Ing Pundhen Mbah Soreng Pagelaran Wayang Klithik Ora Kena Ditinggalake
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 7 kali

Tradhisi sedhekah bumi kang di­anakake ing Desa Tanjung Rejo Keca­matan Margoyoso Kabupaten Pati Jawa Tengah. Rada beda lan unik, ndhuweni ciri khas sing ora tinemu ing dhaerah liya. Sanajan dileksanake saben taun sepisan isih tetep narik kawigaten para warga.

Acara sedhekah bumi kuwi dipunjer­ake ing Pundhen Mbah Soreng, dening warga masyarakat dianggap sakral sing ana gandeng cenenge karo cikal bakal desa kasebut. Lan kabeh warga padha ngumpul ana pundhen nggawa umba­ram­pe sajen diselehake ngarep pun­dhen, kajaba iku sangarepe punden uga disiapake pagelaran wayang klithik lan adat jolen sing kudu dileksanake ora kena ditinggalake.

Dene lumakune upacara sedhekah bumi katon isih sakral udakara jam 09.00 esuk wis disiapake umba rampe yaiku Jolen kang wujude gunungan sing diga­we saka bahan pring utawa rerangken kayu, kaya omah-omahan ditempeli ma­neka warna kertas sing njerone isine arupa sega saklawuhe, woh-wohan lan panganan. Diarak wiwit saka Bale Desa tumuju Pundhen Mbah Soreng. Arak-arakan kuwi dieloni dening Kepala Desa sa-perangkate lan uga warga masyara­kat ora keri melu ngetutake padha ngewangi mikul Jolen.

Sabanjure Jolen kang diarak nalika tekan ngarep Pundhen kasil narik kawi­gaten warga wis padha ngebaki papan kasebut, klebu pengunjung saka njaban dhaerah, mula sadurunge jolen diseleh­ake wis dadi royokan, dadi rebutan ora nganti 15 menit Jolen utawa gunungan sing saka Pak Kepala Desa arupa pari lan liyane saka 17 RT kuwi entek resik, ujare wong-wong sing melu royokan, Jolen sing kanggo royokan mau diper­ca­ya duwe kasiat yen disebarake ana sawah asile apik uga kanggo nolak ama sawah lan nglarisake dagangan.

Sawise arak-arakan Jolen. Kepala Desa, Perangkat Desa lan para warga kabeh padha ndonga ing ngarep Pun­dhen supaya ing Desa Tanjung Rejo ora ana rubeda kalis saka sambikala tansah tentrem kerta raharja. Sateruse bubar padha dedonga banjur ngubengi pun­dhen kaping telu

Miturut Keterangane Sukendar (56) sesepuh Desa Tanjung Rejo marang PS ngandhake, acara sedhekah bumi ngene iki, wis ajeg dianakake ing Wulan Apit Di­nane Setu Kliwon kanggone warga desa wis kadhung percaya minangka mu­judake warisan leluhur, yen Mbah So­reng iku pepundhene lan nganti saiki tetep isih diuri-uri.

 “Kajaba kuwi, tumekane saiki Pun­dhen Mbah Soreng isih dikeramat­ake ing Desa Tanjung Rejo, amerga akeh kada­deyan aneh-aneh ana Pundhen ka­se­but. Kaya durung suwe iki, yaiku ana wong papat lagi nganakake manganan utawa syukuran ing Pundhen nalika wis ngancik bengi banjur segone lan iwak pithik diga­wa mulih dipangan ana omah, bubar ma­ngan sanalika kuwi wong pa­pat te­rus padha mencret, wetenge lara. Ka­repe ben ndang cepet waras diprisake menyang dokter nanging ora enggal wa­ras malah sansaya lara wetenge nuli pawongan kuwi terus eling apa sing di­lakoni ana pundhen, banjur sowan mara ing Pundhen njaluk ngapura sinambi nggawa umba rampe. Wusanane bisa mbalik waras maneh,” critane Sukendar

Isih ujare Sukendar, nalika acara sla­metan/bancaan sanajan kuwi wis ditata, diatur senajan kuwi wong - wong tuwa mes­thi tetep padha royokan, sebabe Mbah Soreng nduwe klangenan yaiku ngingu pitik lan budeng. Mulane yen royokan segane bisa kecer-cecer iku per­tandha yen pitike lan budenge Mbah So­reng melu mangan, contone wektu Jolen diarak tekan Pundhen sedelok wae dadi royokan kabeh.

 “Ora mung bancakan wae sing unik, liyane yaiku ing ngarep Pundhen kudu ana pagelaran Wayang Klithik kanthi njupuk lakon Among Tani, Wayang Klithik kuwi wujude kaya Wayang Kulit nanging digawe saka kayu. Sing wis turun te­murun ana ing Desa Tanjug Rejo iki. Lan mung metu saka kotak wayang sarta dimainke utawa ditanggap saben taun se­pisan wektu ngepasi mung acara se­dhekah bumi. Dene pagelaran Wayang Klithik kasebut wayah awan, ora migu­nake kelir/layar kaya pagelaran wayang liya-liyane, mula kagolong unik sing ora tinemu ing dhaerah liya wiwit zaman nenek moyang iki wis ana,” ujare Su­kendar.

Sukendar nambahake, pagelaran Wa­yang Klithik iki ing Pundhen Mbah Soreng ora kena ditingalake lan ora kena diganti karo wayang liyane amerga yen sembrana bisa ndrawasi nemahi bilahi, biyen tau diganti wayang liya, nalika nganakake Jolen arep mangkat tumuju Pundhen dumadagan Kepala Desa ilang, wektu diluru tekan ngendi-ngendi malah ketemune ana kandhang sapi wis tilar ndonyo, “Mula tumekane saiki jenenge wayang Klithik ing Desa Tanjung Rejo tetep diuri-uri,” tuture Sukendar.

Sauntara kuwi manut Ketua Panitia Sedhekah Bumi Waji, SH mratelakake, ing Desa Tamjung Rejo anane Sedhekah bumi iki, pranyatane nduweni ciri khas unik sing ora tinemu ana Desa liyane. Ana pawai jolen yaiku saben warga gawe panganan arupa sego komplit salawuhe, uga woh-wohan banjur diwenehake kanggo sedhekah tumprap warga lan akeh uga warga saka njaban desa melu royokan. Njupuk sega diriwangi uyel-uyelan rebutan. Saka anane Jolen kase­but miturut mitos sega kuwi sing  diper­caya bisa berkah kanggo nglarisake da­gangan uga pertanian.”Lan acara ritual liyane sing kudhu dileksanake ing Pund­hen yaiku pagelaran wayang Klithik,” kandhane Waji.

Miturut Kepala Desa Tanjung Rejo Haryasit, Sedhekah Bumi iki wis dadi adat saka nenek moyang biyen dene tujuane kang baku ngaturake rasa syukur ma­rang Gusti Kang Maha Kuwasa sing paring kanugrahan, kajaba kuwi asil panene bisa lancar tanpa ana pepalang. Acara sedhekah bumi tumprap warga ing Desa Tanjung Rejo wis nyawiji jroning pangu­ripan. Iki dibuktekake yaiku sadurunge adat Jolen para warga padha iwut nyiap­ake umba rampe,” kabeh warga saben kaluwarga padha nyepakake umba rampe digawa menyang Pundhen Mbah Soreng,” jlentrehe. (Didik Andoyo)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ana Gusti papane se­mendhe kang kukuh, geneya wedi tiba. Ana Gusti kang kagu­ngan tresna sejati, ge­­neya wedi kela­ngan. Ana Gusti pang­gonane nyenyuwun, geneya wedi kentek­an? Pasrahna saka­behe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Klik

60 TAUN ORA ADUS

Adus saben dina penting banget kanggo njaga kesehatane awak. Nanging ora mangkono tumrape Amou Haji, priya tuwa asal Iran iki malah lara kabeh kulite yen kena banyu. Mula dheweke ora tau adus sasuwene 60 taun iki. Nganti-nganti dijuluki priya paling kotor sadonya. Kepriye ora, werna kulite wis padha karo wernane lemah, semono uga teksture atos kaya semen saengga kerep dikira patung yen lagi lungguh meneng wae. (d/ist)

Pethilan

Pirembugan cawapres durung rampung

Dudu mung ngomongi ban serep

Disiapake rekayasa lalu lintas kanggo Asian Games

Jalur zig-zag sepedhah uga ana

Penduduk desa bisa saya miskin

Nah, kena kanggo bahan adol kam­panye