Qiyamat iku Nggegirisi (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 55 kali

(7).  Suwarga lan Neraka.

Ngrembug babagan tumapaking dina Qiyamat, Imam Ghazali aweh pepenget, sing maksude ngelingake marang kita, su­paya kita aja nganti tledhor (lali), amar­ga kita mung kesengsem marang urusan donya. Iku satemene mujudake reribet (kesibukan) sing bakal mungkasi (hilang dan berakhir). Dielingake, kita supaya miwiti mikir bakal kang tumapak (sing bakal kelakon), yaiku dina akhir (Qi­yamat). Krana marang manungsa wus dibiwarakake, dikabarake, manawa ing Neraka iku bakal dadi papan tumapaking sekabehing manungsa. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan ora ana siji-siji-a saka sira kang duwe dosa, kajaba mesthi pa­dha nyemplung marang Neraka Ja­hanam, iku hukuman kang wus di­temtokake dening  Allah, Pange­ranira. Ingsun nuli nylametake wong-wong kang padha taqwa, sar­ta Ingsun ninggalake wong-wong kang padha aniaya (dzalim) ana ing Neraka Jahanam, padha jeng­keng.” (Q.S.Maryam (19):71-72).

Bisa dipesthekake, manawa seka­behing wong bakal tumapak (menda­tangi-nya). Ewasamono isih padha was-was, apa dheweke kalebu ewoning wong kang slamet utawa ora. Ngadhepi swa­sana kang kaya mangkono mau, coba kita resepi, kita rasakake sajeroning pi­kiran lan ati kita, saengga kita bisa ma­was diri, mulat sarira angrasa wani, su­paya dadi wong kang slamet ing papan mau. Lan coba kita gambarake, para ma­khluk sing padha ngalami dherita sarta tumapaking dina Qiyamat kang nggegirisi iku. Lan nalikane wong-wong mau nga­la­mi ati susah (kesusahan) sarta ngranti (nunggu) bebenere pawarta sarta pitu­lungan saka wong-wong sing bisa aweh pitulungan, dumadakan wong-wong kang dosa mau kinubengan dening swa­sana sing peteng ndhedhet sarta sinam­ber dening geni kang mulad-mulad. Ora antara suwe Malaikat Zabaniyah ngucap “Endi Fulan bin Fulan sing migunakake umure kanggo tumindak maksiyat? Ma­laikat Zabaniyah Nuli nggebugi wong mau nganggo wesi sarta nggiring wong mau tumuju marang adzab kang banget nglarani, sarta molak-malikake ing Ne­raka Jahanam. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Didhawuhake dening Allah uta­wa dening Malaikat Zabaniyah sing tinanggenah njaga Neraka, marang wong-wong mau, Lah rasakna, sa­te­mene sira iku biyen wong kang ambek agung tur kumalungkung.” (Q.S.ad-Dukhan (44):49).

Wong-wong mau (kang dosa) dipa­panake ana ing panggonan kang ciyut, peteng dalane. Wong-wong iku bakal ma­pan selawase (abadi), dipadhangi de­ning geni Neraka, ombene banyu kang umob, manggon ana ing Neraka Jahim, Ma­laikat sing nyiksa marang wong-wong iku. Neraka Hawiyah iku mujudake papan ngumpule wong-wong kasebut, sikile di­kecrek. Praupane (raine) padha ireng merga gosong, krana tumindak maksiyat kang wus dilakoni. Wong-wong iki be­ngok-bengok njaluk tulung. Ujare, He malaikat Zabaniyah pranyata bener apa sing diancamake marang aku ndhisik. Saiki kulitku dadi mateng, mlempuh, tu­lung aku wetokna saka papan iki. Aku ora bakal nindakake apa kang dilarang maneh. Malaikat Jabaniyah ngucap; Ora bisa. Menenga, aja wicara! wong-wong mau rumangsa getun banget apa sing wus ditindakake nalika ana ing donya. Nanging rasa kuciwa, rasa getun mau ora bisa nylametake lan nulungi awake. Malah sirahe (pasuryane) dirante. Ndhu­wur sirahe ana genine. Ngisor sikle ana geni. Dumunung ana ing sakiwa lan te­ngene ana geni, ngombene geni, papan turune uga geni. Wong-wong iki klelep ana ing geni. Panganane geni, ngombeni uga geni. Panganggone geni, papan tu­rune uga geni. Lha nalika dheweke njaluk tulung iku, malah disiram karo banyu pa­nas, saka ndhuwuring sirahe nganti ngle­lehake isi wetenge lan kulite. Disiksa, digebugi nganggo wesi, nganti getih mri­pate, daging pipine padha mretheli. Wong-wong mau kepengin mati nanging ora bisa.

 

(8). Fenomena (kahanan) Neraka

 (a). Jeru lan panase Jahanam. Utbah bin Ghozwan nerangake, manawa Njeng Rasulullah paring dhawuh, mang­kene maksude :

“Satemene watu gedhe sing di­cemplungake saka pinggiring Ne­raka Jahanam, nuli tumiba ing nje­rone, sasuwene pitung puluh taun, ora bisa tumapak ing dhasare.” (HR.Ahmad). Ing babagan iki Abu Hu­rairah nerangake, mangkene maksude: “Nalika iku aku pinuju ndherekake Ra­sulullah saw. dumadakan aku keprungu samubarang kang tumiba saka papan kang dhuwur. Njeng Nabi tumuli ndangu. Apa sliramu ngerti apa ta kang tumiba iku? Aku matur, manawa Allah lan Ra­sulullah sing priksa. Rasulullah dhawuh, manawa iku kang tumiba mau, yaiku watu gedhe kang dicemplungake me­nyang Neraka wiwit 70 taun kepungkur. Watu mau tumiba ing Neraka nganti tumapak ing dhasare.” (HR.Muslim).

Neraka jahanam iku ndarbeni lawang pitu cacahe. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan satemene Neraka Jahanam iku cawisane wong-wong kafir mau kabeh. Ne­raka Jahanam iku ana lawange ca­cahe pitu. Saben-saben lawang wus ana sing nduweni bageyan, yaiku wadyabalane syetan kang ws di­tem­tokake”. (Q.S.Al-Hijr (15): 43-4). Ana sng nduweni panemu, manawa sing dimaksud lawang-lawang iku, tingkatan (tataran), sing siji ana ing ndhuwure li­yane.

Kajaba saka iku, Abdullah bin Mas’ud nerangake fenomena ing Neraka, iku bahan bakare dumadi saka manungsa sarta watu. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “(Neraka) iku urub-urube saka manungsa lan wa­tu.” (Q.S.Al-Baqarah (2);24). Abdullah bin Mas’ud nerusake ngendikane, yaiku watu sing digawe saka pematik geni kang cinipta dening Allah nalika ciniptane Langit lan Bumi, kang dicawisake tum­raping wong-wong kafir. Tataran panase Neraka iku trep karo dhawuhe Ra­su­lullah, mangkene maksude:

“Geni sing diurubake dening putra wayah Adam iku, tataran panase mung sa­kpra-pitung pu­luhe panas Neraka Jahanam. Diterangake, para saha­bat ma­tur, lha manawi panasipun latu Ne­raka ingkang kados makaten pu­nika, tamtu sampun cekap kang­ge basmi para tetiyang (ka­fir) ahli Neraka, makaten Njeng Ra­sul? Ra­sululluh tumuli ngen­dika: “Satemene panas geni Ne­raka iku bakal ditam­bahake se­widak sa­nga bageyan, sa­ben-sa­ben pa­nase.” (HR.Bukhari, lan Muslim).

 

(b). Konsumsi ahli (penduduk) Neraka.

Dhawuhe Allah mangkene mak­sude: “Dheweke padha ora pi­koleh pangan apa-apa, kajaba mung uwit eri, kang ora bisa nglemokake lan ora bisa ma­regake saka luwe.” (Q.S.Al-Gha­siyah(88);6-7). (uwit eri, kewan bae ora doyan, apa maneh ma­nungsa).

Dhawuhe Allah, mangkene mak­sude: “Sanyata Ingsun wus ke­pareng nya­wisake belenggu lan Neraka Jahim lan panganan sing nyereti, sarta sik­sa (adzab) kang nglarani ba­nget.” (Al-Muzzammil (73):12-13).

Di­terangake dening Ibnu Abbas, panganan kang nyereti ka­sebut ana ing ayat ndhu­wur iku, yaiku panganan kang ana erine sing nyangkut ana ing gorokan. Dhawuhe Allah, mangkene maksudse:

“He wong kang sasar lan wong kang padha ma­ido ma­rang Ra­sulullah! Yekti sira kabeh bakal mangan kayu zaqum. Lan diweleg nganti  kebak wetenge. Nuli ngom­­­be wedang kang panase nganter-anter. Mangka anggone pa­dha ngombe iku ora beda karo ngombene unta kang banget nge­lake. Lha hiya iku suguhane wong kang sasar ana ing dina piwales.” (Q.S.Al-Waqi’ah (56):51-56).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ora ana sing ora bisa diikhlasake...

Klik

OJEK MAYIT

Ojek mujudake salah sijine jasa angkut migunakake sepedhahmotor. Ing jaman modern saiki, jasa iki malah bisa dipesen liwat HP, yakuwi kang diarani Ojek Online (Ojol). Ojol ora mung ngeterake wong, nanging uga panganan, barang lan blanjan. Nanging senajan wis modern, pranyata ojol ing Indonesia isih klebu biyasa-biyasa wae. Beda karo ojek ing Kongo, Afrika. Ojek ing kene ora mung bisa ngeterake blanjan utawa panganan wae, nanging uga ngeterake mayit! Carane nggawa kanthi cara dibonceng ing mburi lan ditaleni rapet karo tukang ojeke. Maklum, mayit kuwi ora bisa nggamblok dhewe... (d/ist)***

Pethilan

Akibat anane lindhu, pegawe hotel lan restoran dikon prei

Ujian kanggo kita kabeh minangka bangsa Indonesia

Idrus Marham durung karep dadi justice kolaborator

Mbokmenawa isih bingung milih je­neng-jeneng kang pantes di-‘nya­nyek’-ake

Asil ing Asian Games 2018 dadi tetenger gumregah

Kabeh kanggo Indonesia