Gegayuhanku ing Angkasa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 96 kali

Nalika cilikanku, saben ditakoni yen gedhe kepengin dadi apa sumaurku entheng banget yaiku “dokter”. Nalika kuwi aku ora weruh yen dadi dokter kuwi angel tur sekolahe ya larang. Jenenge wae ya sik cilik, maklumlah.

Kenalna aku Niken, bocah kang ora isa meneng. Ngono jarene ibuku. Ngancik SMP aku kepengin banget dadi pramugari. Numpak motor mabur gratis lan bisa ngubengi donya iki. Ana-nging ibuku ora marengake aku dadi pramugari.

“Yen kowe dadi pramugari, terus motor mabure jiblok ning laut terus lehku nggoleki piye”. Iku sing mesthi diomong ibuku. Ya ngono kuwi ibuku. Uwong kang ora isa disela kekarepane. Apa wae mesthi kudu manut ibu. Kaya nalika budheku uga takon nang aku;

“Ndhuk, apa gegayuhanmu?” pandangune budheku.

“Kula kepengin dados pramugari budhe.”

“Ya apik kuwi tur bayare ya akeh. Isa ngubengi donya kowe ndhuk”  tandhese budhe.

“Aja! Ora pramugari pramugarian. Ora bayar akeh ya ben ora nggagas” ibuku nyela.

Ya ngono kuwi ibuku. Apa-apa dikon manut karepe. Sekolahku ning ngendi. Kuliahku jurusan apa. Iku kudu karepe ibuku.

“Mbesuk dadi guru utawa bidan wae,” welinge ibuku.

“Buk niku kan mboten sreg teng ati kula,” aku ngeyel.

Yen lagi ing suwasana kayak ngene aku dadi kelingan pas mbiyen daftaran mlebu SMA. Karepku aku sekolah ning SMA 12 utawa STM 11. Ananging tetep wae ora oleh karo ibuku.

“Pilih SMA 15 wae. Ogak usah liyane. Atine ibuk sreg yen kowe sekolah ning kono ndhuk. Sekolahan kuwi ya apik lan terkenal kok” dhawuhe ibuku.

“Tapi bu, kula kepingin sekolah dhateng STM 11,” ujarku.

“Kowe arep dadi apa sekolah nang kana ki? Yowis yen karepmu sekolah ning kana terserah. Ora bakal tak ragati.”

“Nggih mpun bu, dhateng SMA 12 mawon”

“Kok sik omong wae. Yowis rasah sekolah. Tak tukokno wedhus wae. Angona wedhus kana. Ora usah sekolah. Bocah yen dikon manut wong tuwa angele eram ki ngapa jane?”

“La kula mboten sreg bu.”

“Pokok kowe sekolah ning SMA 15.”

Lan akhire aku ning kene. Sekolah ning SMA 15 koyok kekarepane ibuku. Sekolahan sing jarene “elite” iki kanggoku malah bakal mateni aku alon-alon. Ing kene aku dikon mlebu IPA. Ya akhire aku mlebu IPA. Senajan ati lan pikiranku ana ing jurusan IPS. Ora guna yen ngomong nyang ibuku maneh. Nganti ndonya bar olehe mubeng tetep wae ora bakal digagas. Saiki aku wis kelas 12 IPA 1. Wis dikongkon mikir arep kuliah ning ndi. Jurusan apa lan wis nyiapne gawe tese apa durung. Karepku aku kepengin tes pramugari. Aku wis nyiapkake kabeh kabutuhanku. Ora yakin ketampa jane tapi ya njajal wae. Mbok menawa iku rejekiku.

Dina iki UN dianakake. Muga-muga oleh asil sing apik. Karo ngenteni pengumuman UN, aku ndaftar pramugari lan sekolah liyane.

Sewulan lehku ngenteni, dina iki dina sing tak enteni. Dina pengumuman. Muga wae isa dadi pramugari. Amarga ibuku uwis paring restu aku dadi pramugari. Atiku dheg-dheg ser, kringetku gobyos.

Nanging alhamdulillah aku ketampa ing sekolah pramugari. Nalika tekan omah, ibuku seneng banget pirsa aku katama dadi pramugari. Ibuku malah banjur nganakake syukuran merga. Ibuku temen-temen wis bisa nampa aku dadi pramugari. Iku sing marahi aku trenyuh. Ndhisik kerep bengkere-ngan nanging ibuku saiki wis ngerti.

Kuwi ceritaku 10 taun kepungkur, anggonku angel nggayuh gegayuhanku. Akeh alangan kang kudu tak adhepi, nanging Gusti Allah wis nyepakake dalan sing paling apik marang umate sing gelem sabar.

Saikine aku uwis dadi pramugari kanthi cathetan 500 jam terbang. Aku wis kasil keliling donya. Wiwit saka Jepang, Amerika lan Eropa apadene negara-negara Asia. Ngrasakake endahe alam donya ciptakane Gusti Allah. Akeh susah lan seneng kang tak rasakake sasuwene dadi dadi pramugari, nanging aku tetep wae nglakoni kanthi kebak rasa syukur….

(Niken)***

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen saperangan gedhe urip kita en­tekake kanggo mu­lang, mula kita bakal dikenal mi­nangka guru nali­ka kita ma­ti. Yen kita entekake wek­tu kita kang­go main, kita mati mi­nangka gamers.

Klik

PERANG TOPAT

Ing Lombok Barat, NTB, ana tradhisi unik kang arane Perang Topat. Tradisi iki digelar sasi November-Desember, utawa sawise panen lan sadurunge mangsa tandur maneh. Masyarakat suku Sasak lan warga keturunan Bali ing Lombok Barat nggelar ritual iki bebarengan ing Pura Lingsar. Puncake perayaan ditindakake kanthi tradhisi pujawali perang topat utawa padhadene nyawatake kupat ing antarane warga. Ora ana rasa mangkel utawa memungsuhan ing acara kang wis umur atusan taun iki, sing ana malah rasa sukacita tumrap warga kang beda-beda agamane ksb. (d/sit)***

Pethilan

Hoaks luwih ngrusak ing negara berkembang

Ana sing seneng rusak-rusakan

Wajib njaga legitimasi Pemilu 2019

Sauger menang, apa wae ditindakake

Pradebat capres batal, paslon gela

Sabar… ngenteni kasus dagangan 80 yuta iku lerem dhisik