Kembang Sekolah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 82 kali

Ing sekolah, aku iki dadi rebutane cah-cah lanang. Iki ora ateges aku umuk utawa sombong. Iki pancen nyata. Aku sukur banget nduweni kulit putih, dedeg dhuwur, lan uga irung kang bangir. Makaping-kaping cah-cah lanang angkatanku uga kakak kelas kang ngrayu aku kanthi muji awakku mengkono.

Bengi iki aku ngadeg, nyawang pengilon. Aku ngematke wiwit rambut, nganti sikil. Aku mesem. Pancen ora salah yen aku dadi kembang sekolah ing SMK N 1 Wanangsri.

Aku banjur lungguh ana amben, nyaut buku kang ana sandhingku. Aku maca buku sejarah. Ing kono aku maca sejarah ngenani Presiden Soekarno. Putra Sang Fajar iku jebule fasih basa Inggris lan Walanda. Durung tutuk anggonku maca, aku malah ngalamun. Mbayangke yen pawongen pinter ngene iki bakal bojoku. Ya, wong lanang sing tak gadhang dadi bojoku ya wong sangar ngene iki.

Nanging kenangapa sing nyedhaki aku kok pawongan lanang kaya mengkono-mengkono iku? Aku kelingan Sutrun. Dheweke tak-akoni pancen nggantheng, dhuwur, kulite putih, nanging senengane balapan motor. Apamaneh rambute abang semiran, kupinge thindhikan. Ngganthenge dadi suda.

Aku gedhek-gedhek.

Aku banjur kelingan Imron kakak kelasku. Sangertiku dheweke wonge lurus. Yen sisiran rambute rapi, klambine uga mantesi, lan pocapane alus. Nanging Imron iku katon bodho, ora tau maca buku.

Ah, aku orak bakal ngeling-eling maneh. Aku iki ayu, kudu bisa nduwe bojo sing cocok.

***

Esuk jam pitu aku wis ana njero kelas. Lan saiki pelajarane Pak Surahmat. Ya, pelajaran sing paling taksenengi, ora yaiku pelajaran sejarah.

Pak Rahmat iku guru favoritku. Ora mung merga pelajarane sing taksenengi, nanging uga priyantune kang bagus, humoris, lan pinter. Sangertiku ora kabeh guru pintere kaya Pak Surahmat. Pak Surahmat iku guru sejarah, nanging uga fasih basa Inggris. Aku tau mrangguli nalika ana bule lagi penelitian ing sekolahku, Pak Rahmat kang nemoni lan ngancani penelitian bule iku.

Saliyane iku Pak Rahmat uga bisa main gitar, uga bisa nabuh gamelan. Ing sekolah Pak Surahmat uga mulang pramuka lan beladiri. Kaya-kaya Pak Surahmat iku wong lanang sing jangkep sekabehane. Nanging siji sing nggawe aku getun: Pak Rahmat wis omah-omah. Aku getun kenangapa aku lair keri. Kudune aku lair sapantaran karo Pak Surahmat, lan mesthi aku bakal ngoyak supaya Pak rahmat dadi bojoku.

Aku lungguh ngarep dhewe. Nggatekke Pak Rahmat sing lagi nerangke pelajaran. Aku mesam-mesem ana kelas.

***

Sawise pelajaran dina iku rampung, aku sigra bali mulih.  Ing tengah dalan aku dicegat dening pawongan lanang. Sangertiku iku kakak kelasku.

“Niar, ayo takboncengke.”

Aku gedhek. Ya, jelas aku wedi.

“Ketimbang mlaku, ayo melu aku. Takterke nganti ngarep omahmu.”

Aku tetep nampik. Apa maneh weruh cah lanang sing rambute biru kaya ngono. Ora bakal aku gelem. Pawongan lanang iku banjur ngeblas. Aku enggal nutup kuping merga suwara knalpote sing kaya mercon njebluk.

Aku gumun, kenangapa cah-cah lanang padha tindhikan, semiran, kathoke suwek-suwek, motore diganti kenalpot wor? Apa anggepane pawongan lanang-lanang kaya mengkono iku gagah? Kaya mengkono iku bakal narik kawigatenku? Terus aku bakal seneng? Ora bakal lah!

Aku banjur mlaku rikat. Ing dalan tumuju omah aku keweden, samar ana wong lanang sing bakal nyegat lakuku maneh.

Sawise tekan omah aku langsung salin klambi, banjur leren. Aku lungguh sinambi maca buku. Lagi wae mbukak halaman siji, hapeku muni. Jebul ana panggilan seka nomer sing durung ana jenenge ing kontakku.

Iki sapa ya? Eh, let sedhela ana SMS mlebu. SMS iku saka nomer sing mau nelpun aku.

“Dhik, aku Danang kelas III C, kakak kelasmu.”

Aku kaget. Ra ngira yen Mas Danang SMS aku. Kanca-kancaku wedok iku padha ngefans Mas Danang, semono uga aku. Ya, wong iku adhine Pak Surahmat. Atiku bungah banget. Apa Mas Danang bakal nyedhaki aku? Nek iya, jelas aku ora bakal nampik. Aku ora bakal nolak.

Mosok wong lanang kaya mengkono taktolak. Mas Danang iku wonge bagus, kerep juara lomba sing dianakake sekolah. Saliyane iku uga pinter basa Inggris kaya mase. Uga pinter main basket, futsal.

Lan siji maneh sing ndadekake aku saya ngefans. Mas Danang iku wonge sregep ngibadah. Dheweke iku ketua Ikatan Remaja Masjid.

Wong lanang sing ngene iki sing taksenengi. Cowok sangar iku dudu sing tindhikan, tatonan, semiran. Wong lanang sing sangar, kanggoku ya wong lanang sing duwe kewasisan, duwe budi kang becik.

Durung takbales SMS-e, Mas Danang malah telpun. Sanalika langsung takangkat.

“Asalamualaikum, Dhik.”

“Walaikum salam, Mas. Onten napa?”

“Ngene, Dhik. Ngapurane nek aku ngganggu awakmu. Aku arep takon wae, wingi pas kowe ning masjid sekolahan weruh sandhal jepitku ora? Kanca-kanca kandha jare sandhal jepitku mbok gawe.”

Aku kaget. Aku ngeling-eling maneh. Oh, iya pas wudu aku nganggo sandhal jepit putih saka plataran masjid.

“Owalah nggih, Mas. Ngapunten kula supe. Sandhale kantun wonten kelas.”

“Keri ning kelas ya, Dhik? Oh ya nek ngono, Sesuk pas ning sekolah takjupuke. Wis ngono wae, ngapurane menawa ngganggu. Wasalamualaikum.”

“Nggih, Mas. Kula ingkang salah, nyuwun ngapunten. Walaikum salam.”

Dhuh takkira ana apa, jebul perkara sandhal jepit. Atiku kang bungah dadi pecah. Aku banjur dlosor ana kasur. Sirahku takkukur-kukur senajan ora gatel. Isin aku….

(Danang Cahya Firmansah)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ana Gusti papane se­mendhe kang kukuh, geneya wedi tiba. Ana Gusti kang kagu­ngan tresna sejati, ge­­neya wedi kela­ngan. Ana Gusti pang­gonane nyenyuwun, geneya wedi kentek­an? Pasrahna saka­behe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Klik

60 TAUN ORA ADUS

Adus saben dina penting banget kanggo njaga kesehatane awak. Nanging ora mangkono tumrape Amou Haji, priya tuwa asal Iran iki malah lara kabeh kulite yen kena banyu. Mula dheweke ora tau adus sasuwene 60 taun iki. Nganti-nganti dijuluki priya paling kotor sadonya. Kepriye ora, werna kulite wis padha karo wernane lemah, semono uga teksture atos kaya semen saengga kerep dikira patung yen lagi lungguh meneng wae. (d/ist)

Pethilan

Pirembugan cawapres durung rampung

Dudu mung ngomongi ban serep

Disiapake rekayasa lalu lintas kanggo Asian Games

Jalur zig-zag sepedhah uga ana

Penduduk desa bisa saya miskin

Nah, kena kanggo bahan adol kam­panye