Sate Tanpa Sunduk
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 293 kali

Girap-girap Weruh Ogoh-Ogoh

 

JUMUWAH tanggal 16 Maret 2018 udakara jam 19.30, ogoh-ogoh wujud buta gedhe diarak mu­beng saka Pura Jagadnata Plum­bon, Bangunta­pan, Kabupaten Bantul mubeng desa banjur bali maneh menyang panggonan seka­wit.  Pawai ogoh-ogoh kasebut di­adani kango mahar­gya Dina Rayaya Nyepi 17 Maret 2018. Kejaba pawai ogoh-ogoh, Riyaya Nyepi iku uga dipahargya ngang­go kegiyatan liyane, kayata ritual suci, upacara besar ing pesisir Parang Kusuma  lan isih akeh maneh.

 Warga Plumbon sasat tumpleg bleg nonton pawai ogoh-ogoh sing diarak mubeng kampung. Ora enom ora tuwa, nadyan bocah-bocah cilik uga ora ketinggalan. Bengi kuwi aku uga nonton pawai kasebut. Ing sakngarepku ana ibu-ibu sing ngajak anake loro uga nonton.

Lakuning ogoh-ogoh sing dipanggul  lancar. Bareng wis tekan ngarep wit ringin pratelon pedhukuhan, ogoh-ogoh buta gedhe mau digawe jejogedan,  diumbul-umbulake dening sing mikul cacah papat. Weruh ogoh-ogoh buta gedhe jejogedan, bocah cilik adhine mau keweden lan ngajak ibune mulih. Nanging kakange sing gedhe owel awit isih kepenging nonton.

Satemah adhine sing kamiweden nangis jerit-jerit. Weruh anake ragil girap-girap, ibune ora mentala terus ngajak mulih. Kakange sing wangkot emoh mulih diglandhang ngono wae.  Ganti kakange sing nangis merga cuwa digered ibune mulih nadyan isih karep nonton. Apa tumon,  bocah wedi kok diajak nonton pawai ogoh-ogoh.

Gunarso Wiyono-Banguntapan, Bantul

 


Sate Tanpa Sunduk

 

Wulan Desember 2017 aku sabrayat nekani uleman manten ing Yogya. Resepsine ing gedhong, tamune cukup akeh. Jinise panganan sing disuguhake uga maneka warna, ana lontong tahu, sate ayam, soto, bakso lan sapanunggalane. Senajan panganane sarwa mirasa nanging ibune arek-arek ora wani ngicipi awit kuwatir yen kena pedhes sithik wae  lara maag-e kambuh. Mula bojoku mung mangan lonthong limang iris tanpa bumbu.  

Rampung resepsi, kira-kira jam 13.00, aku sabrayat golek warung sate-gule. Aku pesen sega putih telung piring, gule telung porsi, teh anget telung gelas lan sate wedhus  rong puluh sunduk diwungkus dadi loro. Kanggo cepakan mangan ing hotel mengko bengi. Sakwise rampung mangan aku banjur mbayar.

Rampung mbayar aku takon sate rong puluh sunduk pesenanku. “Pundi sate kalih dasa sunduk pesenan kula, Pak?”

 Bakule ngulungake bungkusan loro, nanging ora ana sunduke. Aku miterang, “Lho, kokmboten wonten sundukipun?”

   Bakule mangsuli, “Bapak wau rak pesen sate kalih dasa sunduk, mboten ngendika sate sak sundukipun.”

Gandheng aku wegah rame, mula bungkusan sate tak tampani lan terus pamitan. Sorene ing lobi hotel aku sabrayat lungguh santai sinambi ngobrol karo bapak-bapak salah sijine tamu hotel.  Aku crita yen mentas tuku sate rong puluh sunduk nanging ora dikatutake sunduke.

 Ujare bapak-bapak tamu hotel mau, pancen saperangan warung ing Yogya yen rampung mbakar sate sunduke ora dikatutake. Aku mung nggleges. Adoh saka Surabaya menyang Yogya ibune arek-arek mung mangan lonthong tanpa bumbu, dene aku mangan sate tanpa sunduk.

H. Subroto Asmoro, SH-Sidoarjo

 

Satiyem

 

Minggu pungkasan sasi Nopember 2017 kepungkur wilayah pulo Jawa iring kidul keserang badhai Cempaka. Wujude angin gedhe lan udan deres pathes tanpa leren sajroning telung dina telung wengi. Gampang dinuga, ing kahanan kaya mengkono, bakal dumadi banjir ing kana-kene.

Esuk-esuk Mas Suwarno, sedulurku sing pidalem ing Desa Trimasan, Kalitengah, Wedi, Klaten, lumantar ha-pe kirim warta mawa gambar foto. Warta mau ngandhakake ngenani kahanane Desa Gatak sing ora adoh saka daleme.

Manut pawartane, dina iku, Selasa, tanggal 28 Nopember 2017, Desa Gatak, Brangkal, Pacing, Wedi, Klaten, ora beda karo wilayah liyane ketaman banjir. Banjir sing keri iki klebu “istimewa”,wilayah sing keblebeg banyu jerone watara 75 sentimeter nganti tekan 2,5 meter.

Ing swasana banjir kaya mengkono, ana salah sawijining warga  kono kang nglairake bayi. Lha piye, sing jeneng wong mbobot mono yen wis tekan titi wancine nglairake, ora bisa disemayani. Embuh iki ing wayah awan, sore, bengi, utawa esuk, ing kahanan utawa swasana kepriye wae. Klebu ing swasana banjir kaya nalika iku.

Merga kahanan isih banjir, wong tuwane bayi durung kober menehi jeneng kanggo anake. Nalika swasana wis kondusif, banjir wis suda, banyune wis asat, bayi mau lagi diwenehi jeneng. Dening wong tuwane, bayi kang lair ing swasana banjir mau diwenehi jeneng Satiyem. Kandhane, jeneng mau kanggo pangeling-eling ing mbesuke.

 Jeneng Satiyem dijupuk saka tembung Sat, kang tegese banyu wis asat lan Iyem kang ditegesi bocah wadon.Muga-muga wae bayi wadon kang lair ing swasana banjir mau ing tembe dadi bocah kang utama, migunani tumrap nusa, bangsa, negara, agama lan kalawarga. Amin.

FX. Subroto-Gamping, Sleman

 


 

 

 

 


Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora ana sing ora bisa diikhlasake...

Klik

OJEK MAYIT

Ojek mujudake salah sijine jasa angkut migunakake sepedhahmotor. Ing jaman modern saiki, jasa iki malah bisa dipesen liwat HP, yakuwi kang diarani Ojek Online (Ojol). Ojol ora mung ngeterake wong, nanging uga panganan, barang lan blanjan. Nanging senajan wis modern, pranyata ojol ing Indonesia isih klebu biyasa-biyasa wae. Beda karo ojek ing Kongo, Afrika. Ojek ing kene ora mung bisa ngeterake blanjan utawa panganan wae, nanging uga ngeterake mayit! Carane nggawa kanthi cara dibonceng ing mburi lan ditaleni rapet karo tukang ojeke. Maklum, mayit kuwi ora bisa nggamblok dhewe... (d/ist)***

Pethilan

Akibat anane lindhu, pegawe hotel lan restoran dikon prei

Ujian kanggo kita kabeh minangka bangsa Indonesia

Idrus Marham durung karep dadi justice kolaborator

Mbokmenawa isih bingung milih je­neng-jeneng kang pantes di-‘nya­nyek’-ake

Asil ing Asian Games 2018 dadi tetenger gumregah

Kabeh kanggo Indonesia