Dol-Tinuku Fasilitas Kanggo Napi Korupsi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Dredah Masalah - Dibaca: 40 kali

Sawise panangkepe Kepala Lembaga Pemasyarakatan Sukamiskin, Bandung, KPK ngembangake pengusutan kasus dol-tinuku fasilitas kanggo narapidana ing lapas liyane.


Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) ngembangake kasus dol-tinuku fasilitas antarane pengelola lan kapidana ing lembaga pemasyarakatan kasus korupsi, kaya kang ditemokake ing Lembaga Pemasyarakatan Sukamiskin, Bandung, Jawa Barat, lan lapas liyane. Ana tandha-tandha praktek kang padha kang ditindakake kanthi tumata dening kepala lapas lan narapidana korupsi liyane.

Ketua Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) Agus Rahardjo sabubare rapat dengar pendapat (RDP) karo Komisi III DPR ing Kompleks Parlemen, Senayan, Jakarta, Senin (23/7), ngandhakake, saliyane Lapas Sukamiskin, KPK uga njingglengi kahanane lapas liyane. Mula iku, KPK nitipriksa saperangan saksi liyane kanggo nlesih tandha-tandha anane praktek kang padha.

Manut Agus, operasi tangkap tangan (OTT) KPK marang Kepala Lapas Sukamiskin Wahid Husen ing antrane kanggo mbecikake lan reresik tata kelola lapas kang dinuga padha semrawute ing sakehing lapas. “Lagi dikembangake lan dijingglengi. Gegayutan panggonan liya, yen bab pengelolaan (lapas), dakkira dhasare padha,” ujare Agus.

KPK uga njingglengi anane narapidana liyane kesangkud kasus dol-tinuku fasilitas ing lapas kasebut. “Tandhane pancen mangkono (ana narapidana liya). Geneya bisa ketemu dhuwit ing salah sawijining panggonane tersangka, iku rak merga dhuwit saka napi sing liyane. Nah, apa sing gegayutan perantara utawa sing nampa, iku sing dijingglengi,” tandhese.

Perlu kawuningan, Sabtu minggu kepungkur, KPK nangkep lan netepake Kepala Lapas Sukamiskin Wahid Husen bareng karo anggota stafe, Hendry Saputra, minangka tersangka. Wahid sing nembe patang sasi njabat Kalapas Sukamiskin iki dinuga nampa beselan (suap) Rp 47,7 yuta lan 410 dolar Amerika Serikat, sarta mobil loro, yaiku Mitsubishi Triton lan Mitsubishi Pajero. Beselan iku dinuga asale saka kapidana korupsi perkara pengadaan alat satelit monitoring ing Badan Keamanan Laut, Fahmi Darmawansyah, lan napi pidana umum, Andri Rahmat. Lelorone uga ditangkep lan bali didadekake tersangka. Sisihake Fahmi, yaiku Ineke Koesherawaty, uga katut digawa KPK klawan status minangka saksi.

Adhedhasar temonane penyidik KPK kang ditampilake liwat video, sel panggonane Fahmi wis direnovasi engga kaya sawijining kamar apartemen. Ing sel iku ana kulkas, kasur pir, AC, lemari, televisi layar datar, microwave, wastafel, pemanas banyu, lan jedhing pribadi. Kejaba iku uga tinemokake dhuwit Rp 139,3 yuta. Sawatara iku ing sel-e Andri tinemokake dhuwit Rp 92,9 yuta lan 1.000 dollar AS, sarta dokumen tuku lan pengiriman mobil Mitsubishi Triton.

Sadurunge “sel mewah” uga nate ditemokake. Wiwitan taun 2018, salah siji sel kapidana perkara narkoba ing Lapas Banda Aceh disumurupi duwe fasilitas kaya sel-e Fahmi. Bab kang padha ditemokake ing Lapas Cipinang nalika taun 2017, trepe ing sel panggonane Haryanto Chandra, kapidana perkara pencuciang uang.

Taun 2010, Artalyta Suryani, kapidana kasus suap, uga disumurupi manggoni sel kang mewah ing Rumah Tahanan Wanita Pondok Bambu, Jakarta Timur.

Wakil Ketua KPK Laode M Syarif ngandhakake, ana tarip kanggo ngolehake sel kang banjur bisa direnovasi, yaiku Rp 200 yuta-Rp 500 yuta.

Kasus operasi tangkap tangan marang Kepala Lapas Sukamiskin dadi salah siji topik nalika rapat antarane KPK lan  Komisi III DPR. Nalika njlentrehake, Komisioner KPK, Laode M Syarif, mratelakake, KPK nate naliti wiwit taun 2008 bab tata kelola lapas. “Nanging, rekomendasi kita durung ditindakake sawutuhe,” ujare.

Saka asil temonane KPK ana sakehing masalah kang muncul, kayadene ora anane kode etik kang rapet tumrap Direktur Jenderal Pemasyarakatan (Dirjen PAS) Kementerian Hukum dan HAM anggone ngelola lapas, winatese cacahe petugas, cacahe pedunung lapas kang ngluwihi wates engga 150 persen, sarta kurange pengawasan internal Kemenkumham.

Salah siji kang dadi cathetan yaiku ora genahe pehak kang wenang anggone nglelola lapas ing Kemenkumham. Laode mratelakake, sasuwene iki dudu Dirjen PAS Kemenkumham sing duwe wenang mapanake petugas lapas lan ngatur tata kelola lapas, nanging malah Sekretaris Jenderal (Sekjen) Kemenkumham sing luwih kumawasa.

Ing kalodhangan iki Laode ngajap marang Komisi III DPR supaya njingglengi bab iku ing DPR karo Menteri Hukum dan HAM Yasonna H Laoly. “Ana kepengurusan lapas loro. Ing perkara ngurus lapas, dudu dirjen (Dirjen PAS Sri Puguh Budi Utami) sing paling kuwasa, nanging sekjen. Dirjen mung ngurus teknise, nanging kanggo mapanake wong-wong diatur sekjen. Nganti ana kasus dirjen sing sadurunge mundur,” kandhane Laode.

Gegayutan bab iku, DPR duwe rencana ngundang Menkumham kanggo ngrembug pratek dol-tinuku fasilitas ing lapas.

Ketua DPR saka Fraksi Partai Golkar, Bambang Soesatyo ngajap Komisi III njurung Kemenkumham enggal nlesih kanthi tuntas lan ngabehi sistem pengelolaan lapas ing sekabehing Indonesia kanggo nyegah dumadine kasus liyane.

Salah siji sing manut Bambang perlu dijelasake maneh  yaiku evaluasi sing klebu nalar cacahe sipir marang napi sing diawasi sarta upaya ngrapeti pengawasan marang sistem pengelolaan lapas.

Juru Wicara KPK Febri Diansyah ngandhakake, tingkat kepatuhan kepala lapas ing lapuran harta kekayaan penyelenggara negara (LHKPN) isih endhek. Akibate, pencegahan tindak pidana korupsi kepalang. Mula saka iku, evaluasi lan revitalisasi kang dijanjekake Kemenkumham perlu ditindakake. Pasca OTT Kepala Lapas Sukamiskin Wahid Husen, kawiyak yen pungkasan dhewe Wahid nglapurake donya branane nalika Maret 2015. Dene kasugihane gunggunge Rp 600 yuta lan 2.753 dollar AS.

 

Ora ana ing sel

Ing operasine ing Lapas Sukamiskin nalika Jumat lan Sabtu kepungkur, penyidik KPK uga nekani sel duweke tilas Bupati Bangkalan, Fuad Amin; adhine Atut Chosiyah, yaiku Tubagus Chaeri Wardana , lan tilas anggota DPR Charles Jones Mesang. Nanging, nalika iku Fuat Amin lan Chaeri ora ana ing njero sel krana disebut lagi mertamba. Sel lelorone banjur disegel.

Saut Situmorang ngelikake pehak lapas supaya ora sembarangan anggone menehi idin, klebu nyalahgunakake fasilitas berobat.

Ing panggonan seje, Komisioner Ombudsman RI, Ninik Rahayu, ngandhakake, bab iki wis dadi masalah klasik kang uga durung ana karampungane. Bab iki magepokan karo kurange pengawasan lan panduga anane kongkalikong ing njero kang kudu enggal di

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ana Gusti papane se­mendhe kang kukuh, geneya wedi tiba. Ana Gusti kang kagu­ngan tresna sejati, ge­­neya wedi kela­ngan. Ana Gusti pang­gonane nyenyuwun, geneya wedi kentek­an? Pasrahna saka­behe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Klik

60 TAUN ORA ADUS

Adus saben dina penting banget kanggo njaga kesehatane awak. Nanging ora mangkono tumrape Amou Haji, priya tuwa asal Iran iki malah lara kabeh kulite yen kena banyu. Mula dheweke ora tau adus sasuwene 60 taun iki. Nganti-nganti dijuluki priya paling kotor sadonya. Kepriye ora, werna kulite wis padha karo wernane lemah, semono uga teksture atos kaya semen saengga kerep dikira patung yen lagi lungguh meneng wae. (d/ist)

Pethilan

Pirembugan cawapres durung rampung

Dudu mung ngomongi ban serep

Disiapake rekayasa lalu lintas kanggo Asian Games

Jalur zig-zag sepedhah uga ana

Penduduk desa bisa saya miskin

Nah, kena kanggo bahan adol kam­panye