Kabeh
Duwe Jeneng lan Ancas kang Mligi
Asma Kancil Belik kang
kaparingake marang gamelan kang alaras Pelog dening Ingkang Sinuhun HB I kuwi
jalaran nalika Ngarsa Dalem mau lagi bebedhag sinambi madik pados papan kang
prayoga kagem yasa Kraton Ngayogyakarta. Saka Gunung Tidar tindak mangidul,
jalaran miturut wangsit kang katampi, dumununging Kraton ana ing sisih kidul
wetan (saka Gunung Tidar mau). Ing sajrone tindak mau Ingkang Sinuhun priksa
samsam (menjangan), banjur kabedhag terus kalepasan jemparing. Samsaman mau
terus mlayu bae senajan kekenan panah, mangidul arah pelayune nganti tekan
sakulone desa Bantar ing sapinggire Kali Progo. Sangsam mau terus kaoyak,
wasana menjangan mau ambyur lumebu ana sawijining belik. Eloke bareng kauber
tekan belik kasebut, menjangan mau ora tinemu, nanging malahan nemu sawijining
gong cacah loro kang ing njerone isi wilahan gamelan ganep sapangkon.
Dhawuhdalem Ingkang
Sinuhun Sultan HB I wilahan wilahan gamelan mau lan gonge pisan kapundhut mlebu
menyang kraton lan kadhawuhan maringi rancakan kang ukirane mawa gambar kancil. Sebab nalika kabedhag mau
sangsam ora arupa menjangan gedhe nanging kaya kancil. Larase ndilalah Pelog
lan larase mau uga cilik, dadi bisa kagem nisihi Kg Ky Surak kang sumare ana
ing Gedhong Gangsa sisih kidul. Gangsa Kancil Belik mau katabuh nalika kraton
kagungan hajad upacara kramadalem utawa supitdalem Ingkang Sinuwun lan
kramadalem utawa supitdalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamangkunegara
Sudibyarajaputra Narendra Mataram.
Ing Gedhong Gangsa iki
uga sumare prangkat gamelan asma Kyai Madukintir lan Kyai Madumurti kang loro
lorone padha alaras slendro, nisihi kang sumare ana ing Gedhong Gangsa sisih
lor : Kyai Siratmadu lan Nyai Madukusuma kang karo-karone padha laras pelog.
Perlu kacathet ing kene menawa pepethan kang tinemu, ana ing rancakan (gayor)
kempul lan gong Ky. Madumurti lan Ky. Madukusuma nganggo pepethan Liong,
jalaran gamelan kekarone mau dikondurake deniung Kapten (penggedhe) Tionghoa
ing Ngayogyakarta kang aran Lie Jeng Kim, mula ukirane kalestarekake nganggo
pepethan Liong (singa) minangka pepenget: bab iki kelakon ing jamane Ingkang
Sinuhun Kangjeng Sultan HB VIII udakara taun 1935 M.
Gamelan kang asma
Harjanegara (slendro) lan Kyai Harjamulya (Pelog) padha sumare ana ing Bangsal
Kasatrian lan ing jaman Sinuhun Sultan HB IX ajeg kagem siaran radio dening RRI
Nusantara II Yogyakarta, giaran mau kawentar kanthi aran Uyon uyon Hadiluhung
kang ajeg kagiyarake ing malem Setu Pahing kanggo pahargyan wiyosandalem Setu
pahing. Ing wektu samengko Uyon oyon Hadiluhung kasebut katindhakake saben
malem Selasa Wage kanggomengeti wiyosandalem Kangjeng Sultan HB X.
Ing sekawit ana
penggalihan kang kagem Uyon uyon Hadiluhung mau bisaa ngagem secara giliran,
ben kecakan katabuh kabeh, kanggo njaga amrih larase bisa kajaga becike sebab kopen,
nanging bab rembug mau tetela tekan seprene kaya durung tau kelakon kiraku
penggalihan bab nggilirake anggone ngagem gamelan-gamelan kasebut gumantung
marang kawicaksanan Kawedanan Hageng Kridha Mardawa.
Kajaba gamelan-gamelan
kang kasebut ing ngarep mau, Kraton Ngayogyakarta isih kagungan gamelan maneh
kang uga katelah “gamelan ampilan, yakuwi kang asma Kyai Madukintir lan Nyai
Siratmadu kang kagem nabuhi wayangan bedhol Songsong 1 Syawal bakda upacara
garebeg lan ing jaman semana tekan saiki katindakake ana ing kagungandalem
Bangsal Kemagangan kanthi migunakake wayang Kyai Ampilan/ Wayangan bedhol
Songsong kuwi ing sekawit kagem maringi hiburan marang para abdidalem Prajurit
kang uwis padha nindakake ayahan wiwit gladhi prajurit tekan garebeg lan uga
kepareng ditonton dening sadhengah uwong kang seneng marang tontonan wayang,
klebu pangripta kang meh saben taun ora nate absen nonton wayang bedhol
songsong. Wondene kasebut gamelan “Ampilan: lan “Wayang Ampilan merga gamelan
lan wayang kasebut anggone ngampil mlebu Ingkang Sinuhun HB VIII bakda
Jumenengdalem ngrenggani Kraton Ngaayogyakarta, sebab nalika isih jumeneng
Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Hamngkunegara IV (uga katelah kangjeng Gusti
Purubaya, asma timure Gusti bandhara Raden mas Sudjadi) uwis kagungan gamelan
lan wayang mau, dadi katelah gamelan lan wayang Ampilan mau marga anggone
ngampil saka njaba diastha mlebu kraton.
