Bedhah Pajang (10)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Rakyat - Dibaca: 115 kali

“Kanjeng Rama Sultan, menawi wirayatipun Kanjeng Sunan Giri suwau sayektos, lajeng kados pundi anggenipun Pajang badhe ngadhepi Mataram ing samangke?” Pangeran Benawa nyuwun priksa. “Mataram sapunika saweg kaupamekaken kados dene latu sapelik. Mila prayoginipun tumunten lajeng kasiram toya kemawon, supados mboten ngambra-ambra. Manawi Rama Sultan kepareng, Mataram badhe kula gecak perang.”

Para bupati padha nayogyani ature Pangeran Benawa. Nanging Sultan Adiwijaya nyarehake sing  ora sarju menawa Mataram niyat wani klawan Pajang. “Kulup Benawa, aturira kuwi pancen bener. Sepira banggane Mataram yen digecak perang dening Pajang. Mesthi bedhahe! Nanging mangertiya, Kulup, pepesthene Pangeran kuwi ora bisa dipepalangi.”

Pangeran Benawa lan para bupati padha tumungkul.

Sarawuhe saka Pertapan Giri, Ki Ageng Pamanahan banjur medharake wirayate Sunan Giri marang para sanak-kadange, kalebu marang Raden Sutawijaya. Ki Juru Martani uga diwenehi kabar mau.

“Manawa wirayate Kanjeng Sunan Giri iku ing tembe dadi kasunyatan, mula becik bisa ditampa kanthi tangan kang resik. Jalaran kabeh mau mujudake paringane Gusti Kang Maha Murah. Aja kongsi gumedhe, apa maneh banjur rumangsa yen dadi kekasihe Allah. Sebab padha elinga, mungguh manungsa kang kinasih dening Pangeran kuwi hiya mung manungsa kang luhur budine.

Pancen wis dadi pepesthen yen wahyu keprabon iku mesthi bakal tumurun. Nanging kersane Kang Maha Kawasa, wahyu iku aja digege mangsa. Malah wiwit saiki padha gladhena ing bab pangerehing praja. Mangertiya, ngereh iku tegese dudu mrentah, apa maneh kanthi peksan. Nanging ngereh iku tegese mranata kanthi becik panguripane para kawula, supaya urip tentrem lan raharja lair terusing batin,” Ki Ageng Mataram aweh wejangan.

***

Mataram tansaya wuwuh reja. Panguripane kawula ayem tentrem. Bebasane ora ana maling, brandhal, kecu lan durjana juti kang gendhak sikara. Awit kabeh padha nduweni pangupajiwa kang tumata sarta wareg wetenge, saengga ngedohake tindak durjana. Mbarengi kuwi Ki Pamanahan kang saya sepuh nandhang gerah. Panjenengane nuli nimbali Danang Sutawijaya lan kabeh para putra, klebu Ki Juru Martani.

“Kakang Juru, kula rumaos mboten dangu malih badhe katimbalan dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Kula namung pasrah dhateng jengandika, kados pundi anggenipun momong para putra. Wondene ingkang kula pitados nggentosi kalenggahan dados petinggi Mataram inggih pun Thole Sutawijaya,” ngendikane Ki Pemanahan. “Saungkurku, Thole, sira manuta marang kabeh pituture pamanmu Ki Juru Martani.”

Ora watara suwe sawise ninggal weling, Ki Ageng Pema­nahan……….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe ma­ngerteni anane watu cilik ing da­lan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula singkir­na… Sapa ngerti iku dadi sebab di­gangsarake da­lan­­mu nuju su­warga.

Klik

JEBAKAN PIKIRAN

Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***

Pethilan

Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor

Rukun agawe santosa crah agawe bu­brah.

Dibutuhake panggung interaksi kang toleran

Panggung kampanye malah ana in­toleran.

Korupsi mbegal karaharjane rakyat

Metu pakunjaran wae koruptor isih raharja.