Seri Patilasan Majapahit ing Gunungkidul:
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 44 kali

Saka Pucuk Gumuk Katon Ana Cahya Manther Sak Sada Lanang

Awan iku, panase krasa sumelet ing kulit. Nanging ora ngurangi semangate para pandhemen mancing golek iwak laut ana ing pesisir Kesirat bawah Desa Girikarto, Kecamatan Panggang, Gunungkidul. Anggone mancing ancik-ancik watu padhas sing nemplek ana ing perengan.

Pesisir Kesirat adohe saka kantor Kecamatan Panggang kurang luwih 15 kilometer. Arahe ngidul ngetan. Endahing sesawangan alam uga nenarik ati tumrap nom-noman kanggo foto selfi. Sarta para fotograper, ama­­-tiran apadene profesioanal. Apa ma-neh nuju langite resik. Werna banyu samodra katon semburat ijo edi.

Edining sesawangan ora mung nenarik ati tumrap masyarakat jaman saiki. Kepara wiwit abad XV wis ana masyarakat sing teka. Tuladhane pa-wongan saka krajan Majapahit sing lelana bakda kedhaton ketekan prajurit Demak. Saperlu golek papan anyar sing sekirane aman kanggo nerusake urip.

“Piyayi Majapahit ingkang dugi mriki asmane Kyai Kesirat mas,” mangkono pratelane Mbah Kismo Sumarto (70) juru kunci Wana Tutupan Kesirat marang PS.

Miturut dongeng simbahe Mbah Kismo, piyayi Majapahit iku isih kagolong putra Sinuhun Brawijaya pungkasan. Anggone tekan wana Girikarto bebarengan karo putra sinuhun cacah telu. Kyai Gligamanik, Kyai Guritwesi sarta Kyai Rompak-baya. Kairing sawatara pendherek.

Tapak tilas Kyai Gligamanik utawa Dyan Ragakusuma ana ing pasareyan Gendhis Warak Girisekar. Tapak tilas Kyai Guritwesi utawa Raden Harya Yudasara iya Raden Jaka Dheplang ana ing Padhukuhan Dhoplang Girikarto. Dene tapak tilas Kyai Rompakbaya ana ing padukuhan Bolang Girikarto.

“Asma Kesirat menika asma sesinglon, manawi asma aslinipun boten ngertos sinten,” ujare Mbah Kismo.

Awan iku Mbah Kismo nembe ngrukti tanduran tela pohung amrih ora dikerah dening munyuk sing dhemen mudhun gunung golek pangan. Dununge tegalan kapernah sisih lor wana tutupan. Ing sak dawane tapel wates tegalan cedhak dalan nuju pesisir dipasangi jaring. Dhuwure watara 2 meter.

Rampung ngrukti tanduran tela, ban-jur golek ramban ana ing sikile wana tutupan. Ramban dileboke bagor. Ban-jur digawa menyang kandhang sing du-nung ing sisih lor tegalan. Saben dina golek ramban kaping pindho kanggo pakan wedhus.

“Jaman sakniki kahanane wana tu-tupan pun risak,” piterange Mbah Kismo

Rusake wana tutupan kepara wis rada suwe. Merga uwit Timoho sing jaman kunane tuwuh nggrumbul ngebaki wana ditegori dening wong njaban desa. Nganti ora ngenal wayah. Esuk, awan bengi padha neneka. Kayune kanggo maneka warna kaperluwan. Akeh-akehe kanggo gawe warangka keris.

“Kamongko wana tutupan punika wingit sarta kaaji-aji tiyang mriki,” ujare Mbah Kismo.

Miturut pranatan adat, ora semba­rang uwong kena mlebu wana tutu-pan. Apa maneh nganti kumawani negori uwit. Paran dununge kadidene wana larangan tumrap wong Baduy. Mula tansah kajaga amrih lestari. Aja nganti gundhul. Anggone nggunake kayu sing tuwuh ing kono mung prasaja.

“Manawi sacara kabatosan, saking pucuk gumuk wana tutupan, sok katingal wonten cahya manther,” ujare Mbah Kismo.

Cahya manther iku kadhangkala bisa katon saka njaban Girikarto. Wer-nane kuning semu ijo. kalumrah wi-nastan cahya manther sak sada la-nang. Kadidene cahya sing katon man-car ana ing pucuke Gunung Indrakila, papan tapa Dyan Arjuna saperlu nggayuh kasampurnan urip rohani.

“Sanajan kahanan wana sampun gundhul, nanging sok taksih ketingal manther,” imbuhe Mbah Kismo.

Mbok menawa nuju kabeneran wae, anggone katon racak mbarengi tumapake sasi Sura. Sajake cahya iku sing nenarik tumrap pandhemen laku spiritual Jawa. Kadidene sing dilakoni Gusti Ning, kapernah wayah dalem Sinuhun Hamengku Buwana VIII. Dheweke kagolong piyayi sing paring kawigaten amrih lestarine wana tutupan. Utamane uwit timoho.

“Jaman sakniki uwitipun timoho nggih taksih, nanging taksih enem,” imbuhe Mbah Kismo.

Jaman kawitan dadi juru kunci, udakara 30 taun kepungkur, Mbah Kismo isih menangi uwit timoho sing kaduga umure paling tuwa. Tuwuh ana ing pepucuk gumuk wana tutupan. Ubenge bongkot, wong telu wae nganti ora nyakup. Dadi kira-kira diametere ora kurang saka sak meter.