Rehne Kagungandalem
gamelan mau mesthi komplit, mula mbutuhake wiyaga kang cacahe wong 24 kanggo
nabuh. Lire komplit jalaran mesti nduweni slentho, slenthem (uga karan gender
panembung), gender barung,gender penerus, gambang kayu, carempung, siter,
suling, rebab, bonang panembung, bonang barung, bonang penerus, gambang gangsa
(kang nduweni wilahan cacah 21), saron demung (2 rancakan), saron 4 rancakan,
saron peking 1 rancakan, cicir, byong, kempyang, kethuk, kenong, kempul, (kenong lan kempul miturut
cvacahe wilahan), gong 2 (laras 5 utawa 2 lan laras 6) kendhang batangan,
kendhang ketipung, lan kendhang Bem, sarta
katambahan bedhug (kanggo kendhangan bedhugan). Ing antarane cacah
ricikan mau, ana sauntara ricikan
gamelan kang ing wektu samengko prasasat ora tau diunekake, jalaran sajake wis
ora ana kang bisa nggunakake instrumen mau, yakuwi slentho (kang swarane
ngemperi slenthem), gambang gangsa (kang nduweni 21 wilahan lan anggone nabuh
nganggo tabuh loro kaya tabuh saron lan katindakake dening wiyaga loro, lakune
tetabuhan gambang gangsa iki karan “imbal kinthilan” kang banjur dadi tabuhan
imbal nggunakake saron demung loro) cicir (kang swarane kaya kecer) sarta byong
(wujude kaya gunungan utawa kukusan lan dumadi saka klinthingan-klinthingan
cilik cilik kang nduweni telung laras, panabuhe mbarengi unining bedhug lan
manawa pinuju tiba gong, Byong iki mung diunekake kanggo gendhing gendhing
mligi lan ora saben gendhing migunakake byong. Gendhing kang adate sinartan
unine byong yakuwi gendhing bedhugan kaya : glangsaran sandhawahe, gendhing
Kodhok Ngorek uga sandhawahe pisan.
Supaya kapinteran
migunakake slentho gambang gangsa lan byong mau ora nganti cures saka bangsane
dhewe iki, kiraku ana becike bebadan Kawedanan hageng Kridha Mardhawa, SMKI,
ISI, Universitas Gadjah Mada, Javanologi lan uga kabiyantu dening TVRI lan RRI
padha mbudhidaya amrih kagunan ing babagan iki aja nganti ilang saka ing kawruh kabudayan Jawa
lan kagagas supaya manawa bangsa kita ing mbesuke mung ngerti thok manawa ing
tanah wutahe dhewe kene iki tau ana instrumen – instrumen gamelan kang disebut
slentho, gambang gangsa, cicir, lan byong, nanging uwis ora bisa ngunekake
jalaran uwis ora ana kang bisa nindakake. Manawa arep ngerti lan bisa
nggunakake banjur kudu sinau dhisik menyang “Leiden” (ing negara Walanda) utawa
menyang Amerika Serikat kono, jalaran wong wong ing kana uwis bisa nggunakake, merga uwis padha
nyinau ing wektu samengko. Padha wae karo manawa arep bisa dadi ahli ngrebab
kudu sinau dhisik menyang Amerika Serikat utawa Sorbone (Prancis), mangkono uga
manawa arep dadi waranggana (pesinden) kang mumpuni lan kasusasra, prayogane
sinau ana ing Universitas kang ana ing Jepang, merga ingnegara Sakura wis akeh
duwe waranggana (sarjana seni) sing gamben kayata mbak Heronomi Kano. Apaya
bakal kelakon mangkono tenan ?. bab kang kaya mangkono mau7 kiraku kok kurang
becik kedadeyane, malah kajaga aja ngati dumadi mangkono tenan senajan saiki
uwis akeh para empu empu gendhing padha dedunung ana ing mancanegara saperlu
mulang wuruk kawruh nabuh gamelan marang wong wong bule ing negara manca mau.
Kita wajib mongkok dene kagunan kita disenengi dening wong manca nganti padha
nyinau carane migunakake lan ngecakake instrumen instrumen gamelan Jawa mau.
Kajaba nduwe rasa mongkok mau kita uga kudu waspada, aja nganti malah kita
kelangan bandha kang adiluhung mau, nganti awake dhewe manawa mbutuhake dhewe
malah kudu ngangsu kawruh marang wong wong bule (manca) kang pranyata padha
luwih pinter lan nggatekake banget marang teori teorine katandhing bangsa kita
dhewe Kang mangkono mau ora liya pangripta mung nyuwun marang para ahli ahli
(empu) kita dhewe ing bab kabudayan adiluhung iki, aja nganti kecolongan melek
melekan merga arep didaku dening negara manca. Contone kesenian Reyog Ponorogo,
Angklung, Wayang Purwa sing nedya didaku dening negara Malasyia, mung rahayune
bisa enggal kadenangan. Mula ayo enggal padha wungu lan menggalih tenan ing bab
kang katur ing ndhuwur mau. Matur nuwun.
(Isti
Nugroho)
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa