Driji Polah, Kelakon Ora Kolu Mamah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 11 kali

Jaman saiki kanthi anane maneka werna media sosial, meh samubarang kalir dadi luwih gampang. Uwong-uwong dadi bisa padha kekancan lan uga makarya kanthi luwih kepenak. Kabar kinabar ora kudu sapatemon, gaweyan kanggo golek sandhang pangan ora kudu ana ing papan pa­karyan (kantor). Kabeh bisa dikemonah kanthi luwih pinter. Ana­nging, saka sing padha pintere iku, tetep ana wae sing nduweni sedya ala. Olehe pinter uthak-athik media sosial malah dinggo minteri liyan. Kamangka, yen tumindake diperkarakake dening sing gegayutan, ya bisa dadi dalan antuk paukuman.

Media sosial bisa dadi srana tambah kanca saka maneka papan, uga tansaya raket pasedulurane sanadyan arang bisa kepethuk sanak kadang. Tilpun bisa sinambi weruh praupane, yen ora kober isih bisa kala-kala weruh saparipolahe liwat foto lan video sing dipacak ing media sosial-e. Ya uwonge, ya anak bojone, malah uga kanca-kanca lan sakupenge. Malah saiki ora mung pawongan wae sing nduwe media sosial. Sakehing lembaga, perusahaan, instansi uga mupangatake teknologi ka­sebut. Yaiku nggawe akun Facebook, Twitter, utawa Insta­gram kanggo sapa aruh marang masyarakat, uga promosi.

Akun media sosial duweke pawongan ijen (pribadi) utawa lembaga, padha-padha nduweni hak lan kuwajiban sing saem­per. Kudu bisa aweh piguna, ora kena macak gambar uga tuli­san sing ngina lan ngrugekake, lsp. Dene yen nganti ke­centhok dening akun liya sing klebu ora trapsila, ya kena nin­dakake palapuran saturut karo kasuse. Malah, pamarentah uga wis mbabar peraturan resmi sing magepokan karo tata cara ing media sosial, yaiku Undang-Undang No 11 Tahun 2008 ten­tang Informasi dan Transaksi Elektronik (UU ITE).

Umume sing wis akeh dumadi yaiku pawongan sing macak (posting) ukara ora becik, ngelek-elek liyan, ngundamana sing ora patut. Sapa wae sing kekancan ing media sosial-e pa­wongan iku bisa nglapurake marang layanan kasebut amrih sing nduwe akun antuk pepenget, utawa malah ditutup akun-e. Nanging, yen wis kebangeten, sadurunge dilapurake ma­rang layanan media sosial-e, bisa dilapurake marang aparat keamanan utawa kapulisen.

Palapuran kasebut uga bisa katindakake dening pawongan utawa lembaga sing akun media sosial-e direridhu uwong/pihak liya. Bisa dibajak akun-e, utawa sing digawe padhanane. Bab iki cinakup ing Pasal 30 UU No 11 Tahun 2008, ya bab ITE, sing unine sengaja dan tanpa hak mengakses Komputer atau Sistem Elektronik orang lain. Ana telung perkara sing ka­lebu ing kono, yaiku ngakses komputer/sistem elektronik, ngakses kanthi ancas antuk informasi elektronik, uga ma­nganggo utawa njebol kunci (password) komputer/sistem elek­tronik kasebut. Akun iki wis padha karo identitas alias jati dhiri. Mula yen ana pihak liya sing migunakake tanpa idin, ya lumrahe dijaluk bali.

Lha kepriye yen akun kasebut wis kebacut digunakake sing nganti nggawe congkrah utawa kapitunan? Contone wis kanggo aweh pasemon ing akun liyane; macak/posting bab sing nyebal saka samesthine; ngrusak utawa ngilangake sape­rangan data, postingan, uga akses sing maune wis ana. Wah, ya wis bisa karan maling yen kaya mangkene. Mula pancen pra­yogane diperkarakake. Ancase, padha gamblange lan padha legane ing tembe.

Bab iku kacakup ing pasal 32 UU ITE, sing unine: Setiap orang dengan sengaja dan tanpa hak atau melawan hukum de­ngan cara apa pun mengubah, menambah, mengurangi, me­lakukan transmisi, merusak, menghilangkan, memindahkan, menyembunyikan suatu Informasi Elektronik dan/atau Doku­men Elektronik milik orang lain atau milik publik. Dene ancaman ukumane pidana kunjara paling suwe 8 taun lan dhendha paling pol Rp 2 M (pasal 48 ayat 1 UU ITE). Ora baen-baen ta? Mula aja padha kewanen, amarga saka driji sing kakehan polah, sida ora kolu anggone mamah.

Mula kanggone pawongan (pribadi), akun media sosial wis samesthine dijaga kanthi nyimpen kunci utawa password, yen mbukak ing warnet utawa komputere kanca, aja lali ditutup sa­durunge ditinggal lunga. Lha kanggone lembaga, perusa­haan, instansi, ya kudu ngati-ati. Sapa sing kapatah ngakses lan dadi operator-e media sosial kudu pawongan sing pancen nduweni integritas lan pakarti becik. Tundhone, ora perlu ana perkara sing kudu diperkarakake tekan babagan hukum. (lie)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan