Respati Lair (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 96 kali

Laju lampahe prajurit Purwacarita kang ndherekake ratu gustine nitih rata tumeka tapel wates negara. Sigeg. Ganti kang winuwus, ing Kahyangan Hargameta, dewaning gelmu kang bebisik Bathara Gana ya Bathara Ganesa, tuhu beda klawan titah liyane awit amustaka gajah. Nuju ari sajuga Bathara Gana lenggah sekeca ing Hargamerta. Kesaru sowane Prabu Kandhihawan kang kadherekake dening Semar lan Baledo.

Alon  Bathara Gana ngacarani  putra keponakan kang katemben prapta, “Hong wilaheng. Ora kleru panyawang ulun, kaya iki sowane putra keponakan ulun Prabu Kandhihawan. Apa kanthi karaharjan sowan kita ana pengarepan ulun, Kaki Prabu?”

“Inggih Paman Pukulun. Raharja lampah kula, namung pangabekti kula mugi konjuk, Paman.”

“Banget panarima ulun, ora liwat pudya pangestu ulun genti kita tampa, Anak Prabu.”

“Sanget ing pamundhi kula, Pukulun.”

“Kados punika Wa Ismaya ingkang ndherekaken Kaki Prabu Kandhihawan. Sami wilujeng, Wa?”

“He hiya, Bathara Gana. Nanging saiki aku jejer pamomong, aranku Semar ya Badranaya. Kowe putrane adhiku Bathara Guru patutan karo Dewi Parwati. Banget panarimaku dene kowe mbagekake marang aku, slamet salakuku ndherekake Sinuwun Prabu Turunan ya Prabu Kandhihawan.”

“Lajeng  menapa Wa Semar sam-pun kagungan putra ing ngarcapada?”

“E kok anak piye? Aku iki isih jaka, durung rabi. Kok duwe anak saka ngendi?”

“Lha lare ingkang paduka kanthi minggah Hargamerta punika sinten, Wa?”

“Iki ming daknggo kanca, jenenge Baledo. Tak aku adhi, awit pamomong kuwi uga minangka seksi. Hla seksi mono kudu sithike ana loro. Gandheng yen siji iku durung ganep, aku golek kanca. Tur kena kanggo kanca greneng-greneng lan mbat-mbatan yen ana parigawe apa ta apa. Saiki isih jaman raja dewa, aku durung mikir rabi, apa maneh anak. Mbuh yen mengkone aku wus tumurun momong janma manungsa ing ngarcapada. Sawuse jaman raja dewa, aku durung ngerti, awit kabeh iku isih sinengker dening Gusti Kang Akarya Jagad.”

“O mekaten ta, Wa?”

“Hiya. Rikala aku ndherekake Sinuwun Prabu Sri Maha Punggung, aku duwe kanca loro, yaiku……………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.