Atlet
Balap Kursi Roda andel-andele Indonesia
Kacilakan tragis namani
sawijining nom-noman aran Jaenal Aripin taun 2006 kepungkur. Nalika lagi numpak
sepeda motor ing kutha Bandung, Jaenal kanthi ora ngira ngalami kacilakan
parah.
Apese maneh,
kacillakan mau ora mung natoni Jaenal, nanging uga ndadekake kekarone sikile
kepeksa diamputasi.
Mesthi wae ora gampang
kanggone nom-noman iki nampa kanyatan ngono mau. Butuh wektu kang cukup suwe
kanggone karyawan pabrik ksb mulihake semangat lan kapitayan awake.
Tujune, kanthi anane
dukungan keluarga lan ketemune karo olahraga atletik, Jaenal alon-alon bisa
gumregah.
“Sakawit aku ora
ngerti ana olahraga difabel. Banjur aku diajak menyang GOR Pajajaran, Bandung,
jarene ing kana ana olahraga kanggo kaum disabilitas, kaya upamane mlayu nganti
kang nganggo kursi roda,” ujare Jaenal.
“Aku dadi penasaran,
wusanane aku teka mrono. Kawitan aku nyoba ora bisa. Nanging sawise suwe
latihan, wusanane penak uga.”
Ketlatenane latihan
ing cabang olahraga atletik, utamane nomer sprint kursi roda, nguntapake
Jaenal minangka salah sijine atlet difabel andel-andele Indonesia.
Saikine, Jaenal bisa
ngenggoni peringkat 10 besar dunia kanggo nomer 100 meter T54 lan 200 meter
T54.
Prestasi prestisius
paling gres kang diukir Jaenal yakuwi oleh medhali emas Kejuaraan Dunia 2018
ing China kanggo nomer 100 meter.
“Alhamdulillah tak
tlateni terus lan nganti saiki wis ana asile,” tuture priya kelairan taun 1988
iku.
Ora lali Jaenal pesen
marang sapa wae, utamane kaum difabel, amrih tetep semangat jroning mecaki urip
iki.
Ing suwalike saben
prahara lan tragedi kang dialami sapa wae, Jaenal yakin tansah ana hikmah kang
bisa dipethik yen kita bisa ngadhepi kanthi sabar.
“Kanggo kanca-kanca
disabilitas, pesenku, aja isin yen upamane kanca-kanca duwe kekurangan,” tuture
Jaenal.
“Aja isin ngetokake
kaluwihan kita. Sapa ngerti, jroning kekurangan mau, ana kaluwihan kang bisa
nekake prestasi,” ujare luwih omber.
Jaenal omah-omah taun
2015. Saikine, dheweke wis diparingi momongan anak lanang kang ndadekake semangate
saya ngambra-ambra.
Dheweke uga nelakake
rasa panuwune marang kekarone wong tuwane kang wis aweh dukungan moril, engga
wusanane bisa oleh kesuksesan kaya saiki iki.
“Keluargaku tansah
support. Tansah aweh pandonga kang ora tau
pedhot kanggo aku. Matur suwun,” bacute
Jaenal.
Dinane iki, Jaenal
mujudake salah sijine atlet difabel kang lagi nindakake test event Asian Para
Games 2018.
Ajang uji coba kanggo
Asian Para Games 2018 iku dianakake saka tanggal 27 Juni nganti 3 Juli.
Test
event nggelar limang cabang olahraga, yakuwi para bulu tangkis, para renang,
para atletik, para tenis meja, lan basket kursi roda. (d/ist)
Yen kowe
mangerteni anane watu cilik ing dalan kang kira-kira ngganggu wong liya, mula
singkirna… Sapa ngerti iku dadi sebab digangsarake dalanmu nuju suwarga.
JEBAKAN PIKIRAN
Atusan wedhus kanthi tertib metu saka kandhange (ranch) ngliwati regol gerbang, mangka ing kandhange mau ora ana pager kang matesi lakune. Ujare ngakeh, iki sing diarani ‘jebakan pikiran’. (d/ist)***
Jokowi karo keluarga ing kebun raya Bogor
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah.
Dibutuhake panggung interaksi kang toleran
Panggung kampanye malah ana intoleran.
Korupsi mbegal karaharjane rakyat
Metu pakunjaran wae koruptor isih
raharja.