Sang Empu II
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 431 kali

Samulihe saka omahe Mbah Sastro, Marsidi rada bingung olehe mikir. Sedyane pancen mung arep nglipur Mbah Sastro Gender, nanging merga notole ati njur rada ke­majon olehe omong. Ngaku wis duwe rombongnan karawitan sing mumpuni dumadi saka bo­cah enom-enom kabeh. Jaman saiki lha gek bocah ngendi sing mumpuni karawitan?

Sedina sewengi Marsidi mi­kir. Wekasan nemu akal. Malah batine sumbar: ah, dhalang mangsa kuranga lakon. Ah, kethek mangsa ora bisa menek. Esuk iku Marsidi nemoni mitra kenthele, padha dene ahli ka­rawitan, sing dadi dhosen ing Institut Seni Indonesia Surakarta. Jenenge Bambang Sasmita.

“Esuk-esuk mrene, jujur wae arep njaluk apa?” takone Bam­bang guyon kaya adate.

“Bisaku ki pancen lagi njaluk,” saure entheng karo mapan lungguh. “Suk nek aku wis sugih dakwenehi apa-apa genti.”

“Njaluk apa?”

“Njaluk tulung,” saure Marsi. “Ngene critane ... “

Marsidi nyritakake anggone mentas nemoni Mbah Sastro Wijoyo, sang empu karawitan kang katone rada setres nggagas dina tembene sastra lan budaya Jawa.

Sawise rampung critane Marsidi, Bambang nanggapi, “Aku bisa maklumi pangrasane Eyang Sastro. Tumrap dhe­weke, karawitan iku wis dadi balung sungsume. Dadi yen karawitan kropos, padha wae balung sungsume Eyang Sastro kropos kabeh. Niyatmu nglipur dheweke, rak ngono ta?”

“Iya, kanthi aweh bukti yen bocah enom-enom saiki uga akeh sing ketarik nyang karawitan khususe, budaya Jawa lan Nusantara umume.”

“Gampang ta Marsi,” ucape Bambang.

“Gampang piye?” paidone Marsi.

“Lha awake dhewe iki jan-jane rak pancen wis duwe rombongan karawitan mudha-mudha, sing wis kerep diajak klenengan utawa sok nabuhi wayange Dhalang Sunu kae.”

“O, iya ya. Ning sing sok kok ajak kae mung bocah pira?”

“Ah, gampang, mengko ditambahi ma­hasiswaku liyane, dakpilihane sing pinter-pinter njur pisan didhapuk paguyuban, diwenehi jeneng, mengko dikepyakake, ketuwane kowe.”

“Wah, ya aja njur aku ketuwane,” ban­tahe Marsi. “Ketuwane kowe sing dhosene bocah-bocah. Aku ki paling pol ya wakilmu wae, wakil ketuwa bageyan ing desa, ngono wae.”

“Wah, aneh-aneh wae kowe ki. Ya wis mengko gampang. Sing penting Eyang Sastro dadi yakin yen satemene isih akeh bocah angkatan mburi sing kepengin marsudi seni budayane dhewe.”

“Iya,” ucape Marsi katon lega. “Sate­ruse borong olehmu ngeguhake.  Wondene pagelarane ana ngomahku suk kapan, dakgolek dina sing prayoga, mengko aku terus ngabari Eyang Sastro lan sliramu.”

“Dadi!” ucape Bambang Sasmita netepake.

Wis ayem atine Marsidi. Rombongan karawitan para mudha sing secara ngawur disebut ing ngarepe Mbah Sastro wingi jebul……………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus