Qiyamat iku Nggegirisi (10)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 11 kali

(9).    Fenomena (kahanan) Suwarga.

Fenomena (kahanan) Suwarga sarta sekabehing kanikmatan kang dumadi ana ing Suwarga. Ing babagan iki, Imam Ghozali, ahli tasawwuf kang kawentar, nerangake manawa kahanan Suwarga lan Neraka iku pindha omah kang kebak kanikmatan sarta omah kang kebak kasangsaran. Sok sapa wonge sing adoh karo salah sijine omah mau, dheweke bakal dipapanake ana ing omah sijine.  Semono uga suwalike. Mula saka iku tuwuhna ana ing sajerone atimu, rasa wedi (ndhedhipe) lan mikirake ka­sangsaran-kasangsaran kang tumapak ana ing Neraka Jahanam. Kajaba saka iku aja enteking pangarep-arep sajeroning ati nuranimu, sarta ngeling-eling kanikmatan kang langgeng (lestari) tumraping ahli Suwarga.

Gegandhengan saka iku, ayo giringen nefsumu mawa (nganggo) cemethi wesi  sarta gelaken (arahkan) migunakake kendhali, ing pangajab tumuju marang  dalan kang bener lan pener. Kanthi mangkono awakmu bakal pikoleh kabegjan lan kamulyan kang agung sarta kalis saka adzab Neraka kang nggegiri.

Imam Ghozali nerusake nasehate, supaya kita bisa mikir lan nggam­barake kahanan ahli Suwarga. Wong-wong mau padha sumunar cahya kanikmatan dinulu  saka praupane (wajahnya). Wong-wong mau padha pinaringan inuman (omben-omben) saka madu lan khamer asli, sing murni. Padha thenguk-thenguk ana ing dipan lan sakiwa tengeni mili kali-kali. Dikupengi ndening bocah cilik-cilik (remaja) sarta widodari-widodari kang ngresepake pandulu. Widodari-widodari mau pindha jamrut (mutiara) sing durung nate disenggol dening manungsa lan bangsa jin sak durunge, ora bakal dadi tuwa kang siningid (disingidake) ana ing kemah-kemah. Uga kinubengan dening widodari-widodari sarta gelas-gelas isi unjukan, banyune saka banyu kang mili. Uga kinubengan dening pambiyantu-pambiyantu sarta kanoman-kanoman pindha mutiara kang sumimpen. Iku kabeh minangka piwales (ganjaran) apa kang wus padha ditindakake

Wong-wong mau mapan ana ing panggonan kang aman, kinubengan dening taman-taman sarta sumber-sumber. Yaiku taman-taman sarta kali-kali kang kebak swasana sing nye­nengake ing pangkone Dzat Kang Maha Agung. Hiya mapan ing kono iku para ahli Suwarga bisa ndulu pa­suryaning Dzat Kang Maha Agung kanthi keparengE (izinE), saengga katon sumunar dinulu saka praupane, wong-wong mau. Hiya wong-wong iku kang pikoleh kamulyan kang wus dijanjekake dening Allah. Apa bae sing dadi pepenginane mesthi kelakon sarta sakala (langsung). Wong-wong mau ora nate wedi lan sedhih, sarta padha nikmati lan ngonsumsi (makan) panganan surgawi. Omben-ombene saka kali kang arupa susu, khamer lan madu. Wong-wong mau aman mapan ana ing kono lan ora bakal ngalami kematian.

Mula hiya nggumunake banget tumraping wong kang ngeyakini anane Suwarga sarta samubarang sifate. Sarta uga ngeyakini, manawa ahli Suwarga iku ora bakal tumapaking pati (langgeng), ora ngrasakake lara, ora kataman bebaya. Tumuli dheweke luwih nyenengi Donya, sing wus kepareng katetepake dening Allah bakal ancur, lha kok (jebul) dheweke rumangsa tentrem urip ana ing Donya.

Imam Ghazali nerusake nasehate (tausiyahe): “Lha, saupama ana ing Suwarga iku, ora ana kajaba mung saderma pikoleh keslametan awak, rasa aman saka tumapaking pati, rasa luwe, ngelak sarta sekabehing jinis kesusahan (tanpa ana kenikmatan istana), widodari, kali sing mili susu, madu lan liya-liyane, temtu iku kabeh wus nyukupi kanggo meper nefsu, ngedohake syahwat Donya sarta ora milih kanthi ngrekasa mung saperlu pikoleh kenikmatan Donya. Lha apa maneh manawa ahli Suwarga iku dadi ara raja kang tansah aman, begja kemayangan, krana sawernaning kanikmatan sing padha dadi pepenginane sarta dikeparengake (diizini) ndulu PasuryanE Dzat Kang Maha Agung, sing njalari bisa ngrasakake sekabehing kanikmatan ing Suwarga sarta para ahli Suwarga iku bakal langgeng kanthi kanikmatan iku. Uga ora bakal nistha (binasa) selawase. Hiya krana swasana kang kaya mangkono mau umat manungsa padha milih Suwarga sarta ora seneng (benci) marang babagan kadonyan.

Sabanjure Abu Hurairah nerangake, manawa Rasulullah saw kepareg paring pituduh, sing maksude mangkene: “He para ahli Suwarga! Satemene sira kabeh bakal tansah waras-wiris (sehal wal’ afiyat) lan ora bakal ngalami lara abadi (selawase), sira bakal tansah urip sarta ora bakal napaki palastra (mati) abadi (selawase), sira bakal tetep dadi kanoman, ora bakal dadi tuwa selawase. Sira bakal urip seneng-seneng lan ora bakal ngalami susah selawase. Mangkono mau trep karo dhawuhe Allah singmaksude: “Hiya Suwarga iki sing Ingsun paringake marang sira kabeh, jalaran amal kang wus padha sira tindakake.” (Q.S.Al-Araf(7):43).

 

(10). Suwarga iku ngluwihi.

Maksude, Suwarga iku satemene (kenikmatane) ngluwihi karo apa kang diangen-angen ana ing sajeroning ati. Pepindhane, pangentha-entha ing angen-angen, papan kanggo nyeleh cemethi iku luwih becik katimbang Donya dalah sak isine. Ing babagan iki Abu Hurairah nerangake, manawa Rasululah paring dhawuh, mangkene maksude:

Allah wus kepareng paring dha-wuh, mangkene maksude, “Ingsun wus kepareng nyepakake tum­raping kawulanIngsun kang shaleh, (yaiku) samubarang kang durung nate dinulu (dide-leng) dening pandulu, durung nate dirungu dening pangru­ngu, sarta durung nate ginurat (terlintas) ing uteging ma­nungsa. (Iku mono) minangka nguwatake saka apa kang tinulis ana ing kitab suci Al-Qur’anul Karim, mangkene maksude: “Ora ana sawijining awak kang sumurup barang kang disidhemake lan dicawis-ake tumrtap wong-wong iku, yaiku kang nengsemake ing panadulu, ganjaran (pahala) ana ing Suwarga, minangka piwalese kabeh amal kang wus padha ditindakake.” (Q.S.Sajdah):32:17, Hr.Bukhari).

Kajaba saka iku, Ibnu Abbas r.a. ngriwayatake mangkene ujare, manawa Njeng Rasulullah paring dhawuh: “Ora ana samubarang kang ana ing Donya iki, sing mengkone ana ing Suwarga, kajaba mung padha jenenge (arane). Hakekate madu ing Suwarga, ora padha karo madu  ing Donya. Hakekate khamer ing Suwarga, ora padha karo khamer ing Donya. Sarta hakekate anggur ing Suwarga, iku uga ora padha karo anggur ing Donya.” Nalika awakmu maca gambarane nikmat utawa kanikmatan ana ing Suwarga  kang ginurit (terbesit) ing sajeroning atimu, bab kanikmatan iku, becik arupa bandha utawa kaendahane (sing banget nggumunake), iku sejatine luwih nggumunake maneh, karo apa sing kok waca, sarta luwih endah katimbang apa sing kok angen-angen iku.

Sateruse Abu Hurairah uga nerangake, manawa Rasulullah ngendikakake “Pucuking panah sawijining pawongan  saka sira kabeh ing Suwarga, iku luwih becik katimbang papan njedhul lan surube Srengenge”. (HR.Bu-khari, Muslim). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ana Gusti papane se­mendhe kang kukuh, geneya wedi tiba. Ana Gusti kang kagu­ngan tresna sejati, ge­­neya wedi kela­ngan. Ana Gusti pang­gonane nyenyuwun, geneya wedi kentek­an? Pasrahna saka­behe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Klik

60 TAUN ORA ADUS

Adus saben dina penting banget kanggo njaga kesehatane awak. Nanging ora mangkono tumrape Amou Haji, priya tuwa asal Iran iki malah lara kabeh kulite yen kena banyu. Mula dheweke ora tau adus sasuwene 60 taun iki. Nganti-nganti dijuluki priya paling kotor sadonya. Kepriye ora, werna kulite wis padha karo wernane lemah, semono uga teksture atos kaya semen saengga kerep dikira patung yen lagi lungguh meneng wae. (d/ist)

Pethilan

Pirembugan cawapres durung rampung

Dudu mung ngomongi ban serep

Disiapake rekayasa lalu lintas kanggo Asian Games

Jalur zig-zag sepedhah uga ana

Penduduk desa bisa saya miskin

Nah, kena kanggo bahan adol kam­panye