Bedhah Pajang (12)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 160 kali

“Ana telung perkara kaluputanmu, Thole. Sepisan, sliramu wani marang ratu gusti kang kudune kok sem-bah. Kapindho, sliramu wani ma-rang bapa kang kudune kok ajeni. Katelu, sliramu wani marang guru kang kudu kok kurmati,” Ki Juru Martani mbacutake ngendikane.

Senapati ora kumecap. Batine susah.

“Satemene aku wis mudheng mungguh apa kang dadi sedyamu. Sebab aku lan sliramu uga wis nate krungu bab wirayate Kanjeng Sunan Giri lamun mbesuke ing Mataram bakal ana ratune. Nanging yen sliramu duwe kekarepan kaya mangkono, becik suwunen marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi kanthi temen lan prihatin. Kajaba saka kuwi, luwih prayoga yen sliramu ngenteni tekan sedane ramamu sultan. Malah kepara becik yen sliramu bisa males kabecikan. E, sapa ngerti ramamu sultan bakal rila lan eklas yen sliramu kang bakal nggenteni mengku keprabon,” Ki Juru mbacutake ular-ulare.

Sawijining wengi Senapati lunga menyang Lipura, saperlu nenepi ngeningake cipta. Wengi kuwi hawane adhem njekut. Senapati kang krasa arip banjur teturon ing salumahe watu gilang. Ki Juru Martani kang pinuju ing dalem Kasenapaten banjur sumusul menyang Lipura lan weruh Senapati lagi turu ing watu kumlasa. Dumadakan Ki Juru weruh ana lintang alihan tiba saka akasa, cumlorot lan mandheg ing ulon-ulone Senapati. Ki Juru kaget. Senapati nuli digugah.

“Thole, yagene sliramu kok turu wae? Prayogane yen duwe gegayuhan iku ngakeh-akehake tirakat lan nyuda turu,” pangucape Ki Juru Martani.

Krungu panguwuhe Ki Juru Marta-ni, tuwuh sedyane Senapati semedi menyang segara kidul. Ki Juru Martani nayogyani. Senapati nuli lumaku nge-ner mangidul. Tekan Kali Opak banjur ambyur lan nglangi mbathang manut iline banyu kali. Dene Ki Juru Martani banjur mulih menyang Mataram.

Kocapa, ing Kali Opak ana iwak olor kang gedhe. Iwak iku  nedya ngadhep Senapati, jalaran wis tau kepotangan budi. Biyene, nalika iwak iku lagi golek mangsa ing Kali Samas, kejala dening wong misaya mina. Iwak kasebut nuli dicaosake Sena-pati. Nanging Senapati tuwuh we-lase, iwak olor mau malah dijama-ngi lan disumpingi emas. Sawise iku banjur diculake maneh.

Mula nalika iwak olor mrangguli Senapati lagi nglangi mbathang, banjur dilungguhake ing gegere lan digendhong nglangi menyang su-ngapan Kali Opak. Tekan sungapan kali, Senapati ngadeg ing pinggir gisik segara. Pasuryan tumenga ing tawang, nenuwun marang Gusti Kang Akarya Loka.

Ora antara suwe ana prahara teka. Banyu segara kidul kaya dike-bur-kebura. Alune sagumuk-gumuk gedhene. Kasusul tekane alun  sa-gunung anakan nrajang. Nanging Senapati ora keguh. Kepara Sena-pati banjur ngadeg ing alun kang dhuwur iku. Eloke, Senapati ora te-les. Saka prabawane Senapati, ba-nyu segara dadi umob kaya digo-dhog. Akeh iwak lan isen-isen sega-ra kang padha mati lan kapilara.

 Nyai Ratu Kidul bareng sumurup yen iwak lan isen-isen segara padha mati, nuli…

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus