Kareta Kanjeng Nyai Jimat, Paling Dikeramatake
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 108 kali

Para sutresna PS temtu wis padha pirsa, Keraton Ngayogyakarta Hadining­rat sasuwene iki kagungan kareta pusaka sing jenenge Kanjeng Nyai Jimat. Pancen, satleraman, kareta iki katone biasa, ora pati istimewa karana bentuke meh padha klawan kareta pusaka liyane. Ananging yen dionceki sejarahe, kareta Kanjeng Nyai Jimat pranyata ndudut ati banget. Sebab, bisa diarani, kareta Kanjeng Nyai Jimat kuwi babone kabeh kareta sing diduweki Keraton Mataram.

Mula, tekan saiki, akeh warga sing duwe kapercayan menawa kareta Kanjeng Nyai Jimat kuwi keramat lan sakral. Wong-wong sing percaya duwe penganggep, kareta Kanjeng Nyai Jimad ana daya magise sing kadhangkala ora tinemu nalar.

Lha, menawa ngonceki sejarahe kareta iki ing Keraton Ngayogyakarta, temtu ora bisa uwal saka Babad Giyanti. Sebab, ing Perjanjian Giyanti sing ditapak astani 13 Februari 1755, isine ing antarane yaiku nyigar Negara Mataram dadi 2, yaiku separo diperintah dening Susuhunan Pakubuwono II lan separone maneh dikuwasani dening Susuhunan Kabanaran sing sabanjure ajejuluk Sri Sultan Hamengku Buwono I. Manut Perjanjian Giyanti kasebut, mula Pangeran Mangkubumi Sukowati utawa Susuhunan Kabanaran diidini mbangun keraton dhewe.

Gegayutane Perjanjian Giyanti lan kareta Kanjeng Nyai Jimat, miturut pratelane KGPH Yudhaningrat, Perjanjian Giyanti kejaba nyigar keraton Mataram, pranyata uga ngedum pusaka keraton, ing antarane yaiku kareta pusaka. Kasunanan Surakarta entuk kareta kencana Kanjeng Kyai Gruda. Dene Keraton Ngayogyakarta diwarisi kareta kencana Kanjeng Nyai Jimat.

KGPH Yudhaningrat uga njlentrehake, ana versi loro ngenani kareta Kanjeng Nyai Jimad iki. Versi pisanan nyebutake, kareta Kanjeng Nyai Jimad iki digawe ing Negara Landa, udakara taun 1750, yaiku minangka sembulih saka Gubernur Jenderal Jacob Mossel marang Mataram. Kareta modhel Kanjeng Nyai Jimad iki ing donya mung kari loro, sing siji maneh yaiku disimpen ing museum Portugal.

Ing jaman biyen, kareta Kanjeng Nyai Jimad digunakake ing kirab jumenengen Sri Sultan Hamengku Buwono I nganti tekan Sri Sultan Hamengku Buwono VI. Ana uga sing nyebutake, kejaba ritual jumenengen, kareta Kanjeng Nyai Jimat uga digunakake ing adicara Gerebeg.

Kejaba versi ing dhuwur, versi sing beda maneh nyebutake, kareta Kanjeng Nyai Jimat kuwi kareta paringan saka Kanjeng Ratu Kidul, yaiku sasuwene Pangeran Mangkubumi perang ngrebut Mataram saka panguwasane Kumpeni.

“Kareta Kanjeng Nyai Jimat ditarik dening jaran pinilih cacahe 8. Ing antarane ana sing jenenge Kyai Sengkali lan Kyai Gandamana,” ujare KGPH Yudhaningrat.

Karana dipercaya saka Kanjeng Ratu Kidul, KGPH Yudhaningrat nambahake, ndadekake kareta Kanjeng Nyai Jimad disakrakale. Piyayi luhur Jawa ngendika, Kanjeng Nyai Jimat dialap berkahe, mligine ing malem Jum’at Kliwon utawa ing samubarang wektu. Sing padha percaya nyenyuwun marang Gusti lumantar Kanjeng Nyai Jimat.

 

Boros Kusir

Sauwise Sri Sultan HB VI, kareta Kanjeng Nyai Jimat wis ora digunakake maneh. Kejaba wis tuwa lan mbebayani, alasan liyane yaiku kareta Kanjeng Nyai Jimat iki boros kusir.

“Dadi, kusir kareta Kanjeng Nyai Jimat iki mesthi gonti-ganti, amarga para kusire padha mati. Jaman biyen, kusire saka Walanda. Ananging kusire padha mati,” jlentrehe KGPH Yudhaningrat.

Saiki, senajan wis ora kanggo kirab maneh, yen Keraton Ngayogyakarta arep ngadani upacara lan nggunakake salah sijining kareta keraton liyane, mula kudu ‘nembung’ dhisik marang kareta Kanjeng Nyai Jimat, yaitu kanthi cara menehi sesaji, dideleh ing ngisor kareta Kanjeng Nyai Jimat.

Miturut katrangane suwargi KRT Djodjoseputro utawa Mbah Joyo, abdi dalem sing dadi kenek kareta pusaka Keraton Ngayogyakarta, wiwit dheweke ngabdi ing Keraton Ngayogyakarta saka taun 1932, kareta Kanjeng Nyai Jimat wis ora digunakake dening Keraton Ngayogyakarta.

“Aku wis ora menangi. Kanggone sing percaya, kareta Kanjeng Nyai Jimat bisa menehi pitulungan, kayata nglancarake anggone usaha, nambani sing ketaman penyakit, menehi berkah bocah sing lagi golek ngelmu, lan sapanunggalane. Kuwi kabeh gumantung kapercayaan sing njaluk,” ujar Mbah Joyo.

Biasane, imbuhe Mbah Joyo, wong-wong kuwi teka ing malem Jum’at Kliwon utawa Selasa Kliwon, antarane jam 4 sore nganti setengah sanga bengi. Wong-wong kuwi padha nyenyuwun lan menehi sesaji ing ngisor kareta Kanjeng Nyai Jimat. Semono uga yen keraton arep nggunakake kareta pusaka, mula sesaji marang kareta Kanjeng Nyai Jimat ora oleh dilalekake.

Lha, dawane kareta Kanjeng Nyai Jimat dhewe udakara 10 meter, pamore saka wesi kanthi prada emas. Ing ngisor kareta ana ukiran kayu pa-tung wanita. Akeh sing percaya, wa-nita kasebut yaiku Kanjeng Ratu Kidul.

“Kuwi patung wanita sing lagi nggendhong rejeki. Sapa wae sing dadi raja, diajap bisa menehi rejeki marang kulawarga lan rakyate,” ujare Mbah Joyo. Mbah Joyo dhewe ngaku, senajan akeh sing nganggep marang daya magis sing diduweki kareta iki, ananging dheweke durung tau nemoni bab-bab mistis ing kareta Kanjeng Nyai Jimad iki.

 

Kangslupan

Saiki, kareta Kanjeng Nyai Jimad disimpen ing Museum Kareta Pusaka Keraton Ngayogyakarta. Museum sing mapan ing Jalan Rotowijayan, persise udakara 100 meter kidul kulon Alun-alun Lor Keraton Ngayogyakarta iki, nyimpen udakara 23 kareta pusaka. Ing antarane yaiku kareta Kyai Jongwiyat, Kyai Jaladara, Roto Biru,  Kyai Rejo Pawoko, Landower, Premili, Kus Sepuluh, Kapulitin, Kyai Kutha Kaharjo, Kus Gading, Kyai Puspaka Manik, Rata Praloyo, Kyai Jetayu, Kyai Harsunaba, Kyai Wimana Putra, Kyai Manik Retna, Mondro Juwolo, Garuda Yaksa, Landower Wisman, Landower Surabaya, Kyai Nata Pura lan kareta Kanjeng Nyai Jimad.

Senajan Mbah Joyo durung tau ngalami bab-bab mistis ngenai kareta Kanjeng Nyai Jimad, ananging ana maneka prastawa sing mbuktekake kareta Kanjeng Nyai Jimad iki dudu kareta sabaene.

Prastawa sing nganeh-anehi lan kebak misteri ngenani kareta Kanjeng Nyai Jimad kasebut bisa kalacak saka maneka sumber. Salah sijining abdi dalem kang pinercaya nggulawenthah Kanjeng Nyai Jimad, Suhardi ngandhakake, wis tau ana pawongan sing motret utawa njupuk gambar kareta Kanjeng Nyai Jimad, ananging ora ‘nembung’ luwih dhisik. Ora gantalan suwe, pawongan kuwi kesurupan nganti pirang-pirang dina suwene. Wusanane bisa pulih maneh kaya wingi uni nalika dijalukake ngapura liwat abdi dalem Keraton. Kedadean kaya mangkono kuwi dadi pepeling, kita kudu tetep ngurmati sapa wae,” imbuhe Suhardi.

Kedadean sing ngemu mistis kasebut pancen ora barang aneh. Amarga, meh kabeh kareta pusaka sing ana ing museum iki pancen ana sing mbaureksa. Pancen, kareta sing paling gawat lan keramat yaiku Kanjeng Nyai Jimad. Kareta Kanjeng Nyai Jimad iki sing mbaureksa yaiku putri, mula jenenge Nyai. Dene kareta liyane sing mbaureksa kakung, mula sebutane Kyai.

Ing swasana apa wae, sapa wae, Suhardi nyritakake, menawa mlebu ing Museum Kareta  Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, kudu tumindak sopan. Ora dikeparengake rame, gojek, apamaneh tumindak asusila lan maksiat. Kurang bejane, bisa nemahi prastawa sing banget nyalawadi kaya ing ngisor iki.

Sawijining dina, ana bocah cilik saka Medan bareng wong tuwane sing mlebu ing museum kareta iki. Embuh karana apa, nalika ing cedhak kareta Kanjeng Nyai Jimad, bocah cilik mau kangslupan. Temtu, wong tuwane bocah mau dadi bingung. Bejane, para abdi dalem enggal-enggal nambani, saengga bocah cilik mau banjur mari normal maneh.

Saliyane kuwi, isih miturut Suhardi, ing njero museum iki uga ora dikeparengake udud utawa ngrokok. Menawa tetep nekad, aja takon dosa, ana tangan ora ketok sing bakal nyampluk rokok sing diudud kasebut.

Perlu dimangerteni, ing dina Selasa Kliwon utawa Jumat Kliwon pisanan ing sasi Sura, saben taun Keraton Ngayogyakarta ngadani jamasan pusaka Keraton. Ritual jamasan kasebut diadani ing Gedhong Pusaka lan Museum Kareta.

Sesepuh Museum Kareta Keraton Ngayogyakarta, Mas Kliwon Roto Maryono ngandhakake, kareta sing wajib dijamasi saben taun yaiku kareta Kanjeng Nyai Jimad iki. Saking dikeramatake, banyu tilas jamasan kareta Kanjeng Nyai Jimad (banyu klemuk) kasebut padha dienggo rebutan warga masyarakat. Akeh sing percaya, banyu klemuk kareta Kanjeng Nyai Jimad kasebut ana tuahe, kayata kalis saka bebaya, tanduran tetanen subur, rezeki lancar, lan bisa nentremake ati. (Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus