Kagungan Dalem Gangsa Kraton Ngayogyakarta (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 104 kali

Kabeh Duwe Jeneng lan Ancas kang Mligi

R.B. Pustoko Mardowo ing seratane mawa irah irahan “Iringan dan Perlengkapan: Gamelan dan Gendhing”  ngandharake yen gangsa mawa tenger rupa-rupa kuwi digawe lan dipigunakake dening wong Jawa kira-kira ing taun 1.000 Saka, yakuwi pase ing taun 1016 Saka Sri Mahapunggung yasa ricikan gamelan kang karan gender kanggo nabuhi (ngiringi) pepujan ana ing kabuyutan (sabangsane papan pamujan), dadi kanggo keperluan agama. Sabakdane kuwi Prabu Sri Laleyan ing taun 1164 Saka, ndhawuhake gawe ricikan liyane kanggo ngganepi kang uwis ana mau lan lagi ing taun 1441 Saka, yasane Gangsa Sekati rampung, dadi wis jaman Demak utawa 41 taun sawise Majapahit ambruk. Kanthi mangkono kita bisa nyumurupi menawa ana gamelan kang uwis tuwa banget umure. Gamelan kang kaya mangkono mau mesthi wae banjur padha dienggo lan dipepundhi minangka gamelan pusaka. Lan uwis dadi kalumrahan sawenehing pusaka kuwi ora saben uwong kuwat kanggonan gamelan pusaka kuwi kang akeh banjur sumare ana ing kraton.

Mula ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat uga sumare (sumimpen) sawetara gamelan pusaka mau ana kang bisa kepareng ditonton dening para wisatawan kang padha mlebu menyang kraton. Gamelan gamelan kasebut padha kapapanake ana ing Bangsa] Srimanganti. Miturut katrangan kang sumare ana ing papan mau asal Majapahit (Kangjeng Kyai Maesa Ganggang utawa Kyai Kodhok Ngorek kang dumadi saka laras slendro lan pelog) upamane lan saka jaman Demak Kangjeng Kyai Gunturmadu kang kawentar kanthi sesebutan gamelan sekaten. Perlu kawuningan menawa tumrap Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kabeh pusaka (gamelan 111) mesthi padha kaparingan sesebutan kangjeng Kyai (Kg.Ky), dene kang drajate sangisoring pusaka mau padha kaparingan sesebutan Kyai (Ky) ngono bae.

Kangjeng Kyai Gunturmadu larase pelog saben tanggal 5 Mulud perangkat gamelan iki kamiyosake ing Bangsal Pancaniti ing plataran Keben perlu katabuh mratandhani Pahargyan Sekaten kawiwitan, wiwit tabuh 20.00 nganti udakara tabuh 12 bengi, banjur kausung dening para abdidalem Gladhag menyang Kagungandalem Masjid gedhe kanthi dijajari dening Prajurit Kraton lan banjur kapapanake ana ing Pagongan sisih kidul. Ing papan iki banjur katabuh saben dina sajerone ana pahargyan sekaten, kejaba ana ing dina Kemis malem Jemuwah sarta ing dina Jemuwahe nganti wanci bakda sholat Jemuwahan. Ing wanci wanci umat Islam padha nindakake sholat ing saben dinane, gamelan mau uga sumene lan ora kepareng diunekake, wiwit maneh yen uwis rampung sholat dhuhur mau.

      Ing sekawit (jaman Demak nganti tumeka palihan nagari) gamelan sekaten iki dumadi rong pangkon. Bareng Prajanjen Giyanti katapak astani lan Mataram kasigar dadi rong Praja Kejawen : Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta, gamelan rong pangkon iki uga banjur dibagi loro, Surakarta lan Ngayogyakarta kebageyan seperangkat. Supaya Gamelan Pusaka iki ganep dadi rong prangkat maneh, mula Ingkang Sinuhun Ngarsa dalem Kangjeng Sultan Hamengkubuwono (banjur dhawuh yasa saprangkat maneh kang ngemperi Kg Ky Guntur Madu, kang larase uga pelog kang banjur kaparingan asma Kg Ky Nagawilaga kang saben Sekaten uga kamiyosake an ing Bangsal Pancaniti mau ing tagl 5 sasi Mulud lan uga banjur kausung menyang Bangsal Pagongan ing sangarepe Masjid Gedhe kang dumunung ana plataran masjid siring lor wetan, nyisihi Kg.Ky Gunturmadu kang ana bangsal Pagongan ing plataran masjid Gedhe siring kidul wetan. Gamelan sakarone mau banjur katabuh saben dina sajerone ana Sekaten genti genten sesambungan, kajaba ing wektu wektu kaya kang kasebut ing ngarep mau. Ing tgl 12 Mulud bengi ngarepake tabuh 12, gamelan rong prangkat iki banjur kausung kundur menyang Kraton dening para Abdidalem kanca Gladhag lan uga jinajaran ing Prajurit Kraton saperlu kasarekake ing papan sakawit nganti tekan Sekaten taun candhake. Perlu kawuningan nalika miyose ana ing tgl 5 lan ngarepake kakundurake ing tgl 12 Mulud mau ingkang Sinuhun ngersakake miyos ana papan papan kasebut saperlu nyebar udhik udhik marang kawula dalem kang mesthi bae oleh kawigaten gedhe dening masyarakat saperlu ngalap berkah.

