Ngungak Wisata Religius ing Semarang
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 119 kali

Mesjid Layur Nate Dadi Pengawas Pesisir Rikala Perang Kamardikan

Sakwise kasil mbesmi ontran-ontran Tionghoa ing Batavia pihak Kompeni Walanda wiwit mikir-mikirsupaya kedadeyan kasebut ora bakal mrembet ing panggonan liya. Ing Semarang mangkono uga. Papan padunungan pendhudhuke kang maneka warna suku (uga bangsa) wiwit digatekake. Suku Melayu (Arab, India lan Pa­kistan) didunungake ing laladan Kp. Melayu kang maune wis dipanggoni suku Bugis, Banjar lan Madura dumunung ing kulone Kali Semarang kapener cedhak pesisir. Suku Tionghoa ing kiwa tengene Kali Semarang arah mengidul. Ing tembene papan padunungan iki katelah laladan Pecinan.Ing babagan iki pihak Kompeni Walanda nduweni karep kareben gampang anggone ngawasi lan tumindak. Iki uga rnujudake politike Walanda kang katelah mecah belah (devide et empera)

Mesjid Layur kang sakiki dumunung ing Jl. Layur (Semarang Lor) luwih kondhang disebut Mesjid Menara (pancen ana menara­ne) madeg tahun 1802. Mesjid kanthi arsitektur Timur Tengah kasebut sing mbangun saudagar saka Yaman kang nengenake ornamen motif geometrik warna-warni.Emane, ing buku sejarah Kota Semarang ora sinebut jenenge saudagar kasebut lan arsiteke.

Mesjid Menara iki kinubeng ternbok dhuwur (5 meteran) lan ing tengah-tengahe nduweni gerbang.Saenggo saka njaba mung katon rnenarane kang dhuwur. Menara mesjid iki ing Perang Kamar­dikan tahun 1945-1949 nduweni andhil kang ora cilik. Sabab ing tahun kasebut menara rnesjid dadi menara pengawas. Kang ndarbe tugas ngawasi thek kliwere kapal-kapal ing pesisir Semarang.

 

Mesjid Kauman

Mesjid Kauman dumunung ana ing kawasan Johar. Mesjid ikikang mbangun ulama Arab kang aran Maulana Ibnu Abdul Salim alias Kyai Pandan Arang. Ora disebutake kapan mesjid kasebut dibangun. Nanging ing taun 1885 mesjid Kauman kobong. Ana mitos kang nyebutake, kobong amarga mesjid kasebut anggone mbangun dhuwure ngluwihi dhuwure mesjid Agung Demak ing Bintara.

Tahun 1889 saka pertikele Bupati Semarang kang aran Tumenggung Cokrodipuro lan Asisten Residen Semarang GI Blume sarta arsitek GA Gamblier kasil mbangun maneh lan ngrampungake bangunan mesjid gedhe Kauman Mesjid kang mentereng kanthi arsitektur atep susun telu rinengga hiasan mustaka.

Gereja Gedhangan

Gereja Katholik St.Yoseph dumunung ing Jl.Ronggowarsito. Pembangunan gereja kasebut peletakan batu pertama dening Pas­toor Lijnen tanggal 1 Oktaber 1870. Arsitek W van Bakel kuwalah­an nancepake 650 tiang pancang kanggo bangunan greja kang jem­bar kasebut. Apa maneh wektu tahun iku cedhak banget karo pesisir. Lemah kang ajeg umes ngandhut banyu malah nyebabake gendheng lan usuk ambleg.

Tanggal l2 Desember 1875 gereja Gedhangan kasil diresmekake lan greja iki mujudake greja Katholik sepisanan ing Kutha Semarang.

 

Kelenteng Gedung Batu

Manut critane, Laksamana Cheng Hoo kang jamane Kaisar ping telune Dinasti Ming lelayaran ing pesisir Laut Jawa. Tekan ing Teluk (semenanjung) semarang, praune katerjang ombak lan prahara gedhe. Praune Cheng Hoo kandhas ing Simongan. Malah jare jangkare mecelat tibo ing wewengkon Simongan. Dene welah (sauh) tibo tekan sakwetane kutha Demak. Kang pungkasane dadi kutha welahan.

Cheng Hoo nuli prentah marang anak buahe supoyo panggonan kasebut diedegake papan peribadhatan lan tembe mburine katelah Gedung Batu utawa Sam Poo Kong. Semono uga ing Welahan.

 

Pagodha Avalokitesvara

Tahun 1957ing laladan Watugong (Sakngarepe Makodam IVDiponegoro) pancen wis madeg vihara cilik kang kondhang sinebut Avalokitesvara Buddagaya.Viharane isih prasojo.

Sasi Agustus 2005pagodha iki wiwit dibangun adhedhasar kabutuhane umat kang pengin nduweni sarana ibadah kang murwat. Ing pagodha iki tinemu anane relief andha saka watu (9 naga) kolam naga, lampu naga, air mancur naga nganti reca manuk Hong lan Kilin.Kabeh asesoris kasebut ditekakake saka Tiongkok.

Pagodha Avalokitesvara nduweni 7 tingkat (susun). Ing saben susun rinengga reca Dewi Kwan Im kang ngadhep 4 penjuru (arah mata angin). Nuwun.

(FX. Suyatno)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ora nduweni apa sing mbok senengi, mula senengana apa kang mbok duweni dinane iki.

Klik

CUKUR WULU UNTA

Jroning ngadhepi riyaya qurban, ing Pakistan unta-unta kanggo keperluan kurban padha dicukur luwih dhisik amrih mbentuk wulu kanthi motif kang edipeni. (d/ist)***

Pethilan

Nom-noman Indonesia akeh tampil ing panggung jagad

Indonesia saya ‘mendunia’

Ormas dadi bandhul kang ngimbangi polaritas akibat pemilu

Parpol kang ngebot-eboti

Kerukunan kuwi modal penting pembangunan

Aja gelem digawe usreg terus