Kedadeyan Sanga ing Al-Furqan Ngukuhake Iman (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 93 kali

6). Fenomena Komposisi Materi ing Akasa (angkasa). Wus kinawruhan miturut ilmu pengetahuan, manawa kom­posisi materi ing akasa, upamane tumraping srengenge sarta lintang-lin­tang iku dumadi saka rong unsur, yaku

Hidrogen lan Hellium (H lan He) Saka pirang-pirang panaliten iku bisa dima­nger­teni, manawa konsentrasi Hidrogen lan Hellium ing jagad raya iki, setimbang (bersesuaian) karo etungan teoritis kon­sentrasi Hidrogen-Hellium, sisa tinggala­ne fenomena Big Bang. Wusana cetha ba­nget, manawa jagad raya iki ora ana ka­­witane (permulaan) lan jarene wus ana awit jaman semana, jaman ju mbejuja. Lha unsur Hedrogen lan Hellium iku mes­thine kudu wus entek babar pisan lan ora owah dadi Hellium. Kahanan kaya kang katur ing ndhuwur iku trep karo dhawuhe Allah, sing nerangake, manawa nalika se­mana langit (angkasa raya) lan bumi iku ndhisik (asale) dadi siji (dhempet). Kanthi kodrat lan iradate Allah, banjur bumi iki pisah karo langit. Mangkene maksud dha­wuhe Allh iku:

“Apa wong-wong kafir iku padha ora sumurup , yen satemene langit-langit lan bumi iki asale dhempet (gembel) dadi siji, nuli Ingsun pisah­ake? Lan Ingsun wus nitahake ka­beh barang kang urip iku saka ba­nyu, apa dheweke padha ora gelem iman?” (Q.S. Al-Anbiya (21):30).

C). Kapapat.

Melare (mengembangnya) Jagad Raya :

Ing ndhuwur wus diaturake babagan melare jagad raya. Dadi bukti dumadine fenomena Big-Bang, ledhagan kang nge­da-edabi, iku mujudake wiwitane jagad raya. Ing swasana kalodhangan iki bakal diaturake kanthi samadya, minangka dadi keagunganing Al-Qur’an. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Ingsun wus ngedegake langit  kalawan kekuwatan Ingsun. Lan wus Ingsun jembararke.Lan  maneh Ing­sun uga wus nggelar bumi, pan­cen Ingsun iku sabecik-becike kang anggelar.” (Q.S. Adz-Dzariyat (51): 47-48).

Katur ing ayat kasebut diterangake, manawa jagad raya iku dijembarake. Ka­sunyatan iku lagi dimangerteni  (diwe­ruhi) dening manungsa nalika awal abad 20. Edwin Huble, astronom Amerika Se­rikat (U.S.A), menehi bukti babagan saya jembare jagad raya iki, kanthi dumadine (anane) Spektrum (pancaran) warna  lin­­tang utawa galaksi sing wernane abang, sing asale saka cahya, saka su­munare (pancaran sing obah utawa lu­maku). Diterangake, manawa samuba­rang kang tansah lumaku (ngedohi) siji lan sijine bakal nuwuhake (memancar­kan) spektrum werna abang. Iki ateges  lin­tang utawa galaksi iku saling (gu­manti) padha ngedoh. Kaya kang wus katur ing ndhuwur, manawa lintang uta­wa galaksi saling ngedohi iki, ateges ja­gad raya iku melar (molor), saya bawera (jembar). Lha ana ing wektu kang wus di­temtokake, jagad raya iku bakal digu­lung. Tegese, tugas wus  paripurna. Dene manungsa nyebut fenomena iku mujud­ake dina Qiyamat Kubra.

 

7). Fenomena gunung-gunung padha mlaku.

a). Gunung-gunung padha lumaku  pindha mendhung. Allah kang wus kepa­reng nyipta samubarang ana ing donya iki, binarung (kinanthen) aturan kang kawong karan Sunnatullah.

Pandulu lan pikiran kita ndulu, ma­nawa gunung-gunung iku mandheg. De­ne gunung-gunung sing dikira mandheg iku pranyata mlaku nggeser mbaka sethithik (mengalami pergeseran posisi) ana ing lumahing bumi, saengga yen  gu­nung-gunung iku nggeser (mingset) ateges posisi bumi (dharatan) nggeser nggremet alon-alon).

Fenomena kang kaya mangkono mau lagi bae dimangerteni dening para ilmu­wan sawatara wektu iki. Kamangka Njeng Nabi Muhammad SAW, wus kepa­reng nerangake, maksud dhawuhe Allah mangkene:

“Lan sira Muhammad, sumurupa yen gunung-gunung ana ing bumi iku sira ndak ngira manawa gunung-gunung iku tetep bae ana ing pang­gonane. Ing mangka gunung-gu­nung mau padha lumaku kaya dene lumakuning mega (mendhung). Hiya kaya mangkono iku dedamelaning Allah kang wus kukuh ing samu­barange. Sanyata panjenenaNe iku kang Waspada, marang kabeh kang padha sira tindakake.” (Q.S. An-Naml (27):88).

Ilmu pengetahuan iki diexploitasi de­ning Alfred Wegener, nalika abad 20 iki. Alfred nerangake, manawa benua-be­nua ing lumahing bumi iku nyawiji nalika ing awal ciniptane planet, bumi. Nanging krana benua-benua mau nggeser ma­rang arah kang beda, saengga dadi pi­sah, amarga padha ganti-gumanti (sa­ling) ngedohi. Dening para  ahli geologi penemne Wegener iku lagi dimangerteni sawuse 50 taun Wegener tilar donya.

Tumraping benua-benua kang wus dumadi (terbentuk) terus-terusan ngge­ser sawatara sentimeter saben taune. Fenomena kang kaya mangkono mau njalari dumadine perobahan perban­dhing­an antarane tlatah segara lan dha­ratan.

Kajaba saka iku, maksud dhawuhe Allah ana ing ayat kasebut ing ndhuwur, manawa gunun-gunung iku lumaku pindha mega sing ngambang. Sanepane pindha mendhung sing ngambang. Sa­nepan mangkono mau uga digunakake dening para ilmuwan jaman modern sa­iki. Para ilmuwan mau nerangake, ma­nawa gerakan gunung utawa dharatan ing bumi iki minangka Continental-Driff, utawa gerakan sing ngambang (apung) saka benua iku. Ana pitakon maneh, lha hiya apa sebabe, sing njalari gunung-gu­nung mau bisa lumaku (bergerak)? Iku kabeh krana gerakan kerak bumi papan dumununge gunung-gunung iku. Kerak bumi iku ngambang (mengapung) ana lapisan magma sing luwih rapet. Dene kerak lan bagian njaba magma sing kan­dele watara 100 km, iku dumadi saka lapi­san lapisan sing karan lempengan. Ana lem­pengan nenem kang utama sarta sa­watara lempengan sing cilik. Miturut teori sing karan lempengan tektonik iku lumaku (bergerak) ana ing lumahing bu­mi, ngga­wa (nyangga) benua sarta  dha­sar segara, bebarengan. Para ilmuwan nerangake, pa­ham lan mangerteni ma­na­wa bantere gerak lempeng  benua iku, yaiku watara 1,5cm saben taun. Lem­pe­ngen-lempe­ngan mau terus gerak (lu­maku, mingset), sarta ngasilake peroba­han ing geografi bumi kanthi alon-alon.  Upamane samudra Atlantik iku saben taune dadi luwih gedhe.

b). Wates antara segara loro. Kea­gunganing Allah antara segara loro sing dhedhempetan. Dhawuhe Allah mang­kene maksude:

Panjenengane wus ngumbar se­gara loro, asin lan tawa. Seka­rone padha rerentengan (dhedhem­pe­tan). Saantarane segara loro mau, ana let-lete (pembatas). Mula sega­ra loro mau ora bisa terus ngliwati  siji marang sijine.” (Q.S. Ar-Rahman (55), 19-20).

Sawijining wektu para ahli nganak­ake panaliten sarta mbuktekake, apa kang kinandhut ana ing Al-Qur’an ka­sebut ing ndhuwur, nyata anane. Lapisan kang dadi wates antara segara loro mau ora bisa dinulu dening pandulu wantah (ora kasat mata). Fenomena kang kaya mangkono mau trep karo dhawwuhe Allah, mangkene maksude:

“Hiya Panjenengane Pangeran kang nguja ngumbar segara loro se­sandhingan. Segara sing iku  tawa ba­nget lan segara sing iki asin ba­nget. Lan Panjenengane ndamel let-let (barzah) ana ing antarane segara loro iku, minangka dadi aling-aling  kanggo nyegah aja ngan­ti ngowaha­ke rasa.” (Q.S. Al-Furqan (25):53).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)