sarana mangkono mau, jalaran wis akeh piranti kanggo kaperluwan mau kayata liwat radio lan media massa liyane lan ngelingi aboting panggawa, mula ora perlu ndherekake miyos kirab. Mangkono rasananing sawenehing Abdidalem marang pangripta. 

Tekan seprene KgKy Surak mau sumare ana ing Gedhong Gangsa sisih kidul lan Kg Ky Kancil Belik ana Gedhong Gangsa sisih lor. Gedhong Gangsa kasebut dumunung ana ing sakidhul lan saelore Regol Gapura kang dumunung ana ing ngarep Bangsal Kencana sawetan plataran. Ing jaman Jumenengan dalem NDIS Kangjeng Sultan HB X dhek tanggal 7 Maret 1989, prangkat gamelan loro-lorone padha kapapanake ana ing Kagungandalem Pagelaran ing Alun alun lor lan katabuh kagem nguyu-uyu ngurmati para tamu kang rawuh nalika Jumenengan mau lan kagem nyugata tamu-tamu kang ora ndherek Kirabdalem ana ing tanggal 8 Maret 1989 sarana caos pakurmatan nalika tindak lan Kondur dalem Kirab mubeng beteng. Gandheng nalika Kirabdalem Kangjeng Ratu ora ndherek Kirab lan mung miyos ana ing Pagelaran ginarebeg para putri, semono uga para Abdi dalem sipat Bupati uga ora ndherek mung nguntapake ana ing Pagelaran mau, lan padha ngentosi Kondur dalem saka Kirab, para tamu kang padha ngurmati Miyosdalem Kirab mau dadi suwasanane ora sepi lan nglangut kang bisa mboseni.

Kejaba prangkat gamelan kang uwis katur, ing Gedhong gangsa mau uga sumare prangkat gamelan asma KgKy Madukentir lan KgKy Madumurti. Ing Gedhong Gangsa kidul (laras slendro) kang nisihi KgKy Siratmadu lan Kg Ky Madukusumo kang padha laras pelog lan semono uga ana ing Gedhong Gangsa siring lor.

Kg Ky Siratmadu lan Kg Ky Madukentir iki uga kagem mahargya Jumenengdhalem Sultan HB X mau lan kagem nguyu-uyu lan uyon-uyon (klenengan) ing kalaning adicara ngabekten ana iung jeron dhatulaya sarta ngurmati nalika miyos lan jumenengan dalem kanthi nabuh gendhing Prabu Mataram lan Raja Manggala kagem Miyos dalem lan kagem Jengkar dalem. Gendhing Sri Kondur lan Tedhaksaking.

Perlu kawuningan menawa rancakana kagem Kyai Madumurti lan Kyai Madukusumo mau nganggo pepethan Liong Barongsai ing ukirane, jalaran gamelan kekarone mau di kondurake saka panggedhe (Kapten) Cina aran Jang Kim mula ukirane kalestarekake nganggo pepethan Liong mau.

Ana maneh prangkat gamelan kang asma Kg Ky Harjanegara (slendro) lan KgKy Harjamulya (pelog) kang padha sumare ana ing Bangsal Kasatriyan.

Isih ana gamelan pusaka maneh patang prangkat yasan NDIS Kangjeng Sultan HB V asmane Kg Ky Panji (pelog) lan sisihane KgKy Pusparane (slendro). Loro-lorone padha sumare ana ing Kraton Kilen. Cakrike padha Mataraman, lire kempul lan kenonge ora ganep miturut cacahing wilahan, mung niji laras 5 utawa laras 6. Wondene kang sumare ing pacaosan kanca inggil, KgKy Medharsih (slendro) lan KgKy Migatsih (pelog). Ing sekawit rong prangkat iki uga acakrik Mataraman nanging saiki uwis diganepi cacahing kempul lan kenonge, dadi uwis kena kanggo klenengan utawa uyon-uyon.

Mangkono mau dongeng ngenani sawetara pusaka kang kagem ana ing pahargyan Garebegan lan Jumenengan ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Mugi bisa nambah seserepan tumrap maos. Nuwun.

(Amien  Nugroho)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus