Ing kahanan kang normal mangsa ketiga
ing Tulungagung diwiwiti pertengahan wulan April. Senajan wiwit wulan April
2018 udan ing Tulungagung wis arang ceblog, petani ing dhaerah kasebut isih
akeh sing percaya yen ana udan kiriman sawayah-wayah bisa mbialeni tenan.
Nanging tumrape sing wegah repot (krana yen nandur
pari gadhu dadak golek banyu) banjur pilih nandur dhele. Wondene yen kepengin
asile luwih akeh yen dibandhing karo nandur pari pilih nandur jagung. Lha sing
pengin asile lumintu pilih nandur sayur (saben ndina bisa adol). Wondene sing
pengin asile luwih akeh maneh (yen panen bisa tuku mobil) pilih nandur semangka
utawa melon.
Wektu penulis panen pari (pertengahan Juli 2018) rada
kasep (tanggane wis padha nandur jagung, penulis durung panen pari), mula saka
kuwi banjur bingung arep diderepake apa dipaneni nganggo mesin? Yen mung lemah
50 ru gampang, ora ndadekake masalah. Yen diderepake wong 3, sedina mari. Lha
yen lemahe ana sahektar (700 ru) banjur kapan marine? Lha yen dipaneni nganggo
mesin anggone mepe ana ngendi? Pungkasane kanthi tetimbangan amrih praktise
lan irite banjur dipaneni nganggo mesin.
Sakjane, senajan ora nganggo mesin, amrih cepete
gampang. Yen biasane mung diderepake wong 3, malih diderepake wong 25. Sedina,
yen wong telu bisa entuk lemah 50 ru. Lha yen wong 25 banjur lemah pira? Ya
kari mara 3 banjur dipingne 50 (25 : 3 x 50=400 ru luwih). Banjur yen lemah
sahektar marine pirang ndina? Ya mung kurang rong ndina (700 : 400=2 kurang)
Ning sing mesthi repot, wong-wong sing ibut ana pawon.
Amarga yen mung ngingoni wong derep 3, mung cukup dimasakake ibune bocah-bocah.
Wondene yen repot, mung cukup ditukokake ana warung. Lha yen dadak ngingoni
wong derep 25, sing mesthi tanggane melu katut repot, disambati ngrewangi
masak. Durung yen wayahe ngirim wong derep, sing mesthi wong saomah kanggo kabeh.
Kaya padatan saben panen pari, gabahe mesthi diwadhahi
pethet. Sadurunge diusungi mulih, pethete didondomi dhisik. Sarehne sing
ngusungi mulih ya sing duwe sawah, yen mung ngusungi panenan lemah 50 ru ya ora
ndadekake masalah. Amarga yen diusungi nganggo sepedha motor mung 12 usungan.
Lha yen diusungi nganggo gledhekan mung kaping pindho. Lha yen lemah 400 ru,
anggone ngusungi marine kapan? Yen nganggo trek, mung sakjalan.
Beda yen dipaneni nganggo mesin, gabahe sing wis
diwadhahi pethet WlS diinggirake ana pinggir galengan cedhak dalan. Sarehne
saben “ngerit” metune wis gabah, gabahe langsung bisa dicicil diusungi mulih.
Beda yen diderepake, anggone ngusungi dadak ngenteni anggone nggereg.
Mung repote, yen nganggo mesin ora bisa ngerit
sawayah-wayah. Krana dadak ngenteni asate bun, anggone ngerit banjur diwiwiti
jam 10-an. Mula saka iku, sedina mung bisa ngerit lemah sabau (500 ru). Ngono
wae ora wani kliwat saka jam 8 bengi. Amarga yen nganti kliwat jam 8, wedi yen
bun wis ceblog, lan bisa ngrusak mesin.
Sakjane lemah sahektar iku yen diderepake wong 25
utawa dipaneni nganggo mesin padha, ora nganti rong ndina. Mung bedane, yen
nganggo mesin luwih praktis. Praktise mung mbutuhake tenaga wong 3. Saliyane
iku sing mesthi ngirit. Ngirite, yen wong 3 (nganggo mesin) kanggo biaya
sarapan, mangan, rokok lan kopi mung Rp 350.000. Lha yen diderepake biayane
kanggo ngono kuwi ora kurang saka Rp 2.000.000.
Apa maneh yen dietung saka sumbud orane, genah yen
sumbud nganggo mesin.
Saliyane gabahe utuh (ora kelong bawon), damene payu
didol. Sarehne sing tuku damen ora repot dadak ngeler, saben lemah 100 ru
payune Rp 150.000. Yen saben lemah 100 ru metune gabah 6 kental, lemah sahektar
bisa metu gabah 4,2 ton. Gabah 4,2 ton kasebut, yen diderepake kelong bawon
5,6 kental. Gabah teles kasebut yen didol payu Rp 2.240.000.
Mula biaya diderepake yen digunggung karo regane bawon
ketemu: Rp 2.000.000 + Rp
2.240.000 = Rp 4.240.000. Lha biaya nganggo mesin yen dikurangi payune damen:
Rp 2.800.000 (biaya ngerit) + Rp 350.000 (biaya
mangan) - Rp 1.050.000 (payune
damen) = Rp 2.100.000.
Iki yen nganggo mesin skyroad. Lha yen ora nganggo
mesin jinis iki, damene ora payu didol krana motonge ora saka ngisor. Mung yen
nganggo mesin jinis skyroad biayane luwih larang, saben lemah 100 ru Rp
400.000. Lha yen ngganggo mesin jinis liya biayane luwih murah, saben lemah 100
ru Rp 350.000. Ning krana yen nganggo mesin skyroad damene payu, pungkasane
panggah murah nganggo jinis mesin iki.
Mesin jinis skyroad iki ing Indonesia mung ana ing
Tulungagung. Mesin iki asale saka Korea. Sing nggawa menyang Tulungagung
Sumari (40). Kenale penulis karo Sumari krana tangga pepet desa. Yen Sumari
warga Desa Buntaran, Kecamatan Rejotangan, Kabupaten Tulungagung, lha sing
pepet karo omahe dheweke ya sawahe penulis sing ana Dusun Padangan, Desa
Karangsari, Kecamatan Rejotangan.
(Budiono
SPd)
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.