“Uwit ingkang paling sepuh menika tilaranipun Kyai Kesirat,” ujare Mbah Kismo.

Dening Kyai Kesirat, uwit timoho sengaja katandur ana ing pucuk gumuk minangka tetenger menawa papan kono nate kanggo dedunung wong Majapahit. Mula paran dununge wigati tumrap lakune sejarah bangsa. Utamane nalika nalusuri wong Mapajahit sing keplayu ana ing wewengkon Gunungkidul.

“Kamangka jenggeripun sae sanget mas,” imbuhe Mbah Kismo

Jengger yaiku istilah masyarakat Girikarto kanggo ngarani pelet sing kamot ana ing kayu. Kalumrah katepake marang kayu timoho, jarak utawa kelor. Sing paling istimewa yaiku jengger loreng-loreng kadidene loreng wulune macan.

“Jengger loreng menika klebet awis sanget kepanggih,” ujare Mbah Kismo

Miturut gotheking carita tuwuh kembang jengger loreng, karana uwite timoho utawa bageyan epange nate kadleweran uyuhe macan nalika ancik-ancik ing kono. Pinarcaya mengku daya prebawa gedhe.

“Sinten kemawon gadhah timoho jengger loreng, dipun ajeni tiyang” imbuhe Mbah Kismo.

Saliyane uwit timoho, ing sikil gumuk wana tutupan sisih wetan uga katuwuhan uwit serut. Nasibe meh padha karo uwit Timoho. Akeh sing wis dikethoki, kepara ana sing nganti dijabut sak oyote pisan.

“Manawi rumiyin tuwuh lelarikan, kados sengaja katanem” ujare Mbah Kismo.

Bab iku bisa katitik anggone tuwuh lelarikan ngiwa nengen dalan setapak nuju guwa pertapan sing dunung ing pinggir segara. Kapernah kidul wetan wana tutupan. Ing sisih kiwa dalan setapak ana sing ukuran uwite lumayan gedhe. Nandkake menawa umure wis tuwa.

“Kapitados guwa pertapan menika jaman rumiyin kangge tapa Kyai Kesirat,” piterange Mbah Kismo

Simbahe Mbah Kismo nate ndongeng menawa Kyai Kesirat anggone manguntapa nganti musna. Jiwa sarta raga ilang bebarengan. Ana ing kawruh kahindhon istilahe moksa. Pepuncake ulah karohanen sing kaudi kanthi tatacara tartamtu. Upamane kanthi cara nyukur rambut, pasa, sesuci ana ing patirta sarta nganggo ageman sarwa putih.

Mula kalumrah, nuju ana pawongan sing diweruhi Kyai Kesirat, pengageme sarwa putih kadidene agemane pandhita aji ing agama Hindhu. Kain putih dawa tanpa jaitan, digubedake ana ing awake. Pepucuke didunungke ing tangan kadidene salendhang. Rambut kagelung ing dhuwur sirah.

Sing narik kawigaten Kyai Kesirat sakdurunge musna, kober nilar pusaka werna papat. Yaiku kejen sura, pedang, iket modhang sarta rasukan antrakusuma. Kejen sura wujude sarupa waluku cilik digawe saka kuningan. Miturut sejarahe sing bisa kanggonan mligine wong wadon. Saiki kasimpen Mbah Rukiyah warga Padukuhan Karang.

“Jaman rumiyin nate badhe kasade, nanging nalika ingkang tumbas dhateng, pusaka lajeng ical, sareng ingkang tumbas kesah, pusaka ketingal malih” Mbah Kismo nerangke kanthi mesem.

Merga iku pusaka werna papat karukti kanthi permati. Saben tanggal siji Sura dijamasi dening Mbah Kismo kabiyantu sawatara warga. Liya iku kanggo ngurmati Kyai Kesirat setaun sepisan masyarakat nganake acara sedhekah laut saben mangsa kasanga.

“Kanthi cara makaten kaajab wana tutupan saged lestari” pungkase Mbah Kismo. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora ana sing ora bisa diikhlasake...

Klik

OJEK MAYIT

Ojek mujudake salah sijine jasa angkut migunakake sepedhahmotor. Ing jaman modern saiki, jasa iki malah bisa dipesen liwat HP, yakuwi kang diarani Ojek Online (Ojol). Ojol ora mung ngeterake wong, nanging uga panganan, barang lan blanjan. Nanging senajan wis modern, pranyata ojol ing Indonesia isih klebu biyasa-biyasa wae. Beda karo ojek ing Kongo, Afrika. Ojek ing kene ora mung bisa ngeterake blanjan utawa panganan wae, nanging uga ngeterake mayit! Carane nggawa kanthi cara dibonceng ing mburi lan ditaleni rapet karo tukang ojeke. Maklum, mayit kuwi ora bisa nggamblok dhewe... (d/ist)***

Pethilan

Akibat anane lindhu, pegawe hotel lan restoran dikon prei

Ujian kanggo kita kabeh minangka bangsa Indonesia

Idrus Marham durung karep dadi justice kolaborator

Mbokmenawa isih bingung milih je­neng-jeneng kang pantes di-‘nya­nyek’-ake

Asil ing Asian Games 2018 dadi tetenger gumregah

Kabeh kanggo Indonesia