Tembung Reuni manut basa kamus asale
saka tembung Re Union, sing tegese bali kumpul. Mula banjur ana parikan, Suwe
ora jamu, jamu pisan godhong kimpul. Suwe ora ketemu, ketemu pisan bareng
kumpul lan muga-muga babagan (bab) Reuni senajan bola bali di mot ing PS, ora
mboseni, amarga beda-beda isine. Kaya Reuni sing dianakake kanca kancane
penulis (sakteruse tembung penulis diganti :aku), nalika tanggal 8 April 2018
kepungkur ing Java Resto Cilacap. Ing Reuni mau, kanca kancaku tamatan SMA
Negri Cilacap (Saiki SMA Negri 1) angkatan ke 5 (lima) taun 1965 bali kumpul,
sebab ana sing ngajak lan nyeponsori (ngragadi) yaiku salah siji bekas murid
sing jenenge Ahmad Djunedi, sing wis “dadi wong” (Akuntan Publik) ing Jakarta.
Dina Minggu esuk tanggal 8 April 2018 jam
09.00 ing plataran Java Resto,wis akeh mobil lan sepeda motor parkir. Aku teka
mbonceng motor diterake putuku wadon. Kira-kira rong minggu sakdurunge, aku
dihubungi kanca, ora mung liwat HP, nanging uga ditekani mas Wasid Prayitno lan
Siswanto. Wong loro wanti-wanti, supaya suk tanggal 8 April 2018 aku kudu teka.
Aja ngundher bae nang ngomah, dupeh wis dadi wong pensiunan. Jane nalika isih
dines, kira-kira taun 1990-an, nalika nang SMA Negri 1 Cilacap dianakake Reuni
Besar sing dirawuhi bapak Soebijakto Tjekrawerdaja, Menteri Koperasi wektu iku.
Ing kana aku ketemu karo seniorku lan yuniorku, luwih-luwih sing wis padha
“dadi wong”, antarane Soebijakto mau, sebab panjenengane uga tamatan SMA Negri
Cilacap angkatan ke 2 (taun 1962) lan Fuad Bawasyir angkatan ke 8 (1968) sing
dadi Menteri Keuangan. Lan kanggo ngiket saiki uga wis ana pakumpulan para
alumnus SMA Negri Cilacap disingkat IKASMARICAP. Mung emane aku ora ketemu
kancaku nunggal kelas, apa aku sing wegah nggoleki wong campur karo siswa-siswa
sing sakpantaran anakku, akeh banget, dadi rasane ora marem. Mula reuni durung
rampung aku wis ndhisiki bali ngantor. Ing Reuni taun iki (tangga 8-4-2018)
mligi kanggo tamatan 1965 sing wektu iku ana 5 (limang) kelas. Yaiku; sekelas
jurusan Bahasa dan Budaya (Bud), rong kelas jurusan sosial (3 Sos 1 + 3 Sos 2),
sak kelas jurusan ilmu pasti (3 Pas), lan sak kelas jurusan ilmu pasti-alam (3
PAL). Yen teka kabeh, mesthine kurang luwih 150 an nanging kok mung teka
kira-kira sakpretelone. Mbuh apa sebabe, sing jelas sak dawane 53 (seket telu)
taun pisah, mesthi bae wis akeh kahanan sing owah sing jelas aku nggoleki kanca
nunggal kelas (3 Sos 2). Aku ketemu Ahmad Djunedi lan Rosikin sing dadi
pengusaha Restoran ing Jakarta Selatan Wondene kanca liyane mung ketemu Rasim Amirudin,
wis sering ketemu sebab padha dene manggon ing Cilacap. Wah, rasane ati seneng,
amarga nembe ketemu maneh sajroning wektu seket telu taun, mligine karo si
Ahmad Djunedi lan Rosikin mau. Yen dipikir ya aneh, ing atase isih padhadene
nang tanah Jawa, mligine Jakarta sing dadi pusate apa bae, kok ora tau ketemu
blas. Kang mangka aku sering nang Jakarta, tilik anak-anakku sing nyambut gawe
lan manggon ing Jakarta lan kanca liya nunggal kelas sing ana Jakarta ya akeh,
antarane Suyati sing jare kanca-kanca digarwa dening perwira menengah AU lan
Sri Miati sing dadi pamen Kowad III. Nanging kabeh mau ora kepikir, ya amarga
mung mikir kuluaargane dhewe-dhewe.
Bali marang Reuni tanggal 8 mau, kabeh ketemu lan
kabar kinabaran, nyuntak rasa kangen, leh-lehan. Kelingan nalika lagi dadi
bocah sekolah, kelingan marang bapak lan ibu guru, antarane; Bapak Basuki
Raharjo, pak Oyob sing sering ditirokake yen lagi mulang, pak Syafei sing
pindhah Jakarta, sing jare guru killer, pak Suwardjo guru basa Jawa, pak Sabar
guru olahraga, bu Isdiati sing akhire dadi garwane pak Sabar, bu Karneli guru
basa Inggris III, nganti tekan bagian TU lan kantin sekolah Wektu iku gandheng
wis dudu remaja maneh, dadi wis ana sing nduweni krenteg utawa “menaruh hati”
antara siji lan sijine. Kepengin yang-yangan, cara siki pacaran Nanging ya mung
meneng menengan, ora wani terus terang, amarga isin utawa pekewuh. Yen ana sing
wani terang-terangan ya dadi kembang lambe sekolah. Malah ana sing “bersaing”
karo salah sijine pak guru, jalaran gurune nom-nom lan akeh sing durung krama.
