Keris, Asal- Usul lan Pigunane (7):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 64 kali

Mitologi Jawa Bab Panggarape Keris

Saperangan masyarakat Jawa isih akeh sing percaya yen keris iku digawe tanpa mawa piranti sarta bahan mirung­gan. Pendhak empu iku duweni cara kang beda nalika bakal yasa keris. Mung­guh kapitayane wong Jawa nalika ngga­rap keris ing antarane:

1. Panggarape keris katindakake ing taun Alip, sasi Sura, dina Selasa Kliwon utawa Jemuwah Kliwon tanggal 1 tekan 14.

2. Sadurunge nggarap keris, empu nindakake pasa 7 dina.

3. Nalika arep nggarap keris, luwih dhisik cawis sesajen ing antarane yaiku: Sega wudhuk, sega golong, sega gurih (kabeh saubarampene), sega gurih sam­bel gepeng, sega liwet iwak pitik, tum­peng lurik gudhangan, sega ambe­ngan apem kocor, tumpeng robyong, lan gagar mayang. Kabeh sajen dilebokake ing pa­pan kang disebut omah besalen. Omah besalen minangka papan empu makarya iku direngga-rengga tebu, pisang, pari, gegodhongan, lan janur kuning,

4. Empu ngagem busana kuluk putih lan sumpingan, dodotan, lan ngagem cla­na sarwa putih.

5. Pasa lan cawis sesajen iku mung lumaku ing dhaerah Yogyakarta lan Surakarta. Ing dhaerah Jawa liyane sya­rat kanggo nggarap keris cukup mawa sajen arupa krambil rong glundhung, gula jawa, lan beras. Dene empu nga­gem busana apa wae anggere resik. (Sacara umum pandhe besi kang yasa piranti kanggo tetanen iku ora perlu mawa sesajen, nanging busana kudu tetep kajaga sarwa suci lan resik).

6. Empu kang misuwur yasa keris

Miturut crita ing mitologi Jawa ana sawatara empu misuwur lan duweni kadigdayan nalika yasa keris, ing antarane yaiku:

a. Empu Ramadi saka krajan Medang Kamulan. Yasa gaman Pasopati dhapur Larngatap, kanthi piranti ububan saka irung, mawa landhesan dhengkul, lan mawa pukul sikut.

b. Empu Kekep lan Empu Brahma Kendhi saka Pajajaran. Bisa yasa keris ing samodra, saengga plethikane geni mahanani lelara cacar.

c. Empu Nimbok Sambero (Mbok Sambero) saka Pajajaran. Bisa yasa keris mawa tangan, lan drijine kanggo mijeti wesi kang bakal kagawe keris.

d. Empu Mudikbrata gelar Sang Kum­bayana ing jaman Kedhiri. Darbe kasek­ten bisa yasa keris ing awang-awang sinambi mertapa. Nanging salawase mer­tapa Sang empu kasiku dewa, sate­mah salin rupa dadi wujuding wesi. Malihane wesi kasebut banjur diparabi “Wesi Kumbayana”.

e. Empu Ki Jaka Kajal saka Tuban. Bisa yasa keris kang banget ampuh. Ke­ris mau yen ditancepake utawa digari­take ing lemah wit-witan dadi garing. Suwalike yen ditancepake ing wit kang godhonge garing lan alum, banjur malik dadi seger, subur lan ngrembuyung maneh.

f. Empu Sura saka Blambangan. bisa yasa keris dhapur Nagasasra tangguh Blambangan. Pangga Wene ditandangi ing segara wedang. Mungguh kang darbe keris bakal kasil nduweni kalungguhan kang becik lan mibawani. Uga ana keris dhapur Nagasasra tangguh Majapahit.

g. Empu Pitrang. Bisa yasa keris dha­pur Jalak. Duwe kekuwatan magis, ora bisa disenggol manungsa. Sapa kang nyenggol bakal kebeler lan banjur abuh lan bosok awake. Keris iki kagolong keris tangguh Blambangan.

h. Empu Supa. Bisa yasa keris dhapur Kyai Sengkelat awit dhawuhe Sunan Kalijaga. Dongenge: Sunan Kalijaga masrahake bahan kanggo gawe keris arupa wesi Akhadiyat kang ukurane cilik nanging bobote abot. Saengga nalika Empu Supa arep nggarap keris mawa wesi Akhadiyat kang cilik iku ora bisa mawa sapit. Bab iku nuli diaturake Sunan Kalijaga.

