Qiyamat iku Nggegirisi (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 9 kali

(3e). Ganjaran amal sing ditimbang.

Nuwwas bin Salim njlentrehake, ma­na­­wa Rasulullah saw. ngendika mangke­ne maksude: “Aku keprungu Njeng Ra­­sulullah ngendika, Al-Qur’an ba­kal ditekakake Nalika dina Qiyamat bi­narung ahline sing wus ngamalake marang Al-Qur’an. Dene sing teka ka­pisan, yaiku surat Al-Baqarah lan surat Ali-Imran. Tumuli Njeng Ra­sulullah kepareng paring telung pe­misahan sing nggambarake karo ke­karone. Aku ora bakal nglalekake sawuse iku, yaiku pindha rong tum­puk mendung ireng, ing antarane dumunung cahya, utawa pindha sak grombol manuk sing lagi mabur, ing swasana bakal mbelani pawongan sing maca Al-Qur’an iku”. (HR.Mus­lim). Kajaba saka iku At-Turmudzy uga ngucap, iki ateges sing ditekak­ake iku ganjaran (pahala) olehe nde­res Al-Qur’an iku.”

 

(4e). Satemene sing ditimbang.

Satemene sing ditimbang iku, yaiku pawongan sing nindakake dhewe. Ing babagan iki Abu Hurairah nerangake, ma­­nawa Rasulullah ngendika, mangke­ne maksude “Satemene mbesuk ing dina Qiyamat, bakal ditekakake wong sing awake lemu, ana ing ngarsaning Allah, timbangane ora luwih abot karo bobote elar manuk. Coba wacanen ayat” Dheweke mau wong kang padha maido marang ayat-ayating Allah, PangeranE lan maido bakal sowan ing ngarsanE, satemah dadi lebur kabeh amale. Ing­sun ora bakal ngedegake timba­ng­an ana ing dina Qiyamat tumrap­ing wong mau.” (Q.S.Al-Kahfi (18):105).

 

5. Sifat shirat (jembatan)

Dumunung ana ing Kitab shaheh Bu­khari lan shaheh Muslim, Abu Hurairah nerangake, mangkene: “Tumuli dipa­sang jembatan (shirat) antara ping­ gir (tepi) Jahanam. Aku dalah umat­ku sing sepisanan nyabrangi (ngli­wati). Ora ana sing wani cibara (re­rem­bugan) kajaba Njeng Rasulullah. Dene dongane para Rasul nalika iku; mung Allahumma sallim, sallim. Dhuh Gusti Allah mugi Paduka paring ke­slametan, mugi Paduka paring ke­slametan dhumateng kawula.  Dene mapan ana ing Neraka Jahanam wus cumawis wesi-wesi kang ngganthol pindha eri, saka wit sing ana erine sing karan sa’dan. Sira kabeh rak wus padha mangerteni ta wit sing mawa eri, sing jenenge sa’dan. Para sahabat nuli atur wangsulan. Leres. Njeng Rasulullah banjur nerusake pangandikane: Satemene wit iku pindha wit sing gimbal dening eri sa’dan, mung ora ana sing manger­te­ni sepira (kadar) gedhene, kajaba Allah. Wit iku nyanthol sapa bae, trep karo tataran amal tumindake wong iku. Ing antarane wong-wong mau ana sing cilaka, krana sisa amale, utawa ditaleni krana amale. Ing antarane ana sing ancur, kara­na amale, ana sing langgeng krana amale, lan ing antarane wong-wong mau ana sing disabrangake krana amale. Utawa sing sababag karo kahanane.” (HR.Bukhari, Muslim lan Ahmad).

Kajaba saka iku ana riwayat sing diterangake dening Abu Said a’Khudry (Hadits marfu’, sanad-e nganti Rasulul­lah). Tumuli jembatan iku ditekakake lan dipasang ana kekarone pinggir Neraka Jahanam. Tumuli aku nyu­wun priksa Dhuh Njeng Rasul! Pu­napa ingkang murugaken nggegirisi tumrap jembatan punika? Jeng Ra­sulullah nuli paring dhawuh:  “Jem­batan iku bisa mlesekake utawa ni­bakake, krana ana gantholan wesi, ana erine sing (amba) landhep, sing dumadi saka gimbal eri sing karan sa’dan (wit eri sing landhep). Ana wong Mukmin sing ngliwati kanthi cepet banget pindha thathit (kilat), sarta ana sing ngliwati pindha sami­rana (angin) lan ana sing ngliwati pindha jaran pilihan, ana sing ngli­wati pindha numpak jaran tungga­ng­an, ana sing slamet bener-bener, nanging ana sing slamet sawuse dhe­weke disuwek dening wesi peng­­ganthol, utawa ana sing diun­calake menyang Neraka Jahanam, saengga manungsa kang pungka­san ngliwati kanthi diseret-seret.” (HR. Al Hakim, Hadits ini shaheh miturut sya­rat Al Bukhari lan Muslim).

 

6. Memungsuhan lan mbales     dhendham.

Muga kaweruhana, satemene bakal ora ana wong sing slamet saka dherita Akhirat, kajaba wong kang tansah mulat salira (mulat salira hangrasa wani) nalika urip ana ing Alam Donya, sarta nintingi utawa nimbang-nimbang sekabehing tumindak, pocapan-pocapan, langkah-lakune mawa tetimbangan syar’i. Dene carane mulat sarira hangrasa wani (ma­was diri), kaya ta tansah tobat, tobat nasuha (kapok encit) sadurunge tuma­paking pati saka saben maksiyat sing padha ditindakake. Tobat sing be­ner-bener. Ateges mbeciki  laku lali sing wus dilakoni, sajerone nindakake kuwa­jiban-kuwajiban marang Allah, nyuwun pa­ngapura tuwin ikhlas marang pawo­ng­an kang didzalimi, njaluk palilahe (lila­ne/ridlane) marang pawongan sing dhe­weke nindakake laku kang ora pantes ma­rang pawongan liya iku, becik mawa lisan utawa su’udzdzan saka atine. Banjur mbeciki tindak lakune sadurunge tumapaking pati (tilar donya), saengga ora ana maneh (sethithik-thithika) dosa krana kedzaliman (aniaya) utawa ku­wa­ji­ban kang kari. Padha kaweruhana, ma­nawa wong kang mangkono mau (in­sya Allah) sing bakal pikantuk ganjaran lu­mebu Suwarga tanpa hisab (tanpa diwi­lang).

Kajaba saka iku tumraping pawongan sadurunge tumpakaing pati, njaluk nga­pura sarta halale tumrap kedzalimane (aniaya) kang wus ditindakake, hiya ing wektu iku, dheweke bakal dikrumbungi dening mungsuh-mungsuhe. Sing iki nye­kel tangane, sing iku nyekel (njambak) rambut embun-embune, lan sing liyane ngucap, sing iki darbe urusan iki. Dene sing liyane ngucap, sira wus tumindak dzalim marang aku. Sing liyane ngucap, sira wus ngina marang aku, sarta wus agawe wirang marang aku. Sira wus  tumindak goroh nalika dol tinuku barang marang aku (ora nerangake cacat bara­nge). Sira ngerti yen aku lagi mbutuhake pangan, dene sira ing swasana sugih mble­gedhu, nanging sira ora menehi pangan marang aku. Sira ngerti yen aku didzalimi, kamangka sira ngaweruhi, nanging sira ora aweh pitulungan ma­rang aku. Hiya mangkono iku kang du­madi ana ing dina Qiyamat. Mungsuh-mungsuh padha ngetokake cakare, wong-wong mau padha mithing  gulumu sarta padha nekek gulumu. Kahanan kang kaya mangkono mau najalari wong mau ora kuwawa ngadhepi mungsuh-mungsuhe, kajaba mung nyuwun pitulu­ngan marang Gusti Allah, ing pangang­kah bisoa nyelametake wong mau. Du­madakan, wong-wong mau keprungun suwara kang banget nggegirisi, trep karo maksud dhawuhe Allah magkene:

(a). “Ing dina iki (Qiyamat) kabeh awak padha diwales amale kang wus padha dilakoni, lan ing dina iki (Qiyamat), ora ana panganiaya. Sa­temenne Allah iku rikat banget pa­ngisabE (pangetungE).” Hiya nalika wektu iku padha uwal (copot) sekabehing kamulyan lan kumalungkung saka atinira kabeh. Lan sira kabeh bakal eling marang pepengete Allah kang di­dhawuhake dening Rasulullah saw., yaiku dhawuhe Allah, mangkene maksude:

(b). Lan poma dipoma Utusan sira, aja duwe pangira manawa Allah iku kesupen marang tumindake wong-wong dzalim, satemene Allah kepareng nyrantekake marang wong-wong mau, mung ngeteni te­kan dinane kabeh pandelenge wong kafir padha mblalak akedhep tes­mak. “Dheweke padha enggal-eng­gal ngadhep marang kang nimbali, lan ngangkat sirahe, pandelenge ora kedhep-kedhep, lan atine ko­thong blong.” (Q.S.Ibrahim (14):42-43).

Nyimak ayat-ayat kang katur ing ndhu­wur bisa dimangerteni, tumraping wong-wong kang bisa sapatemon (so­wan) ing ngarsaning Allah, tumindak sarta laku kita kang linambaran dening dalan kang lurus (lempeng), yaiku syar’I, ing tembe mburi (Akhirat) bakal napaki shirat Akhirat (Shirathol Mustaqim). De­ne tumraping wong sing tansah lelum­ban ing laku maksiyat bakal ngundhuh wohing pakartine, bakal kepleset, ke­jegur, tumapak ing Neraka Jahanam.” Na’udzu billah min dzalik.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan