Wulan Pasa-Riyaya Jaman Cilikanku Biyen lan Jaman Saiki (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Email Saka Jakarta - Dibaca: 49 kali

Kang dakcritakake ana ing ndhuwur mau swasana Riyaya ing jaman cilikanku. La kepriye Riyaya ing jaman saiki. Pancen beda jaman beda banget swasana. Yen ngepasi mlebu sasi Pasa. Ya tetep ana sebageyan cilik masyarakat kang isih ngugemi besik ana makam leluhur, nanging umume mung ditidakake dening wong tuwa kang isih ngugemi. Ana ing desaku malah saiki padha kerja bakti resik-resik makam. Wis arang banget kang besik utawa resik-resik makam leluhur secara pribadi. Apamaneh bocah, akeh-akehe padha ora gelem diajak besik. Paling kang besik mung bapake. Nanging saiki wis ora patiya akeh kaya jamanku biyen.

Yen arep mlebu sasi Pasa ana ing desake ana pasar kembang kang rame banget. Pasar kembang mau kang tuku ora mung saka desaku wae nanging meh sa-Kecamatan Maospati padha grumudug suwene seminggu sadurunge Pasa ana pasar kembang. Pasar kembang mau dudu kembang kanggo pethetan, nanging kembang kanggo nyekar menyang makam kae. Olehe dodol jejer ana pinggir dalan gedhe. Wis jian rame kae. Rikala aku isih cilik biyen seneng yen diajak tuku kembang kanggo nyekar menyang makam leluhur mau. Ambune wangi gandane kembang mawar, kanthil, godong pandhan lsp.

Saiki pasar kembang mau wis ora ana. Ora anane pasar kembang mau nuduhake yen saiki Budaya nyekar ana ing makam wis kaya kurang diperdi maneh. Rikala aku bali desa arep nyekar Bapak swargi olehku tuku kembang kudu ana ing Madiun. Ana ing Madiun saben ndina isih ana kang dodolan kembang mawar kanggo nyekar. Malah kepara olehe dodolan kembang mau pat likur jam. Yen aku bali tengah wengi kae, tinimbang mengko dadak bali menyang Madiun tuku kembang aku banjur mampir ana ing cedhak Pasar Kawak Madiun ing troroar akeh kang dodolan kembang mawar kanggo nyekar.

La bocah biyen ora ana slimuran kaya saiki. Yen biyen supaya ora krasa luwe lan ngelak, banjur dolan menyang kali. Adus banyu kali kang bening mau banjur ora krasa ngelak. Yen ora ngono banjur krukutan menyang kebonan golek who-wohan saperlu kanggo persiapan buka mengko. La saiki jenenge bocah jian kepenak. Arep nylimur luwe gampang. Dolanan game lan hp bisa nylimur luwe. Malah kepara kesenengan bocah saiki dolanan hp yen sasi pasa. Apamaneh ketambahan sasi pasa sekolahan prei. Isisne bocah saiki ana kamar dolanan hp. Arep buka wis disediakake dening wong tuwane. Malah werna-werna jenenge panganan kanggo buka. Ana es, kolak, kurma, lan ora kari sega lawuhe ya mesthi enak-enak. Malahan kandhane sisihanku yen wayah pasa mengkono mau anggaran rumah tangga bisa tikel tekuk karo biasane.

La keriye swasana ana masjid. Ing jaman saiki swasana ana ing masjid lan mushola rame banget. Ora kaya ing jamanku biyen. Tuwa-enom, lanang-wadon yen sembahyang Isya disambung sholat Tarawih rame banget kang melu. Nanging yen jeneng bocah cilik kok ya padha wae. Yen imame bubar maca surat Al-Fatehah olehe amin dawa lan genti-genten.

La umume arang banget bocah-bocah ing desaku turu ana masjid. Umume saiki bocah-bocah padha bali. Saumpama ana bocah kang turu ana masjid ora nggawa bontotan kanggo  sahur kaya jamanku biyen. Nanging jaminan kanggo sahur ana masjid malah umume padha disediakake dening jamaah gentenan. Semono kanggo buka, umume uga genti-genten kang nyawisi ana masjid. Digawe jadual kanthi tertib dening takmir sapa kang kebageyan.

La yen jaman saiki arep Riyaya, jenenge mall saiki rame banget. Ana desaku Maospati saiki umume kang arep badan padha tuku klambi ana mall. Arang-arang banget kang blanja klambi anggo Riyaya ana pasar utawa Pasar Paing (pasar kewan) ing desaku. Malah akeh-akehe kang wong tuwane rada ana yen ora klambi merk kawentar ora gelam. La ing jamanku biyen saben arep Riyaya pasar paing rame banget kang padha tuku sandhangan badan. Wong ya ing pasar jenenge modhel lan kualitase pakeyan ya prasaja banget. Malah akeh kang luntur yen dikumbah. Lan wernane wae ya nyolok-nyolok kae.

Unjung-unjung menyang kang luwih tuwa utawa menyang tangga-teparo isih tetep diugemi nganti saiki. Mung bedane yen biyen menyang sedulur sadesa mung mlaku dampyak-dampyak karo bapak lan ibu lan adik-adikku. La saiki bocah-bocah mesthi wegah diajak mlaku silaturahmi ing dina riyaya. Saora-orane padha numpak sepedha motor utawa numpak mobil. Pancen ya saiki luwih makmur, mula menyang ngendi-ngendi padha numpak kendharaan. Padha wegah yen dikongkon mlaku. Tur maneh yen numpak mobil apamaneh mobil kang rega larang malah nambah prestise, katon yen uripe kasil. Pancen ya beda banget Wulan Pasa lan Riyaya biyen lan saiki. Nuwun. n

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!