Sunan Kalijaga ngendika, “tangeh lamun gawe keris kok nganggo wesi sagunung”. “JIeg!”, dumadakan we­si cilik iku owah gedhene dadi sagunung, saengga Empu Supa ora kuwagang nan­dangi. Sabanjure wesi kasebut dibalek­ake dadi cilik maneh dening Sunan Kalijaga. Wesi kasebut nuli dipijeti dening Empu Supa, lan suwe-suwe dadi keris aran Kyai Sengkelat.

Marangi keris, ancas lan tujuwane.

Miturut tradhisi Jawa, keris iku pendhak setaun sepisan ing sasi Sura mesthi disirami (diwasuh utawa diresiki). Ngresiki keris iku disebut marangi. Ancas lan tujuwane marangi kajaba murih keris awet, uga kanggo nglestarekake kekuwatan magis kang dumunung ing keris.

 Carane marangi yaiku:

1. Wilahan keris diresiki mawa banyu jeruk pecel.

2. Keris banjur kaselehake ing kawul supaya garing.

3. Sabanjure keris nuli wiwit diwa­rangi, kanthi cara wilahan keris diolesi warangan (arsenikum) mawa sikat kang alus.

4. Yen warangan wis rumesep ing awak-awak keris, banjur diolesi maneh mawa lenga cendhana.

 

Cathetan: Ngresiki keris kanthi cara kimiawi (modheren), jaman saiki wis lumrah katindakake. Carane: keris diresiki mawa citric acid kanthi kon­sentrasi 5% (minangka gantine banyu jeruk pecel) bab iki murih gampang dikontrol.

 

Sesajen nalika arep marangi keris

Marangi keris umume ditindakake pendhak setaun sepisan ing Sasi Sura, kanthi sesajen ing antarane kayata: 1. Sega wudhuk lawuh ingkung, 2. Jajan pasar, jenang manca warna (abang, putih, baro-baro, lsp), pecel lele apa tawon, iwak pitik, iwak lele urip, krambil, gula jawa, ampo, sega gudhangan, sega golong lan panganan gorengan, kembang setaman, banyu merang, lan ngobong menyan sepisan dadi.

 

Wesi Kang Pinunjul Minangka Tosan Aji

Kawit dhisik nalikane empu iku ngga­rap keris, umum butuh wektu mirunggan kanggo milih lan nemtokake mutune wesi kang becik minangka wesi aji (keris, tumbak, lsp) yaiku wesi kang akeh nga­mot maneka unsur wesi kang becik kang­go gawe keris. Tekan saiki umume para pandhe besi iku isih bisa niteni lan nyu­murupi marang wujud lan watake wesi/waja. Kayata wesi ireng, wesi putih, wesi mendo, waja salaka, waja emas, lsp. 

Mungguh wesi kang becik lan pinun­jul minangka tosan aji, ing antarane yaiku:

1. Wesi Karang Kijang. Ing jagading wesi, wesi Karang Kijang iku di­anggep minangk ‘pandhitaning tosan’. Titikane: Yen dithinthing suwarane mbrengengeng kaya suwara tawon. Serate/otote alus ngombak banyu. Yen kanggo gegaman ampuh, angsare/kasi­yate: adhem, prabawane sabar.

2. Wesi Pulasani. Titikane: Yen dithinthing suwarane muni “gur”. Ulese ijo nyamber liler. Otote alus kaya sela Aceh, lan padatane mawa pamor. Ang­sare: kang nganggo tulus, slamet, kajen keringan, dipercaya wong akeh, ngreje­keni, gangsar kanggo nggayuh kalung­guhan, nulak kabeh pakarti ala.

3. Wesi Mangangkang Lanang. Yen dithinthing suwarane ‘drung’. Ulese ireng semu wungu. Otote kaduk wadhag, nanging yen digrajang alus kaya bludru. Yen ginawe tosan aji angsare becik ba­nget, gawe girise mungsuh, ampuhe ngedab-edabi, ora kena kanggo sembra­nan, kang nganggo/darbe ditresnani wong, dicedhaki rajabrana, adoh saka pakartine mungsuh, sarta dadi panawar wisa-wisa mandi. Manut crita, wesi iki asale saka ula naga ing segara.

4. Wesi Mangangkang Wadon. Yen dithinthing ‘mbrengengeng’. Ulese wungu sulak biru. Otote pating trenyep kaya uyah. Manawa kanggo pusaka: kang nganggo ditresnani pandhuwure, yen kanggo lelungan ngrejekeni. Ora golek mangsa, nanging sing sapa keta­man ora bisa ditambani, lan padatane malah kena lara budhug (lara kulit).

5. Wesi Waludin. Yen ditinting muni “gung” geter. Ulese biru. Otote kaya wesi malela, tandhes. Kasiyate: yen dianggo ing awak krasa santosa, yen nenandur tulus, kajen keringan, bisa ngrampungi gawe.

6. Wesi Katub. Yen dithinthing muni “kung” mbrengengeng. Ulese ireng sulak ijo. Otote alus kaya rambut mawa cahya bening. Angsare yen kanggo pusaka: kang nganggo (kang duwe) sembarang karepe tansah keturutan. Yen digawa ing wayah wengi, paningale dadi awas. Yen dianggo maju perang, ngadohake ga­ma­ne mungsuh. Yen kanggo laku dagang ngrejekeni.

7. Wesi Kamboja. Yen dithinting muni ‘ngong-ngong’ barung lan ‘thing-ngang-ngang’ panjang. Ulese putih mrusuh. Otote kaya gadhung pating tre­nyep. Asale saka Kamboja utawa Ceylon, yen kanggo pusaka ampuh. Sing ngang­go ora seneng laku ala, nanging yen katrajang bisa mbilaeni. Watake kaya Ratu, kang nganggo sinuyudan wong akeh, lan ora kena kanggo sembranan.

8. Wesi Ambal. Yen dithinthing muni mbrengengeng geter, kaya-kaya ngu­mandang ing awang-awang. Ulese putih sulak abang, ora bisa teyengen. Asale saka gunung, yen kanggo pusaka am­puh. Angsare: bisa kanggo kanca gaman liyane kang becik, sabab dianggep minangka ‘guruning wesi’

9. Wesi Winduaji. Yen dithinthing muni ‘dhung’. Ulese putih kaduk biru, cahyane wening. Angsare: kang kagu­ngan teguh lan kuwat. Yen kanggo maju perang, adoh saka pamrawasane mungsuh.

10. Wesi Tumpang. Yen dithinthing muni ‘jeung’ landhung. Ulese biru semu wungu, endah banget. Yen kanggo pusaka angsare: yen ana pari gawe lan diunus kang weruh padha slemengeren lan ilang daya kekuwatane,

11. Wesi Merani. Yen dithinthing mbrengengeng. Ulese kaya kembang teleng. Asale saka Negara Srandhil. Yen kanggo gegaman ampuh banget, bisa gawe bosoke daging lan kulite wong sing ketaman.

12. Wesi Malela Rujun. Yen dithinthing muni ‘preng’ sajak gumeter. Asale saka sela cendhani. Ulese putih semu biru. Otote alus kaya rambut. Ang­sare: kang nganggo gedhe atine, kendel, timbul lan teguh.

13. Wesi Malela Gendhaga. Uga diarani “wesi Loyang”. Yen dithinthing muni ‘thung’. Yen kanggo pusaka: kang duwe/kang nganggo ditresnani pandhu­wure.

14. Wesi Kenur. Yen dithinthing muni ‘drung’ kaya sungsun. Ulese ireng meles kaya wulu gagak, yen ditamatake suwe-suwe nuwuhake rasa wedi, yen dipethak (diresiki banyu jeruk pecel) ulese malih kaya biru. Watake ora gelem kepanasen, sabab bisa empuk lan lemes, yen wis mangkono mau angel anggone mulihake lan kudu diusapi mawa getih (getih apa bae). Asale saka segara. Angsare: kang nganggo teguh, ditresnani wong akeh, apa karepe keturutan, yen kanggo dagang ngasilake bebathen akeh.

15. Wesi Tumbuk. Yen dithinthing muni ‘gong’ mbrengengeng. Ulese putih semu ijo. Otote pating trenyep memper kaya watu padhas. Asale saka Ceylon. Angsare: kang nganggo bisa nyimpen donya brana. Ora gelem dialani wong. Yen kaunus kang weruh giris. Kabeh lemah sangar dadi tawar. Kekarepane angker. Bisa ngadohake lelembut lan mungsuh. Yen kasawang dening mung­suhe kaya murub. Watake ampuh lan gatel, mula yen marangi kudu ngati-ati.

16. Wesi Blitung. Wesi iku kagolong akeh, mula pamilihe kudu ngati-ati. Sebab ana sing apik ana kang ala. Sing apik asale saka watu, yen dithinthing muni ‘mung’ landhung. Ulese ireng sulak wungu meles. Yen kanggo tosan aji, cocoge kanggo nelayan utawa among tani. Angsare: Yen kanggo misaya mina ing segara bisa ngantukake iwak akeh. Yen kanggo tetanen, lemah sing ditanduri bisa thukul becik lan kalis saka ama.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan