Pager (13)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 167 kali

Musripah dadakan kelingan wong tuwane lanang. Pawongan sing prasaja lan nriman, kepeksa lunga jalaran wong tuwane wadon sing wis nyebal sa­ka angger-anggere wong jejodhowan. Nyepelekake wong lanang. Apa ora krasa yen anake nandhang rekasa? Apa ora tau ngipi? Apa sesambungan batin an­tara wong tuwa lan anak wis punggel, ba­tine saya keranta-ranta. Musripah lu­nga saka omah uga jalarane wong tuwa wadon. Piye meneh, suk yen wong tu­wane wadon kepeksa ngramut lan nga­jak mulih, gelem ora gelem kudu dituruti. Lan selagine Mama Pia ngecepret, Mu­sripah terus merem. Nganti Mama Pia mulih, Musripah ora mobah ora mosik.

Undang-undangane Bon, jenenge Ba­drun, umure 33 taun. Asal-usule ora ce­tha. Manggon ing penginepan Waton Bi­sa Ngaso sing nylempit ing tapel wates kutha. Rupane bagus. Pawakan rosa pi­degsa. Grapyak, semanak, pinter sra­wung. Pinter ngentha ukara sing marak­ake wong wadon gampang kepencut. Jembar sesurupane. Sawie pirang-pi­rang dina milang-milang saindhenging kutha, lagi nyumurupi panggonan ya­yasan terapi anggarbini. Panggonan te­tulung para wadon sing durung duwe turun. Lan kuwi bisa mujudake sawah-tegal sing nyenengake, kena dinggo pa­pan midak-midak.

Rina wengi ora kendhat ngawati. Ke­beneran Zahza sing kepingin duwe mo­mongan uga nyumurupi lan nyoba-nyoba melu mertamba. Ing lawangan nalika arep mlebu pekarangan, papagan karo Badrun. Lan kaya adade Badrun nyapa luwih dhisik, ngajak salaman selagine Zahza isih ngeling-eling. Banjur nepung­ake lan ngaku minangka kapala yayasan sing lagi arep ngaso sawise nulungi pa­sen. Durung tutug caturan, Badrun ge­gancangan nyabrang dalan lan mlebu rumah makan. Kaya ana sing aba, Zahza nutiti.

Sawise omong-omo­ng­an, Zahza saya kepen­cut lan tanpa ringa-ringa njaluk tulung. Badrun nyawang wetenge Zahza rada sawetara. Badrun manggut-manggut. Sa­wise mangan lan ngombe, kanthi pawadan arep nambani pasien, gegan­cangan bali menyang ya­yasan, Zahza dikon ngen­teni. Kira-kira setengah jam candhake bali lungguh njejeri. Ngrogoh sak clana ndudut telpun tangan.

Kanthi pawadan du­rung kober nontoni, Zahza dijaluki tulung mbukak ka­bar cekak sing ditampa, “Kula sampun isi kalih wu­lan. Nyuwun pangestu. Ma­tur suwun. Uri”. Banjur mrembet marang kabar sing nomer loro, “Tulung di­padoske nami bayi jaler kula. Novitri”. Sawise tilpun tangan dipasrahake, Ba­drun njarwani yen loro-lorone wadon gabug. Omah-omah nem taun durung du­we momongan. Sawise ditambani bisa isi. Ora mung terapi lawaran nanging uga dibantu tenaga dhalem kanggo me­ruhi sing dumadi sakbenere. Zahza saya kenceng kekarepane, lan kangsen sesuk ketemu maneh aja lali nggawa barang-barang klangenan.

Sesuke watara jam wolu, Zahza wis lungguh njeron………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.