Anak ka-3 saka Hajjah Irna Setyawati, SE
garwa) Bupati Pemalang H. Junaedi SH, MM, jeneng Muhammad Charomain Ramadani,
sawetara wektu kapungkur, disunat grudugan) bareng 28 bocah yatim jrone syukur
kondusifitas marang dhaerah kang aman lan tentren.
Garwa Bupati, Irna Setyawati, numpak becak bareng
bocah yatim liyane, mengkono uga Bupati Pemalang Junaedi numpak becak
bareng anak yatim liyane, lan nututi arak-arakan Sunatan grudugan klebu bocahe
dhewe Ramadani jrone acara sadurunge sunatan masal. Rampung diarak bocah-bocah
kang disunat grudugan mlebu ruangan mligi
kanggo dikhitan. Sauntara ing Pendhapa Kab. Pemalang ngumandhang musik Islami sing nyemarakake kahanan. Rawuh
ing acara kuwi para kepala SKPD, Camat, kepala dinas instansi lan Kapolres
Pemalang, Dandim 0711/Pemalang lan Ketua DPRD H.M. Agus Sukoco, SE, MM, Msi,
Jrone kalodhangan iku Bupati Pemalang, antara liya
ngendika, acara kasebut uga kanggo ngleksanakake kepengine bocahe
(anaknya) sing gelem disunat menawa bareng bocah-bocah liyane, pisan minangka
wujud rasa syukur ngenani kondisi dhaerah kang kondusif sasuwene iki.
‘’Awujud rasa syukur iku macem-macem. Wondene kita
syukur marang kahanan sing aman lan
tentrem iki kanthi nyunatake 28 bocah yatim lan bocahku dhewe melu disunati,’’ ujar Junaedi.
Sawise sunatan massal kasebut diterusake “pemberian”
tali asih marang bocah-bocah sing disunat saka Bupati Pemalang, disusul Sekda
Pemalang Drs. H. Budhi Rahardjo, MM, para Kepala SKPd lan tamu undangan liyane.
Cacahe 28 bocah yatim sing disunat bareng putra Bupati Pemalang, kabeh padha
katon seneng sumringah.
(Imam As)
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.