Bareng kumpul sing ditakokake umume ya bab kahanan kulawargane dhewe dhewe,
antarane; anakmu pira, putumu pira, sebab angkatan taun 1965 ya wis padha dadi
manula, wis kepala pitu, lan ya muji syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha
Kuwasa, dene isih padha diparingi umur dawa, sebab wis akeh uga sing tinimbalan
bali sowan ing ngarsane Gusti Allah, alias wis almarhum. Ora ana sing nakokake
pangkatmu apa, donyamu pira. Dadi ora ana sing kaya critane Prabu Dasamuka ing
pawayangan yen nembe ketemu karo wong anyar katon : “Weladalah, jagad dewa
Bathara, ya donyaku, ya bandhaku, ya ngamal-ngamalku dhewe, haa,haa,haa”
Ing Reuni mau Panitia gawe aturan; siji, olehe
komunikasi/omong-omongan nganggo basa Banyumasan (basa ngapak-ngapak, jare wong
wetanan). Loro; Ora kena nyebut/ngundang bapak apa ibu marang sepadha-padha
kanca, kenane mung nyebut inyong, rika, sampeyan, kang apa mbekayu. Telu; Kabeh
sing teka liwat perwakilan bekas kelase mbiyen, kudu gelem crita pengalamane
ora ketang mung limang menit. Yen ora gelem kudu nyanyi bareng wong wis
disedhiyani musike (orgen). Papat; sak durunge Reuni bubar kabeh sing teka
diparingi teks lagu; Kemesraan,Syukur, Kapan-Kapan lan Gelang sipatu gelang
kanggo nyanyi bareng. Ana sing protes, kenangapa kok kudu nganggo basa
Banyumasan, apa ora kewatir diarani ngegung ke Primordialisme. Ketuane, si Anto
Cablaka, mbien kelas 3 PAL, njawab; ora, wong iki mung kanggo nguri-uri basa
ibu, sing kanggo padinan. Si Anto saiki wis dadi kaji, nganggo kupluk terus,
yen ditakoni jare kanggo nutupi rambute sing wis njepluk putih. Katon ing
gambar sebelah tengene si Anto ya si Ahmad Djunedi, ing sebelah kiwane AB
Soeparno, pensiunan dokter spesialis mata. Manggone nang Wo-nogiri, ora bali
nang kampunge yaiku desa Penggalang Kecamatan Adipala, Kab. Cilacap. Wektu
semana gandheng sing teka padha padha manula, ya sing dirasa bab mripat, ana
sing glukoma, ana sing Katarak, kabeh padha ngru-bung Suparno, padha konsultasi
kalebu aku. Ana sing nyletuk: “Wah seneng ya konsultasi gratis.” “Ora apa apa,
sekali-sekali gratis, ning yen terus-terusan ya sida bangkrut aku,” mangkono
jawabe Suparno. Geeer, kancane padha ngguyu.
Bab crita pengalaman, aku makili kelasku (3 Sos2),
nalika semana ana aturan yen sapa sapa sing telat mlebu sekolah, diukum dikon
resik halaman sekolah kira-kira limang menit. Pacul wis disediyani dening pihak
sekolah. Bapak Suparyadi, Kep. Sekolah, yen wis ana lonceng muni tandha sekolah
diwiwiti, terus metu lan jumeneng nang halaman sekolah lan kliling sekolah mbok
ana murid sing telat.Wektu semana sekolah SMAN Cilacap bentuke letter U, dadi
halamane amba. Nanging gandheng bocah wis gedhe ya akeh akale, padha
kucing-kucingan supaya ora konangan. Crita liya; kelasku (3 Sos 2) wis tau
discores seminggu ora oleh mlebu sekolah, jalaran pak Tulus, pegawe TU
ngrangkep dadi guru nggambar, nalika mulang nggambar ing kelasku disepelekake
nang bocah-bocah, jarene mung pelukis biasa dudu guru nggambar weton akademi
apa sekolah tinggi. Pak Tulus protes lan protese ditampa pak Kepala Sekolah.
Akibate bocah sak klas discores kabeh sajrone seminggu, kang mangka ujian
kurang sewulan wektune. Nanging bareng ujian, alhamdullilah lulus kabeh. Aku
uga crita salah sijine kancaku sing jenenge Karsono (almarhum) dadi salah
sijine Pejabat ing PemKab Cilacap, dadi atasanku senajan dudu atasan langsung.
Yen ketemu, ora basan-basanan, nanging yen nang Kantor ya basa, sebab terikat
etika. Kanca liya sing makili kelase dhewe-dhewe padha ora gelem crita, mung
ana sing makili nyanyi lan Ahmad Djunedi jebul seneng nyanyi, dheweke
sedhela-sedhela tampil nang panggung, nyatane swarane ya apik.(*)
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.