Respati Lair (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 268 kali

Injing bidhal saking Purwacarita nagri, gunging kang bala kuswa abra busananira, lir

wedalira saking ingjalanidi, arsa madhangi jagad, duk mungup-mungup ing sapucaking wukir. Mangkana untabing wadyabala saka Purwacarita, yen sinawang kaya manyar

sasra bareng aneba.

Budhaling wadya Purwacarita lir sela blekithi utawa semut mrambat ing watu, anglur selur datan ana pedhote. Abra busananing wadya lir pendah panjrahing puspita. Gebyaring busana cawuh lan klebeting gandera lelayu kelaping kakandha. Pedhang tameng mawor lan kelaping payung agung, sinawang saking mandrawa pindha wredhu angga sasra. Wredhu lintah, angga banyu, sasra sewu, kaya lintah sewu aneng banyu bareng kumelap.

 Rame suwaraning janma, cawuh lan kriciking kendhali kropyaking watang gathik. Pangeriking kuda myang pangempreting dwipangga barung lan suwaraning paksur tambur gong beri wurahan, gubar gurnang yayah warsa kinteki. Warsa udan, kinteki pejaten, kaya udan nrajang wana pajaten. Nyarangaping langkap, bedhil tumbak landheyan pindha jati ngarang. Prajurit sajuru-juru datan kena carup wor. Kang busana putih kumpul padha seta tinon saking mandrawa pindha kontul aneba. Kang busana kresna kumpul padha langking, kadi dhandhang areraton. Kang busana rekta kumpul padha abang, tinon  abra markata pindha wukir kawelagar. Kang busana ijo, kumpul padha wilis, katon ijo riyo-riyo kadi tanem gumadhung. Baleduging lampah katon peteng angampak-ampa angendhanu pindha mendhung.

Sinigeg ganti kang kacarita, kang ana Negara Samaskuta. Sang narendra yaksa Prabu Kala Mertyu  lenggah nggedhangkrang sila tumpang, lamun kasawang  kadya angrong panggalihe. Raseksa gung aluhur, godheg wok simbar jaja, netrane mbendhul kaya baskara kembar, irunge anyanthik baita, lambe ndobleh, siyunge sagedhang emas, rikma gimbal den adhul-adhul tibeng widhangan kanan kering. Yen segu kaya gludhug, yen nggereng kaya singa barong kang nedya nubruk mangsan.

Ngagem makutha jamang sungsun tiga miwah praba. Sumping calumpringan, ngagem kelat bau lan gelang pindha naga angulet asta, sarta binggel ing sukunira kanan saha kering. Nalika semana sang natayaksa lagi nganakake pasewakan agung, den adhep warangka nata kang awasta Patih Kala Wridagsa, saha kasambetan sowane para punggawa kang awujud yaksa. Teka mangkono, alon pangandikane gumaleger kaya guntur.

“Ik ik ik e. Bojleng-bojleng iblis lagnat jeg-jegan. Patih Kala Wridagsa, mara gage dikepara ngarsa sowanmu, Tiih?”

“Kawula nok nok non, Sinuwun, kados mboten kirang satunggal punapa sowan kula ing ngarsa paduka. Namung ingkang abdi kepatihan tansah nganglungaken jangga, nilingaken karna, baya wonten wigatos kados pundi dene paduka wanter sanget anggenipun nimbali ingkang abdi kepatihan, kula nok nok non.”

“Tih. Anggonku dadi narendra ing  Samaskuta iki wus suwe apa durung, Tih?”

“Awit saking petangipun ingkang abdi kepatihan, klebet cekapan. Liripun dipunwastani dangu inggih dereng, enggalan inggih…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.