Ing jaman kapungkur Gamelan Sekaten mau sumare ana ing Bale Angun-angun kang dumunung ana ing plataran Siti Hinggil sisih wetan. Bangsal Siti Hinggil. Ing Bale Angun-angun mau uga sumare Gamelan Pusaka liyane : Kg Ky. Monggang lan Kg.Ky Kodhok Ngorek (tekan Jumenengan dalem Ingkang Sinuhun HB VIII).  Kg. Ky Monggang mau katabuh saben dina Setu sore wiwit tabuh 17.00 nganti surub srengenge kanggo ngregengake gladhi watangan;  kang gladhi watangan (peperangan nganggo watang) mau padha numpak jaran. Sapa kang bisa kesodor nganti tiba (ceblok) saka jaran, dianggep kalah. Mula kang padha ndherek gladhi kudu padha trampil trengginas banjur  thukul utawa tuwuh paribasan :”belo melu Seton” kang ngandhut teges “melu melu bae”. Gamelan pusaka iki uga ditabuh kanggo mahargya Jumenengan dalem lan caos pakurmatan jengkare layon dalem saka Bangsal Kencana arep tindak menyang Pasareyan dalem ing Pajimatan Imogiri. Gamelan iki uga kasebut Kg.Ky Guntur Laut.

Kg Ky Kodhok Ngorek kuwi kageme menawa utawa minangka pakurmatan Miyosdalem menyang Siti Hinggil nalika arep sinewaka ing upacara garebegan, upacara wiyosan hajad tingalandalem Jumenengandalem lan menawa Kraton kagungan gawe supitan, nyupitake putradelem utawa tetesan putridalem lan kanggo ngiring adu macan karo bantheng. Dene gendhinge iku padha karo jenenge Kodhok Ngorek utawa Nalaganjur, kejaba kuwi, dhek jamane Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan HB VIII, gangsa kasebut uga dienggo nabuhi kepyakan beksan wayang wong nalika ing adegan enjer nganti perange Werkudara lumawan Burisrawa.

Yen sepangkon kagungandalem gangsa Patigan Monggang utawa gangsa Lokananta laras slendro lan pelog asma Kg Ky Guntur Laut mung mligi kagungan gendhing siji thok: Gendhing Monggang. Gangsa kasebut dipigunakake kanggo upacara saben sang nata miyos keprabon. Saben dina Senin lan Kemis wanci tabuh wolu nganti sewelas awan ditabuh kanti gendhing Monggang, wiramane seseg (rindhik banget), bali marang seseg, lan suwug. Anggone nabuh saben dina senin lan Kemis mau, miturut andharane R.B Pustoko Mardowo, jalaran ana gegayutane karo kraton. Ing dina dina kasebut, dhampardalem diselehake ing Bangsal kencana, kaya kaya Ingkang Sinuhun Sultan HB lenggah sinewaka ing dhampar kencana. Tabuh 11.30 dhampar kencanane dikondurake maneh bebarengan karo suwuge gangsa Monggang. Papan panggonane kanggo nyimpen ing bangsal kinupengan tembok alun-alun Lor iring wetan, ana lawange madhep mangulon. Kiwa tengene papan panyimpenan gangsa Monggang mau banjur katelah kanti aran Kampung Monggangan.

