Situs Prasejarah Guwa Pawon Bandung
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 113 kali

Tim penggalian saka Balai Arkeologi Bandung wis nemoke bebalung manung­sa prasejarah cacah pitu ana ing Situs Guwa Pawon, Desa Gunung Masigit, Ka­bu­paten Bandung Barat, Jawa Barat. Temon kagolong langka iku njangkepi pamawas ngenani manungsa purba sing nate urip ana ing wewengkon Jawa Barat.

Ekskavasi ing Guwa Pawon wis katin­dake wiwit taun 2003. Ing sasi September, tim nemoke fosil cumplung, rahang ngisor sarta ndhuwur. Bubar iku tim tan­saya semangat anggone ngadani pa­naliten nganti taun 2018. Kasil nemoke bebalung manungsa purba cacah pitu karan manungsa Pawon.Tinengeran tembung Rangka.

Temon Rangka I, Rangka II arupa bageyan cumplung sisih mburi. Rangka V arupa rahang sisih ndhuwur sarta ngisor. Umur tetelune kurang luwih 5.600 taun sarta ditemoke ing ngisor lemah kanthi jeru 80 sentimeter.Ing kono uga ditemoke 20.250 pecahan bebalung sarta 4.050 pecahan watu.

Ing lapisan lemah sisih ngisore ne­moke Rangka III, arupa bebalung sing kahanane paling wutuh katandhing temon liyane, umur kurang luwih 7.300 taun. Kurang luwih 20 sentimeter ing sisih ngisore, tim nemoke Rangka IV, umur kurang luwih 9.500 taun.

Tansaya jeru anggone ngedhug, tim nemoke bebalung sing umure luwih tuwa. Rangka VI, umur 10 ewu taun dite­moke ing ngisor lemah kanthi jeru 235 sentimeter. Rangka VII, umur 11 ewu tahun ditemoke ing njeron lemah kanthi jeru 245 sentimeter.

Paran dunung temon bebalung Guwa Pawon iku mau wigati tumrap pamawas sejarah manungsa purba ing Jawa Barat. Mujudake bageyan saka Mata Rantai yang Hilang. Lire dadi jejangkep temon artefak jaman sakdurunge. Upamane temon bebalung untu ma­nung­sa purba ing Tambaksari Ciamis tanggal 8 Juli 1999. Umur 600 taun kepungkur.

Banjur temon bebalung manungsa purba kanthi umur luwih enom, kurang luwih 45 taun sedurunge Masehi ana ing Situs Subang Larang. Manungsa purba kanthi umur luwih enom uga tinemu ing Karawang, karan Manungsa Buni. Kaduga urip ing jaman kawitan tuma­pake taun Masehi.

Temon bebalung saka maneka warna umur iku mau uga nuduhake anane pro­ses migrasi budaya prasejarah saka Asia daratan tumuju wewengkon Nusantara sarta Pasifik. Ing Jawa Barat, tumanduke migrasi nganti 35.000 taun kepungkur.

Ketua Tim Eskavasi Gua Pawon, Lutfi Yondrimratelake panaliten ing Guwa Pawon wis dianake ana kothakan eks­kavasi cacah enem. Lelandhesan ma­rang teori hunian ngenani kagunan gu­wa, dheweke duwe panduga menawa Guwa Pawon jaman biyene asipat mul­tifungsi. Saliyane kanggo papan dedu­nung, uga dadi papan panguburing layon.

Kegiyatan ekskavasi pungkasan sing katindake sawatara sasi nganti tanggal 22 Mei 2018 kepungkur, tim arkeolog nemoke sawatara artefak. Panggawene saka jinis watu obsidian, andesit, sarta wa­tu rijang. Asale watu saka njaban Guwa Pawon. Kejaba iku uga ditemokake artefak saka watu gamping.

Dening manungsa Pawon, watu gam­ping digunake minangka perkutor, wu­jude sarupa perabot kanggo nuthuk, sa­rana mecah balung minangka bebakal panggawe artefak liya, upamane lancip­an. Watu gamping uga digunakan mi­nangka perabot serpih, kanggo mbentuk saweneh artefak amrih wujude bisa luwih apik.

 

Proses identifikasi

Sajrone nindake proses identifikasi Manungsa Pawon, saliyane migunake penanggalan radiokarbon, tim eskavasi uga migunake metode odon­tologi forensik. Saka kahanan bageyan untu, tim bisa me­ruhi peprincen identitas be­ba­­lung sing ditemoke. Upa­mane umur anggone mati, ras utawa jinis kelamin.

Ing kono, Koordinator Odon­tologi Forensik saka Fakultas Kedokteran Gigi, Universitas Padjadjaran, Fahmi Oscandar, mratelake menawa untu mujudake pi­ranti identifikasi sing sam­purna. Bisa menehi maneka warna katrangan ngenani kahanan pawongan sing duwe untu iku mau.

Kabandhing bageyan raga liyane, untu uga duwe kaluwihan. Mengku daya tahan sing luwar biasa, ora rusak sanajan wis kakubur nganti yutan taun. Ora bakal lebur sanajan sumimpen ing dhasar samudra utawa kaobong kanthi suhu 900 derajat Celsius.

Asil papriksan odontologi forensik nuduhake menawa manungsa Pawon kagolong manungsa purba ras Mongoloid. Urip ing jaman mezolitikum. Isih dhemen beburon sarta golek iwak kali, nanging wis wiwit duwe papan dedu­nung. Racak ing guwa utawa pinggir segara. Sarta nenandur sacara prasaja.

Umume  umur urip 30 taun. Upamane Rangka III, kinawruhan jinis kelamin lanang sarta umure luwih saka 20 taun nalika mati. Bab iku nuduhake umur harapan urip manungsa purba ras mongoloid kagolong cendhek menawa katandhing manungsa modern jaman saikine.

Miturut pandugane Fahmi, sing anjalari umure ora bisa dawa, merga sistim imun utawa kekebalan raga sajrone nglawan lelara durung tumanja, isih kagolong ringkih. Sarta durung ngerti tata cara ngawekani kahanan nalika kena serangan penyakit. Anjalari manungsa Pawon gampang ketaman penyakit.

Prakara liya sing uga nenarik mung­guh­ing Fahmi, dheweke ora nemoke anane karies untu.  Karies yaiku bageyan untu cedhak gusi sing legok. Bab iku nuwuhake panduga menawa manungsa ras mongoloid tansah njaga kahanan untu. Mung wae kanthi cara kepiye, durung cetha. Jalaran durung nate tine­mu piranti kanggo ngresiki untu.

Sanajan ora nemoke karies, nanging tim panaliti nemoke anane karang untu cedhak gusi kanthi pratandha periodontal utawa penyakit gusi. Saka bageyan karang untu, miturut Fahmi, awake dhe­we banjur bisa meruhi jinis bakteri sing manggon ing kono.

Temon jinis bakteri iku mau banget migunani tum­rap pamawas ngelmu kedok­teran untu apadene kasara­san sacara umum. Mula iku kahanane karang untu bakal kataliti kanthi premati migu­nake piranti sing nyukupi.

Kagiyatan ekskavasi ing mengkone bakal diteruske maneh. Tujuwane kanggo nemoke tandha-tandha ana orane panguripan sing luwih tuwa umure. Paling ora ngan­ti umur 35 ewu taun ke­pungkur.

*

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora ana sing ora bisa diikhlasake...

Klik

OJEK MAYIT

Ojek mujudake salah sijine jasa angkut migunakake sepedhahmotor. Ing jaman modern saiki, jasa iki malah bisa dipesen liwat HP, yakuwi kang diarani Ojek Online (Ojol). Ojol ora mung ngeterake wong, nanging uga panganan, barang lan blanjan. Nanging senajan wis modern, pranyata ojol ing Indonesia isih klebu biyasa-biyasa wae. Beda karo ojek ing Kongo, Afrika. Ojek ing kene ora mung bisa ngeterake blanjan utawa panganan wae, nanging uga ngeterake mayit! Carane nggawa kanthi cara dibonceng ing mburi lan ditaleni rapet karo tukang ojeke. Maklum, mayit kuwi ora bisa nggamblok dhewe... (d/ist)***

Pethilan

Akibat anane lindhu, pegawe hotel lan restoran dikon prei

Ujian kanggo kita kabeh minangka bangsa Indonesia

Idrus Marham durung karep dadi justice kolaborator

Mbokmenawa isih bingung milih je­neng-jeneng kang pantes di-‘nya­nyek’-ake

Asil ing Asian Games 2018 dadi tetenger gumregah

Kabeh kanggo Indonesia