Prajurit Putri Kraton Ngayogyakarta
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 154 kali

Jan-jane emansipasi wanita mono wis ana wiwit jaman ja-majuja utawa jaman sadurunge RA. Kartini lair. Ning gandheng RA. Kartini kuwi pancen kawawas darbe kawigaten kang gedhe tumrap kemajuwaning para wanita ing Nuswantara murih sejajar  hak-hake klawan priya ora mung trima dadi kanca wingking wae, mula RA Kartini  dening pemerintah Republik Indonesia banjur kanugrahan sesebutan Tokoh Emansipasi Wanita sing dipengeti  saben taune ing dina kelairane ing tanggal 21 April.

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kang madeg dhek taun Be 1680 Jawa utawa 1755 M wiwit jaman semana tekan seprene kagungan prangkat abdidalem kang tinanggenah nanggulangi bebaya lan sakehing pakewuh kang kira-kira arep ngreridu katentremaning praja. Abdidalem kasebut aran prajurit, kang padha apawakan kiyeng  utawa teguh santosa, gamben-gamben turta tanggon ngadhepi sakehing bebaya lan pakewuh kang nekani ing bhumi Mataram. Apamaneh kang mandhegani ora liya Ingkang Sinuhun ingkang jumeneng kanthi ngagem sesebutan Senopati Ing Alaga sing tegese miturut basa saiki karan Panglima Perang Tertinggi kaya sing nate kasandhang dening Bung Karno.

Kanggo njaga murih negari Ngayogyakarta ora bakal wani nyenthulani marang kabeh trekahe Walanda lan ngemungna mung dadi prajurit kang tinaggenah njaga katentreman kraton lan Sultan sarta diajab mung kanggo upacara tradhisi yen miturut tembung saiki karan prajurit seremonial wae, mula ing Prajanjen Giyanti ditemtokake lan wis padha disarujuki, menawa cacahing prajurit kraton Ngayogyakarta ora bakal luwih saka wong sewu. Nalika semana kang napak astani  Kangjeng Pangeran Mangkubumi kang samengkone juemeneng nata ana Ngayogyakarta kanthi jejuluk Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengkubuwono I. Dene saturahe prajurit, padha didadekake abdidalem kang duwe ayahan lan jejibahan seje.

Senadyan wis dudu aran prajurit perang, nanging kagawa wis tau dadi prajurit kang tansah nampa gemblengan keprajuritan, mula jiwane prajurit uga ora bakal luntur lan ing sawanci wanci ana parigawe mesthi bakal padha tansah siaga ing gati ngrungkebi bhumi wutah getihe, alias mbelani praja lan ratu Gustine.

Ing sekawit prajurit mau tumindak netepi pasarujukan kasebut. Nanging seje panggalihe Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom duk rikala semana, kaasta dening BRM (Badhara Raden Mas) Sundara, kang sabanjure jumeneng nata kanthi jejuluk Ngarsa Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng (NDISK) Sultan HB II. Penggalih dalem Kangjeng Sinuhun isih tansah ngingit-igit marang Kumpeni Walanda, isih tansah kagungan penggalih nundhung penjajah Walanda saka bhumi Mataram. Mula ora aneh menawa panjenengane mbaka sethithik lan kanthi sesideman tansah muwuhi cacahing prajurit.

Kajaba wadya Prajurit  kang dumadi saka para priya, Ingkang Sinuhun uga yasa bregada prajurit putrid utawa wanodya  kangaran Langen Kusuma sing akeh cacahe. Ing serat Rerenggan Karaton cinandra:

“…yen pepara njeng Nerpati,

prajurit Langen Kusuma,

cara priya pinrajurit,

pra bandara pra estri,

tan pawestri lir wong kakung,

samya monggeng turangga,

senemuwaken neng wajik,

kiter aneng alun-alun pepungkuran,

Miwah adreling sunapan,

tan mantra lir widodari,

anglir putraning kajiman,

Langen Kusuma prajurit,

lamun nyenjata peksi,

lan saragam pemawasipun,’kapisan kena pejah,

lamun panen nJeng Narpati,

ngarsaken ni-ani ngasta piyambak,

Prajurit Langen Kusuma,

pra bendara nderek sami,

tumut ni-ani sedaya,

Langen Kusuma prajurit,’binusanan di luwih,

tekeng putra sentana gung,

Bupati samantriya….”

 

Kejaba prajurit Langen Kusuma, Ngarsa Dhalem Ingkang Sinuhun Kangjene (NDISK) Sultan HB II wiwit nalika isih jumeneng Gusti, yasa golongan golongan prajurit pirang pirang bregada. Kayata prajurit Jagawesthi kang macak lan moncer banget penganggone. Uga yasa prajurit Mandrapratama, kang ageman tumbak lan bedhil, cacah sabregada. Iyasa maneh prajurit Prawiratama, Yudhapratama, cacah rong gendhera, panganggone padha edhi banget, mangkono uga gegamane kang arupa tumbak lan bedhil, cacahe uwong ana rong atusan, mung prajurit Mandrapratama cacahe rong kupang (sakupang = wong 400, dadi rong kupang = 2 X 400 = wong 800).

 

Cawe-sawe

Gandheng nalika samana NDISK Sultan HB II dhawuh yasa mriyem, mula banjur uga yasa prajurit dharat kang tinanggenah njaga mriyem, yen saiki diarani prajurit artileri.  Cacahing prajurit banjur ngluwihi cacah prajurit kang wis ditetepake ana layang Prajanjen Giyanti, mula Kompeni Walanda sajitine ora seneng lan sarujuk marang kersane Ingkang Sinuhun mau. Mangka tata laire Walanda pancen tansah cengkah karo penggalih dalem iku.

Njebluge perang Diponegoro utawa kang sok karan perang Jawa  suwe-suwe dadi dalan lan jalaran tumrap Kumpeni anggone duwe karep nedya nyuda kekuwatan lan cacahing prajurit Kraton. Ora sepisan kuwi (bakda perang Diponegoro) anggone nyuda, nanging prasasat saben ana kang ganti jumeneng, mesthi bab keprajuritan dadi salah sijine rembug umyek sadurunge kontrak politik antarane Gubernemen lan Kraton ditapakastani  lan sing kena dipesthekake cacahing prajurit kraton  sangsaya suwe mesthi sangsaya disuda cacahe. Nganti suwening suwe cacahe mung kari sakupang, tur wis padha ora samekta ing prang maneh. Mung prasasat kari prajurit pacakan utawa seremonial wae. Jalaran mbaka  sethithik kaprigelane prajurit olah gegaman disuda. Mriyem yasan dalem kang maune 30 cacahe lan dipapanake ana sandhuwuring beteng sakupenging kraton banjur dilorot lan kang tinanggenah jaga banjur disowak. Dumadine mriyem iku ana ing taun Alip 1739 J (1812 M).

Ing babagan  prajurit Kraton Ngayogyakarta iki Gubernemen uga meksa melu cawe-cawe (campur tangan) mikir kaperluwaning penganggo lan gegaman. Kayadene prajurit ketanggung lan Mantrijero padha dipenganggoni cara militer  Walanda (disumbang). Uga nalika semana NDISK HB IV ngagem ageman militer Jenderal Major utawa Mayjen. Ing taun Je 1766 J (1838 M) Gupernemen Walanda nyumbang bedhil cacah 400  iji kanggo gegamaning prajurit Kraton. Bedhil bedhil kasebut tau diganti bedhil kang diarani “achterlaad” kang pengisining patrum saka mburi lan ing taun taun kur-kuran ngarepe telung puluhan diganti karaben.

Nalika  NDISK  Sultan HB IX jumeneng nata, Walanda uga ngudi sudaning prajurit nganti mung dadi prajurit seremonial thok tumekaning saiki. Bab iki sejatine wis wiwit jaman Sinuhun HB VII lan jeneng jenenging golongan prajurit kang uga isih bisa disumurupi tekan saiki : 1. Wirabraja (rong gendera), 2. Dhaeng, 3. Patangpuluh, 4. Jagakarya, 5. Prawiratama, 6. Nyutra (rong gendera abang lan ireng), 7. Ketanggung, 8. Mantrijero (kang asikep tumbak jenenge Langenastra), 9. Surakarsa (ing jaman mbiyen dadi prajurit kadipaten), lan 10. Bugis (prajurit kepatihan ing jaman kunane).  Rong gendera kang pungkasan iki jaman mbiyen ora melu upacara garebeg, nanging ing jaman samengko tinanggenah ngamping-ampingi wiyose kagungan dalem gunungan garebeg nalikane diarak menyang Masjid Gedhe.

Kajaba kuwi, isih ana golongan prajurit kang mligi, aran Somaatmaja, kang tinanggenah njaga kasugengan dalem (pengawal pribadi) NDISK Sultan  HB, kang rupane memper prajurit Nyutra Ireng, gamane pedhang lan tameng.

 

Geladhen

Tekan taun 1940an, prajurit kraton kuwi kejaba duwe ayahan njaga katentremaning praja lan sultan, uga darbe kuwajiban ngawal upacara kenegaraan. Manawa garebeg lan yen ana miyosan panjenengan dalem nata uga tinanggenah nganakake “gladhen” ngarepe garebeg, gladhi reged (menganggone pranakan), lan gladhi resik (menganggone kaya yen garebeg, kajaba Nyutra ora borehan, nanging klambine nganggo lengen sutra kuning lan ora sumping jembang mlati). Mapane gladhen ana ing Alun alun Kidul (pungkuran) lan baris mubeng Alun alun, yakuwi baris macak (defile).

Apik banget ditonton, mula menawa ing wektu saiki nalikane UU Keistimewaan Yogyakarta wis lumaku kaya pas banget menawa gladhen kasebut diuripake maneh, bisa dadi tontonan pariwisata kang mesthi antuk kawigatene para wisatawan manca lan lokal. Becike dadi panggalihane Tepas Keprajuritan lan Kraton sarta Dinas Kebudayaan DIY. Mesthi ana bebadan kang saguh nyaosi pambiyantu ngrembug bab iki.

Kuwajiban liyane ing jaman kawuri, yakuwi  nindakake caos utawa  yen tembung saiki diarani piket alias jaga malem. Ancase kajaba njaga kawilujengane Kraton saisine, uga ngunekake repeli ing saben jam 18.00, 20.00 lan 05.00 esuk, minangka pratandha tutup lan bukaking regol Kraton (menawa sadhurunge taun 1922 uga pratanda tutup lan bukake pintu ing plengkung-plengkung kayata plengkung Nibaya kang kaawentar kanthi aran plengkung Gading lan plengkung Madyasura utawa plengkung Wijilan). Anggone ngunakake reveille saka plataran Kemagangan Kraton, suwarane tambur lan slompret tumlawung kaprungu saka ngendi-endi, nganti tekan njaban beteng adoh.

Kang pungkasan iki wis ora tau kaprungu wiwit Jepang ngebroki Nuswantara, nanging miturut ujaring kandha, wiwit tanggal 1 Maret taun 1980-an rapeli iki diunekake maneh, senadyan ora nyandhang kaya jaman biyen (pranakan), nanging sandhangan padinane dhewe-dhewe. Lan maneh, mapane ora ana ing pltaran Kemagangan Kidhul, nanging ana ing plataran Sitihinggil Lor. Mendah becike menawa bab iki uga bias dikawruhi dening akeh lan dadi pasugatan pariwisata nambahi kaskayaning pasugatan tumrap Kraton Ngayogyakarta. Mbokmenawa ing bab iki Dinas Kebudayaan makarya bebarengan karo Dinas Parisiwata DIY uga bisa nyaosi pambiyantu arupa apa bae amrih bisa narik kawigatening para turis manca lan dhomestik.

Uga ana pawarta, yen mbarengi karo bab mau saben bengi uga ana rondha mubeng Kraton nindakake siskamling. Sing tinanggenah nindakake ora liya para wargane prajurit narendra Mataram (=prajurit Kraton Ngayogyakarta jaman samengko) sanadyan tanpa wragad, jarene giliran pendhak 20 wengi sepisan, Muga muga Kraton Ngayogyakarta tambah tentrem lan lestari. (Sigromilir)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!