Padha karo gangsa Monggang,  gangsa Kg Ky Kodhok Ngorek uga mung mligi kagungan Gendhing Kodhok Ngorek. Miturut para pakar nabuh gamelan ing wektu samengko kuwi wis jeneng langka, wiyaga kang bisa ngunekake Gendhing Kodhok Ngorek nganti ganep. Mbok menawa bae yen mung ngunekake lancarane bae bisa, nanging menawa wis ndhawah gendhing kang karan Ayam Sapenan adate banjur padha kisruh. Gandheng kang bisa nabuh gendhing mau uwis padha yuswa, aran eman banget menawa ora ana kang padha bisa nerusake kabisan mau. Ing bab iki kaya ora ana alane menawa dadi kawigatene Sekolah Menengah Karawitan Indonesia (SMKI) lan Insitut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta. Luwih becik maneh menawa Kawedanan Hageng Panakawan Kridha Mardawa uga menggalihake kanthi nggawe kadher-kadher wiyaga kang tangguh-tanggon sarta mumpuni ing babagan gendhing gendhing kuna.

Ngenani gendhing kuna iki, yen kita gatekake kahanan gamelan kuna kuwi, sejatine ricikane beda cacahe karo gamelan jangkep kang kita weruhi ing jaman samengko. Ora mung cacahe nanging uga wernaning ricikan ana bedane. Malah yen kita bandhingake karo gamelan yasan Ingkang Sinuhun HB V bae, gaweyan yasan HB V kuwi durung “ganep” kaya kang kita uningani ing jaman saiki. Iki bisa diuningani yen kita nlesih gamelan pusaka Kg Ky Panji kang alaras pelog lan Kg.Ky Pusparana kang alaras slendro. Gamelan rong prangkat iki padha sumaere ana ing njeron Kraton Ngayogyakarta lan padha nduweni kang kasebut “cakrik Mataraman”, yakuwi ora “genep” kaya gamelan saiki. Upamane mung ana siji laras 5 lan 6 semono uga kempule. Kanthi ora bisa kapigunakake kanggo uyon uyon utawa klenengan kaya jaman samengko. Seje maneh karo prangkat gamelan pusaka Kg Ky Medharsih (slendro) lan Kg Ky Migatsih (laras pelog) kang ing sakawit uga cakrik Mataraman, nanging ing wektu samengko rong prangkat gamelan mau uwis diganepi saengga uwis bisa dipigunakake kanggo uyon uyon utawa klenengan mat-matan cara saiki. Rong prangkat gamelan iki sumare ing pacaosan Kanca Inggil, wondene Kg Ky Panji lan Kg Ky Pusparana ana ing Kraton Kilen.

Ing jeron Kraton kapernah ana ing sangarep bangsal Kencana lan mapane ana ing salor lan sakidule Regol Gapura tinemu Gedhong Gangsa, papan sumarene sawetara gamelan pusaka. Ing Gedhong Gngsa  sisih lor sumare gamelan pusaka kang alaras pelog lan ing Gedhong Gangsa sisih kidul Regol Gapura gamelan gamelan pusaka kang alaras slendro. Kang sumare ing Gedhong Gangsa Lor : Kg.Ky Kancil Belik laras Pelog yasan I.S  Kangjeng Sultan HB I bakda prajanjen Giyanti ing taun 1755 M, larase dhuwur banget, Sisihane kang laras slendro lan uga dhuwur banget larase, sumare ana Gedhong Gangsa sisih kidul asma Kg.Ky. Surak, mujudake pisungsung  Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwono III nalika rampung napak astani prajanjen Giyanti mau, minangka cihna menawa panjenengan dalem rena banget penggalihe, jalaran perjuwangane pamandalem (Pangeran Mangkubumi) kasil bisa nglestarekake Praja Kejawen lan batalake Prajanjen Panaraga kang ditapak astani Rama dalem I.S Kangjeng Susuhunan PB II swargam. Mula jeneng ora nggumunake menawa rancakane gamelan asma Kg Ky Surak mau katon cilik cilik, jalaran asline pancen saka Sala lan ukiranane isih ketara menawa ukiran Sala asli. Kg.Ky Surak iki menawa katabuh ngunekake gendhing soran, luwih luwih menawa meneri pathet manyura, bisa keprungu saka kadohan kang dohe nganti watara limang kilometer, tur swarane gumyak sajak rame lan surak surak, mula banjur kaparingan asma Surak mau. Ing kunane, manawa Ingkang Sinuhun tedhak kirab bakda Jumenengandalem, Kg. Ky Surak iki mesthi ndherek kirab lan katabuh sarta muni terus, mbiwarakake marang para kawula menawa mentas ana Jumenengandalem Ingkang Sinuhun. Senajan swarane gumyak sajak rame, surak-surak, nanging laras banget.

(Ana candhake-Isti Nugroho)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!