Ngungak Keangkerane Omah Kalang Kotagede
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 105 kali

Sing jenenge panggonan angker utawa wingit, ora diselaki bisa tinemu ing samubarang papan. Embuh ing kuburan, kali, wit gedhe, belik, gunung, dalan, utawa ing omah tuwa. Memedi lan dhemit sing tunggu papan wingit mau, wujud lan pokale uga werna-werna. Kurang bejane, wujude bisa nggegirisi banget.

Ngandhakake papan sing wingit mau, ing laladan Kotagede, Ngayogyakarta, ana salah sijining omah tuwa suwung sing angkere ora jamak. Omah tuwa mau duweke Wong Kalang, mula banjur sinebut Omah Kalang. Omah Kalang mau mapan ing Jalan Tegalgendu, Kotagede.

Perlu kawuningan, ing sakdawane Jalan Tegalgendu iki pancen akeh tinemu Omah Kalang. Ing kono, jaman biyen urip lan ngrembaka salah sijine Wong Kalang kang kasugihane ngedab-edabi, yaiku Ki Prawiro Suwarno.

Lha, sadurunge ngungak keangkerane Omah Kalang mau, ora ana klerune menawa kita ngrembug  sethithik sejarah anane wong Kalang ing Kotagede. Miturut maneka sumber lisan lan tulisan, Wong Kalang ing Kotagede wis ana wiwit jaman Sultan Agung, udakara taun 1600 M.

Salah sijining versi nyebutake, ing jaman Sultan Agung, tukang kayu saka Bali ditekakake ing Mataram saperlu mbiyantu gawe maneka bangunan ing Keraton Mataram. Para tukang kayu saka Bali kasebut asring sinebut Wong Kalang. Salah sijining tukang kayu iku ing antarane yaiku Jaka Sona, sing sabanjure bebrayan klawan Ambarlurung, putri kinasihe Sultan Agung.

Dene, anak putune Jaka Sona lan Ambarlurung mau, ana sing jenenge Ki Mertowongso. Sabanjure, Ki Mertowongso duwe anak turun kang asmane Ki Prawiro Suwarno. Lha, Ki Prawiro Suwarno iki wong Kalang sing kasugihan lan pokale dadi legendha tekan saiki.

Ing Kotagede, Ki Prawiro Suwarno luwih dikenal kanthi sebutan Tembong.  Ki Prawiro Suwarno lair ing taun 1873, lan urip ing jaman Sri Sultan HB VIII. Malah, nalika Ki Prawiro Suwarno isih remaja, dheweke wis kulina mlebu metu Keraton Ngayogyakarta. Kabeh mau amarga ramane Ki Prawiro Suwarno sesambungan raket klawan Keraton Yogja. Ora mung kuwi, Ki Prawiro Suwarno uga  kekancan apik klawan para pangeran, klebu uga pangeran kang ing tembe mburine madeg Sri Sultan HB VIII.

Masyarakat Kotagede wiwitane mangerteni Ki Prawiro Suwarno kuwi mung bakul sayuran  lan bumbon. Saben dina, bisa diweruhi sesawangan Ki Prawiro Suwarno numpak gerobak sing ditarik jaran, dodolan maneka sayuran lan bumbon tumuju pasar. Garwane Ki Prawiro Suwarno uga sregep mbiyantu nyambut gawe, dodolan mori lan malam, yaiku ubarampe kanggo gawe bathik.

Ki Prawiro Suwarno lan garwane gemi lan setiti. Dhuwite saka anggone dodolan dicelengi. Sregep nyambut gawe, gemi lan setiti, mangkono pribadhine Ki Prawiro Suwarno iki. Karana naluri bisnise pancen linuwih, dhuwit celengan sing dilumpukake mbaka sithik mau banjur digunakake kanggo ngedegake Omah Gadhe ing dhaerah Prambanan.

Saka siji Omah Gadhe, sansaya suwe banjur ngrembaka dadi sewelas Omah Gadhe sing sumebar ing maneka papan. Ing antarane ing kutha Yogja, Kotagede, Delanggu, Kartasura, Solo, lan dhaerah liyane. Ing kutha Solo, Ki Prawiro Suwarno ngedegake Omah Gadhe cacahe loro. Kabeh Omah Gadhe mau dijenengi padha, yaiku ‘Pegadaian Jawa’.

Karana keluwihan sistem pelayanane, Omah Gadhe duweke Ki Prawiro Suwarno kebanjiran pelanggan. Dhuwit sing dicelengi sansaya akeh. Embuh karana apa, mbok menawa dhuwit anakane gedhe, wusanane kabeh Omah Gadhe duweke Ki Prawiro Suwarno ditutup dening Landa. Ki Prawiro Suwarno, bapak saka 17 anak (8 urip, 9 seda) iki kepeksa ngrasakake getire urip.

Ananging karana Ki Prawiro Suwarno klebu pribadi sing ulet lan ora gampang nglokro,  dheweke banjur njenggelek maneh nerusake uripe. Sawijining dina, ing omahe ana tamu saka negara Landa. Tamu mau pranyata bakul berlian sing  ngajak bisnis dodolan berlian marang Ki Prawiro Suwarno. Karana wis percaya marang keuletan lan kejujurane  Ki Prawiro Suwarno, bakul berlian saka negara Landa mau masrahake berlian, supaya Ki Prawiro Suwarno ngedolake.

Disengkuyung bojo lan anak-anake sing wis gedhe, Ki Prawiro Suwarno miwiti bisnis anyar mau. Dudu barang kang angel kanggone Ki Prawiro Suwarno ngedolake berlian-berlian mau. Wong-wong sugih ing Yogja, akeh sing nglarisi berlian sing ditawakake Ki Prawiro Suwarno lan kulawargane. Malah, kabeh kebutuhane emas lan berlian Keraton Yogyakarta lan Keraton Pakualaman, disetori dening Ki Prawiro Suwarno.

Sansaya suwe, bisnis berliane nganti  tekan  kutha Surabaya, Semarang lan Solo. Suksese bisnis anyar iki ndadekake kulawarga Ki Prawiro Suwarno kuwowogen bandha. Kendharaan rodha papat sing ditarik mesin alias mobil, sing wektu kuwi langka banget, diduweki Ki Prawiro Suwarno. Ora mung siji, ananging pirang-pirang. Maneka merek mobil saka Eropa kayata Hudson, Minerva, Plymouth, Chrysler utawa Fiat, gonta-ganti digunakake dening Ki Prawiro Suwarno.

 

Ritual Aneh Nyebar Dhuwit

 

Saking sugihe, Ki Prawiro Suwarno duwe cara unik nalika menehi sedhekah marang warga masarakat. Ritual aneh kasebut yaiku, numpak mobil dikancani bature lan putune, Ki Prawiro Suwarno mubeng Kutha Yogja, nyebar dhuwit ing panggonan-panggonan tertemtu. Pirang-pirang besek dhuwit pengaji sak sen nganti seringgit, disebar ing dalan-dalan. Swara gemerincinge dhuwit lan wong-wong sing padha ngrayah, dadi sesawangan sing bisa ditemoni ing prapatan Tungkak (saiki Jalan Tamansiswa) lan prapatan Pojok Beteng Wetan, Yogja.

 “Kena apa Pakdhe nyebar dhuwit semono akehe? Luwih apik mbok diwenehe aku?” pitakone Sumarman, putune Ki Prawiro Suwarno sing biasane melu nyebar dhuwit ing dalan-dalan. Ditakoni mangkono, Ki Prawiro Suwarno njlentrehake, “Wong sing sedhekah kuwi biasane milih-milih, sapa sing mesthi diwenehi. Menawa seneng karo wong, mesthi wong kuwi diwenehi. Ananging yen ora disenengi, temtu suwalike. Lha, cara sedhekah kaya aku iki, aku ora pilih-pilih. Aku ikhlas sapa wae sing njupuk. Sapa sing entuk ringgit, yakuwi rejekine. Semono uga sing bejane mung entuk sen.”

Ritual aneh nyebar dhuwit ing dalan-dalan Kutha Yogja mau ora mung diadani pisan pindho, ananging setaun diadani makaping-kaping. Wis ora kaetung akehe dhuwit sing disebar kasebut.

Malah, miturut katrangane salah sijining sesepuh ing Kotagede, ritual nyebar dhuwit iki uga diadani ing Kotagede dhewe. Bedane, ing Kotagede Ki Prawiro Suwarno anggone nyebar dhuwit mung numpak jaran ijen. Nalika wektune rada longgar, Ki Prawiro Suwarno nunggang jaran dhewe mubeng Kotagede. Dheweke wis nyiapake dhuwit sing arep disebar.

Menawa papan sing arep disebari dhuwit mau katon sepi ora ana pawongan, dhuwit sing digawa mau banjur disebar ing pinggir dalan. Embuh mengko sapa sing njupuk, dhuwit-dhuwit kuwi wis dadi rejekine sing nemu. Mula, ana wae warga sing meneng-meneng ngetutake lakune Ki Prawiro Suwarno. Ing papan Ki Prawiro Suwarno mandheg, ing kono tinemu dhuwit, embuh kethip, sen, utawa ringgit.

Ritual sing luwih aneh anggone nyebar dhuwit isih ana maneh. Nalika Ki Prawiro Suwarno rampung anggone mbangun omah anyar, (omahe anyar akeh) ritual nyebar dhuwit kayadene dadi ritual wajib. Sadurunge omah anyar kuwi diisi perabotan, Ki Prawiro suwarno deleh dhuwit akeh ing pojok-pojok kamar. Sauwise kabeh siap, dheweke banjur mateni lampune (sadurunge jaman kamardikan, Kotagede wis ana listrik), saengga kamar kuwi peteng ndhedhet. Mata sing awas wae ora bakal meruhi tumpukan dhuwit sing akehe ora mekakat kuwi.

Ki Prawiro Suwarno banjur ngundang tangga-tanggane ing Tegalgendu. Kabeh diundang,  lanang wedok, enom tuwa, gedhe cilik, kabeh teka lan mlebu ing kamar sing peteng mau. Wong-wong mau ora diidini njupuk dhuwit sasuwene Ki Prawiro Suwarno isih ana ing kamar kuwi.

Nalika Ki Prawiro Suwarno ninggalake kamar, kuwi pratandha wong-wong wis diidini rayahan dhuwit. Ora gantalan suwe, swara regudug, pating jerit, keprungu ing kamar sing peteng ndhedhet kuwi. Ana sing ketindhihan, kesikut, kejlungup, kecethit, lan sapanunggalane. Swara tangis kelaran lan jeritan, keprungu ing kamar kuwi. Swasana kemruweg kuwi dumadi sauntara.

Lan dumadakan, embuh sapa sing ngurubake, lampune diurubake. Byar! Padhange lampu mblerengi mata wong-wong sing padha rayahan dhuwit kuwi. Ing jobin, pranyata isih akeh dhuwit sing gumlethak. Mula, umyege wong-wong padha rayahan dhuwit dumadi maneh. Jeritan, gerundelan, lan tangisan keprungu maneh.

Saka maneka ritual aneh kuwi, mula Ki Prawiro Suwarno sansaya moncer jenenge minangka Wong Sugih saka Tegalgendu.

Sainem, 81 taun, juru kunci pasareyan kuburan Kalang ing kampung Gambiran (lor Tegalgendu, Kotagede), nyritakake, meh saben dina Ki Prawiro Suwarno lungguh ing kursi cedhak lawang omah.  Ngliga ora kaosan utawa klamben, awake lemu, Ki Prawiro Suwarno lungguh ing kursi kuwi karo ndelok wong liwat ing ngarep omahe sing magrong-magrong kuwi. Miturut Sainem, yen ora dadi karepe, Ki Prawiro Suwarno kerep nyuwara kasar, misuh-misuh sak kayange.

Ananging sing unik, wong sing dipisuh-pisuhi mau ora nesu, ananging malah seneng. Sebab, sauwise dipisuh-pisuhi, wong mau banjur diwenehi dhuwit ringgit, gunggunge ringgit gumantung kaping pira dheweke dipisuh-pisuhi. Yen dipisuh-pisuhi kaping lima, wong mau entuk dhuwit 5 ringgit. Jaman kuwi, dhuwit 5 ringgit klebu akeh banget.

Lha, wis tau ana kedadean sing ngguyokake ngenani Ki Prawiro Suwarno iki. Sawijining dina ana wong jaba Kotagede teka ing Kotagede, lan takon marang wong neng dalan, endi papan dodolan candu. Dening wong neng dalan kasebut, kanthi iseng diduduhake omahe Ki Prawiro Suwarno. Nalika tekan omahe Ki Prawiro Suwarno, wong sing arep tuku candu kuwi takon, apa bener ing omah iki dodolan candu.

Ditakoni mangkono, Ki Prawiro Suwarno muring, “Kene ora dodol candu. Asu bajingan!” Ki Prawiro Suwarno misuh-misuh sak kayange makaping-kaping. Marem anggone misuh-misuh,wong sing takon mau banjur diwenehi dhuwit sing akeh dening Ki Prawiro Suwarno.  

Bandha sing akehe ora jamak kuwi sansaya suwe ora sansaya suda, ananging malah tambah terus. Omah sing wis ana rumangsa kurang apik, luwih diapikake maneh. Pirang-pirang omah Kalang uga banjur dibangun. Omah Kalang-omah Kalang iki arsitekture ora mung biasa, ananging  beda klawan omah-omah sing wis ana.

Kayata, cagak-cagake modhel Yunani, ananging isih nguri-uri joglo khas Jawa. Ornamen temboke nggunakake marmer motif  Cina. Dene ing bageyan liya, arsitektur Belanda lan Itali uga kenthel. Karana cakrik arsitekture campur-campur, wong-wong Kotagede ngarani arsitekture omah Kalang kuwi kanthi sebutan arsitektur gadho-gadho.

Omah magrong-magrong warisane Ki Prawiro Suwarno mau, tekan saiki isih bisa ditemoni ing Jalan Tegalgendu, Kotagede. Omah Kalang-omah Kalang mau jejer-jejer ing Jalan Tegalgendu. Omah-omah kuwi papan dununge anak-anake Ki Prawiro Suwarno sing cacahe 8 mau, yaiku Hadi Noerijah, Prawiro Sumito, Haji Sirat, Prawiro Suprapto, Prawiro Suharjo, Prawiro Pratono, Prawiro Suwito, lan Prawiro Darsono.

Emane, saiki omah Kalang-omah Kalang kuwi wis diduweki wong liya, (akeh-akehe dituku Wong Kotagede), ora ana sing dadi duweke anak turune Ki Prawiro Suwarno maneh. Contone, Omah Kalang inti sing biyen dadi panggonane Ki Prawiro Suwarno, saiki dadi toko perak. Dene Omah Kalang ing wetan Kali Gajah Wong, disulap dadi restoran.

Lha, salah sijining Omah Kalang Kotagede sing bakal dicritakake keangkerane ing kene yaiku Omah Kalang warisane Hadi Noerijah, anake mbarep Ki Prawiro Suwarno. Emane, omah kasebut mataun-taun ora kopen lan suwung. Payon bocor, lawang lan cendhela akeh sing copot, tembok-tembok benthet, suket lan tetanduran rungkut, kabeh mau tinemu ing Omah Kalang Hadi Noerijah iki.

Senajan mangkono, tapak tilas menawa omah iki tilas duweke  wong sugih bisa tinemu ing komah iki. Kayata, lemari wesi kanggo deleh bandha, lan uga kaca patri sing rinengga ing cendhela lan lawang. Malah, ing plataran buri, ana guwa gawean sing biasa kanggo laku ritual Wong Kalang. Guwa kasebut tekan saiki isih dirumat kanthi apik.

Karana mataun-taun suwung, Omah Kalang warisane Hadi Noerijah kasebut banjur dadi omah angker, ditunggu lelembut saka maneka golongan. Budi Utomo, 80 tahun, warga asli Tegalgendu sing dipasrahi ngurusi lan resik-resik omah iki nyritakake, wis ora kaetung maneh dheweke krungu lan weruh wewujudan sing nggegirisi ing omah iki. Contone, ing wayah bengi, lawang kayu ing sisih kulon, tanpa ana angin mbukak lan nutup dhewe makaping-kaping.

Ana maneh liyane, dheweke uga tau krungu swara gamelan sing mlaku ing lurung-lurung omah, ananging ora ana wujude. Utawa, dheweke uga tau meruhi gajah putih siluman sing mlaku-mlaku ing dhuwur gendheng. Swara lakune keprungu cetha. Sing luwih medeni, gajah putih siluman kuwi nggereng sero banget. Ora mung gajah putih, ing dhuwur gendheng omah Kalang iku, Budi Utomo uga meruhi siluman macan sing mlaku-mlaku.

Bejane, Budi Utomo iki klebu pribadhi sing kendel. Ya, senajan dheweke uga tau meruhi cagak-cagak ing tembok omah Kalang iki murub ing wayah bengi. Utawa, meruhi kethek-kethek pating grandhul ing wit pelem ngarep omah. Kabeh mau ora ndadekake Budi Utomo lunga saka omah iki. Dheweke tetep krasan ngurusi omah Kalang iki.

Miturut Budi Utomo, sing paling medeni kanggo dheweke yaiku lelembut sing wujude menungsa ananging sirahe ula. Wewujudan mau sing mbaureksa sumur tuwa ing plataran mburi omah. Menawa lagi nesu, menungsa sirah ula mau ilate melet-melet lan njenggelek.  

 “Wah, jan, medeni tenan. Wis tau ana guru SD sing ora percaya keangkerane omah iki. Lha, awan-awan dheweke karo murid-muride mlebu ing jero omah. Embuh amarga apa, guru lan murid-murid mau kabeh njerit lan mlayu metu. Munine, kabeh padha diweruhi sesawangan sing nggegirisi. Wiwit kuwi, kabeh wis ora wani maneh mlebu ing omah iki,” ujare Budi Utomo.

Bejane, Omah Kalang warisane Hadi Noerijah sing ora kopen lan suwung kasebut, saiki dituku dening Pemerintah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Omah kasebut didandani, diopeni, lan dislametake.  Wragad sing ora sethithik mau nggunakake Danais (Dana Keistimewaan). Omah Kalang sing kondhang angkere kuwi, saiki katon resik, macak, lan digunakake kanggo Kantor Sekretariat BPKCB (Badan Pengelola Kawasan Cagar Budaya) Kotagede. *** (Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus