Jujur
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 57 kali

Yen kagambarake, sipat lugu utawajujur kaya patrape gegodhongan utawa pang-pang kang obah-obah samangsa katerak angin, kumleyang tiba ing titi mangsane, yen wis kuning. Pang-pang tugel, ca­rang-carange mrepel, yen ketrajang udan lan panas, katerak angin wola-wali. Wiji-wiji thukul becik ing subure lemah. Banyu kali mili tumuju mengisor lan sa­piturute. Kaya patrape alam.

Manut para wasis, kang mengkono iku ditegesi alami. Alam kang tansah ma­nut marang kodrate. Alam kang ora wani mbadali. Jalaran yen nalingsir saka ko­drate ateges lagi ana tandha kang ora nggenah.

Yen ana pitik jago kok ngendhog, ko­dhok kok bisa mabur, ula kok mancali ja­ran, banyu kok mili mendhuwur, sate­mene pi­nangka tandha kang bakal ana kahanan kang nggegirisi, nyumelangi. Sauger pancen ora ana kang ngreka.

Malah yen manut para alim sakabeh alam kang ngalami, kaya kang sames­thine iku satemene kejaba ngalami ko­drate, uga tandha manembah, dzikir, mung tansah manut marang kersaNe Gusti Pengerane.

Tumrape menungsa lugu utawa jujur iku uga tandha sipate menungsa kang alami, kang samesthine. Kejujuran iku pinangka pondhasi, pondhamen tumrape kapribaden, tumrape jiwa, lan kang sa­mesthine kudu dumadi. Tumrape me­nungsa kang isih gon­dhelan lan bakuh ku­kuh marang kejujuran ateges bakuh kukuh uga jiwa lan kapri­badene, ngukuhi kodrate.

Sapa kang yasa bangunan, senajan ku­wate tikel-matikel anggone gawe tem­bok, kuwat anggone gawe saka utawa cagak, sauger pondhasine ringkih, sa­mangsa-mangsa bakal gampang am­bruk. Pondhasi, pondhamen iku sipat dha­sar tumrape bangunan, kang ora bisa disepelekake.

Malah ndonya iku bakal tansah apik terus, ora gampang rusak, yen saben sa­dhengah pawongan padha jujur. Yen ko­drate iku kudu manembah marang Gusti Pengerane, ya kudune pancen ma­nembah, jujur lugu ngla­koni tenan. Ora lelamisan. Jalaran yen le­lamisan ateges lelamisan anggone ngayahi kodrate. Wis ora beres maneh.

Lan sapa-sapa kang dhemen kukuh-bakuh anggone jujur, ateges pinangka pawongan kang linuwih. Jalaran pa­wong­an iku temen-temen ngerti pilah-pilahe antarane becik lan ala, bener lan kleru. Ing jiwane pa­wongan mau, ing kapribadene tansah direratoni ati. We­gah dibebujuki akal. Ati iku kaya raja, akal iku patihe. Akal bisa nyidhem ati, diojok-ojoki supaya ngalah. Mula saben nglakoni ala akal iku kang ngawekani. Se­najan ati panggah mbatin, yen tumin­dak kang kaya mengkono iku ora bener.    

Jujur iku kerep dikrenah akal. Akal kang ngrenah kejaba akale dhewe (pri­badi), akale wong tuwa utawa keluwar­ga, uga akale ing bebrayan.

Umpama sipat jujur dikrenah akale dhe­we, wis ngerti yen ngapusi iku sipat ala, kok isih dilakoni. Wis ngerti yen nye­nyolong iku ora becik, korupsi iku sipat ala, kok isih ditemah.

Dikrenah wong tuwa, diajari ngapusi. Yen iki bisa saka saking pegel atine wong tuwa. Utawa bisa saking ora ngertine wong tuwa, ora ngerti yen kang meng­kono iku satemene ngajari ngapusi. Um­pama ana bocah cilik nangis kekitrang njaluk ditukokake sepedhah, disemayani ing sasi ngarep. Kamangka ing sasi nga­rep ora ditukokake. Pamrihe wong tuwa supaya anake ora pijer mbebujung na­ngis terus, anake ben ayem sauntara, ora ngisin-ngisini njejaluk ditukokake se­pedhah. Yen ana bocah cilik lagi tiba ja­laran kesan­dhung lan anake cilik nangis, wong tuwa ngapusi. Jare anggone anake cilik mau tiba saka pangojok-ojoke ko­dhok. Bocah cilik diweden-wedeni jare ana gendruwo, supaya bocah mau ma­nut.

Ing bebrayan uga ana saperangan kang dhemen ngajari ora jujur. Ngapusi ora duwe dhuwit jalaran lagi ana tangga utawa sanak kang nembung utang. Do­dolan, wis bakal dientuki yen ana wong arep tuku barange rega sayuta. Nanging entha-entah ora en­tuk. Supaya regane bisa diundhaki. Nanging yen dikira-kira kang tuku ora bakal ngundhaki rega ban­jur lagi dientuki.

Biji-biji ing sekolahan, kang satemene endhek didhuwurake. Supaya ora ngisin-ngisini yen ing sekolahan kono muride ana kang bodho. Ana bocah telat mlebu sekolah, bocahe didangu, jare wong tu­wane kang kerep ngeterake dheweke la­gi repot banget, simbahe lagi gerah ing rumah sakit. Ka­mangka satemene bocah mau sadurunge mangkat sekolah ubeg anggone nggoleki sepatune, lali anggone ndokok wingine. Yen matur satemene marang gurune mesthi bakal didukani. Dheweke banjur pinter ngre­ka jawaban. Nanging ngapusi.

Saka pakulinan umum. Kerep mrang­guli yen wong-wong kang ora patia jujur kok malah uripe dadi makmur. Banjur melu-melu usaha kang ora patia jujur. Yen ana pawong­an kang jujur-jujur te­men kok malah kerep dadi pangolok-olok, diarani rada bodho, dikongkon dikrenah ika-iki panggah gelem. Jare pawongan kang kaya mengkono bakal kangelan majune.

Mula saiki lagi usum ora patia jujur. Dadi pawongan kang becik, dhewekan, bisa di­anggep lucu. Bisa-bisa malah di­gojloki, diisin-isin. Jalaran manut pa­wo­ng­an kang ora gelem jujur, kuwatir yen ana pawongan jujur, dhe­weke banjur katon alane. Sipat kang ora jujur, utawa kang ora patia jujur banjur dilakoni ba­reng-bareng. Lan kaya-kaya wis dadi si­pat kang ora kleru. Jalaran umume pan­cen mengkono. Kang isih kukuh marang jujure banjur kurang dipercaya dening liyan. Jalaran umume arang kang jujur.

Lan pawongan kang dhemen jujur bakal dipengaruhi supaya ora banget-banget jujur, pamrihe aja nganti pa­wongan kang banget-banget jujur mau sawektu-wektu bakal mbu­kak wadine  kang padha ora gelem jujur.

    

L e n a

Sipat lena iku sawijining laku kang pa­ling kerep utawa akeh-akehe dilakoni dening menungsa. Menungsa kang kerep diarani lena. Jalaran menungsa pinangka makhluk kang kadunungan akal. Ka­mang­ka makhluk liya ora. Para sato mung kadunungan naluri. Mula yen sato senajan nglakoni luput ora diarani lena. Ora diarani sembrana. Jalaran satemene sipat lena iku samesthine wis ngerti yen pakarti kang kaya mengkono iku kleru nanging ditemah, dilakoni.

Menungsa kang durung pepak ka­du­nungan akal, bocah utawa bayi um­pamane, uga ora diarani lena, utawa di­arani sembrana. Senajan kala-kala ngla­koni luput. Utawa tumrape menungsa kang lagi kelangan uta­wa kanthi sengaja ngilangake akale, um­pamane. Umume tumrape kang lagi ora/durung kapatra­pan akal mau isih diarani ora lena. Ora sembrana.

Dadi tembung lena mau kaya-kaya dipa­trapake marang pawongan kang kadunu­ngan akal, nanging lagi kleru laku. Dadi ‘dijuluki lena’ satemene ‘ukuman’ marang pawongan mau, jalaran nglakoni luput. Yen ora utawa durung kadunungan akal senajan lagi ngla­koni luput ora diarani lena, nanging ing tembung liya bisa ; dimaklumi, dingapura. Kaya-kaya tumrape menungsa, makhluk kang ka­dunungan akal kudu bisa luwih ngati-ngati. Jalaran samubarang laku, obah-polahe kudu ditetimbang karo akal.

Lan umume lena mau nrajang ma­rang menungsa yen menungsa wis kerep lali, sembrana marang kaprayitnan. Umpama yen lagi nemoni bungah ba­nget-banget bu­ngahe, ngluwih-ngluwihi. Yen lagi ketaman susah banget-banget susahe. Kaya-kaya lali yen sajroning bungah ana susahe kang sawayah-wa­yah bisa teka, lan sawalike. Lena mau kaya-kaya uga mungsuh tumrape akal, panodhi, panguji, kepriye anggone nggu­nakake akal. Lena yen kelakon kaya-kaya pepoyok marang pakartine akal, eguh per­tikele akal. Lan sipat lena kaya tansah ngreka marang mlotroke akal.

Mula R. Ng. Ranggawarsita ing serat Kalatidha paring pepenget : Begja-beg­jane wong lali isih begja kang eling la­wan waspada.

Ing kene banjur luwih cetha yen sipat lena iku pakarti luput utawa sembranane akal. Kurang pangati-ngati. Nanging sipat pangati-ngati iku dhewe umume kerep dikencengi sawise nemoni lena. Lan saka lena mesthi wae nemoni ka­pitunan. Embuh iku ilange pangaji embuh nemoni lelara.

Lena iku trajange bisa luwih ngge­girisi. Jalaran sipate nglimpe-nglimpe akal, nglimpe-nglimpe ati. Yaiku yen kita lagi lali, kurang prayitna, sembrana. Yen wis mengkono ‘lena’ banjur malah luwih dhuwur dayane, pang­kate katimbang kaprayitane akal.

Kita bisa kemalingan kamangka wis kerep ngati-ngati. Nanging sajroning pa­nga­ti-ngati mau mesthi ana lenane sa­mangsa-mangsa. Lan kang arep nyidra marang kita wis luwih ngerti marang karingkihan-karingkihan kita.

Ana uga kang karampokan, kamang­ka yen dinalar rampok mau ya ora patia gagah pawakane. Nanging jalaran bisa nglimpe lenane liyan. Ngerti marang wektu-wektu kang lagi sembrana lena.

Yen menungsa lumrah arep nyekel macan galak ing tengahe alas dhewekan, tanpa gegaman, sengara bisa. Kang bisa yen pinuju golek lenane macan lan ngang­go cara. Macan mau diwenehi jebakan kang ora ngetarani. Macan mau kajebak, jalaran lena. Lena kang njalari macan mau nemoni cilaka, bisa ka­jebak. ***

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!