Qiyamat iku Nggegirisi (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 17 kali

4. Hisab (dietung amale).

Nalika tumapak dina Qiyamat saben pawongan ora bisa selak (ingkar) apa kang wus padha ditindakake, ing nalika­ne uripe ana ing Alam Donya. Tutuke wong-wong mau padha tinutup, ora bisa wicara. Tangane, sikile, drijine, kulite, pan­dulu sarta pangrungune kabeh padha dadi seksi ana ing ngarsaning Allah, na­lika wong-wong mau ngadhepi Pengadi­lan kang maha adil. Dumunung ana ng Al-Qur’an Surat Yaa Siin (36): 65 sarta Q.S.Fushshilat (41): 19-23, diterangake kesaksian mau, mangkene maksude dha­wuhe Allah iku:

(a). Dina iki Ingsun bungkem tu­tuke (cangkeme) wong-wong mu. Ing­sun dadekake reca njejer ana ing panggonane, dheweke nuli ora bisa mbacutake laku, lan uga ora bisa bali.” (Q.S.Yaa Siin (36):65).

(b). “Lan eling! Ing mbesuk dina Qiyamat tumapak, nalikane satrune Allah digiring menyang Neraka, pe­panthan kang ngarep dhewe dien­dheg ngenteni marang pepanthan sing ana buri. Nganti yen wus padha teka ing Neraka, pangrungu, pandu­lu lan kulite padha nekseni amal apa bae kang wus padha ditindakake. Wong-wong mau ngucap marang ku­­lite dhewe, kena apa kowe padha nyekseni marang awakku? Kulite mangsuli; aku wus kepareng dipa­ringi bisa guneman dening Allah. Allah Kuwasa paring pangucap ma­rang sekabehing barang, malah Pa­njenengane Allah iku kang wus ke­pa­reng anitahake sira kabeh, wiwit-wiwitan, lan mung marang ngarsanE sira kabeh padha disowanake.

He para manungsa! Sira kabeh ora bi­sa singidan murih ora sineksen dening pangrungunira, pandulunira, kulitira dhe­we. Katandha sira wus padha ngira ma­na­wa Allah ora Ngu­ningani (Ngawuni­nga­ni) sekabehing tindak kang padha si­ra lakoni. Pa­nya­nanira marang Pangeran  mang­ko­no iku, dadi ngrusakake awakira dhe­we, satemah sira kabeh dadi go­­­long­ane wong-wong kang padha kapitunan (rugi).” (Q.S.Fushshilat (41): 19-23).

Kajaba saka iku isih ana gandheng cenenge karo seksi, saka Annas bin Ma­lik, nyritakake mangkene maksude: Sa­wi­jining wektu aku nate ndherekake Ra­sulullah, panjenengane gumujeng sarta ndangu marang sahabat-sahabat “Apa sira kabeh padha ngerti sing njalari aku gumuyu? Para sahabat matur, namung Allah dalah Rasulullah saw ingkang prik­sa. Njeng Nabi tumuli ngendika: “Aku gumuyu nalika aku keprungu ing pocap­ane kawulanE marang Rab (sesembah­aning para kawula): Dhuh Pangeran, Al­lah sesembahaning para kawula, rak inggih ta Paduka sampun kepareng nyla­metake dhumateng kawula saking pa­nganiayaning (kedzaliman) tetiyang pu­nika! Allah paring dhawuh: “Hiya! Tumuli Allah paring dhawuh, manawa ora nge­parengake jiwane dadi seksi kajaba dadi seksi marang awake dhewe. Allah tumuli dhawuh: “Lha yen mangkono ing dina iki cukup jiwamu sing dadi seksi tumrap­ing awakmu dhewe. Semono uga para Malaikat sing wus nyathet amalmu dadi seksi. Njeng Nabi banjur nerusake pa­ngan­dikane: Nuli tutuke wong iku padha dibungkem lan nerusake marang anggo­ta awake. Hayo padha ngucapa. Tumuli anggota badane wong mau banjur pa­dha ngucap sekabehing tumindak kang wus dilakoni. Njeng Rasulullah nerusake pangandikane: Tumuli  dipisah antarane dheweke lan pocapane, saengga dhe­weke wicara, wah cilaka banget awaku. Rak hiya ta aku ndhisik wus mbela ma­rang awakmu.” (HR.Muslim).

Isih ana gandheng cenenge karo hi­sab (ngetung amaliyah), Abu Barrah ngu­cap, manawa Rasulullah saw. paring dhawuh mangkene maksude:

“Sikil saka sawijining pawongan (anak Adam) ora mingket (berge­ser) ing dina Qiyamat saka papan pi­takonan (disisi Allah), saengga di­dangu ana ing babagan limang per­ka­ra, yaiku umure digunakake kang­go apa, nalika mudha apa bae sing di­tindakake, bandhane saka ngendi sarta dimanfaatake kanggo apa, il­mune dimanfaatake kanggo apa bae.” (HR.Tirmidzy).

 

5. Sifat timbangan.

Kanggo nimbang amalan sawijining pa­wongan mbesuk ing dina Qiyamat, Allah wus kepareng masang timbangan kang banget mumpuni sarta trep, ora bakal ana sing ketlisut. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

(a). “Lan Ingsun arsa masang tim­bangan kang satrep (sak trep) adile ana ing dina Qiyamat, mangka ora ana sawijining babagan kang di­kaniaya sethithik-thithika. Sanajan mung ana saboboting wiji sawi, yek­ti Ingsun tekakake. Sarta cukup Ing­sun piyambak kang bakal ngisab (ngetung).” (Q.S.Al-Anbiya(21):47).

(b). “Lan timbangan amal ana ing dina Qiyamat iku, nyata bener. Sing sapa amal shalehe abot timbang­ane, yaiku wong-wong kang padha begja. Dene  wong-wong kang amal shalehe entheng timbangane, mang­ ka wong kang mangkono iku padha rugi awake dhewe, sebab dheweke biyen ora pitaya marang ayat-ayat Ingsun.” (Q.S. Al-Araf (7): 8-9).

Tumraping samubarang kang bakal ditimbang mbesuk ana ing dina Qiyamat, ana patang perkara:

(1e). Satemene sing ditimbang iku hiya amal iku dhewe. Sekabehing tumin­dake para kawula iku, bakal mujudake (da­di) sembarang (benda), nuli dipapan­ake ana ing timbangan. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan sapa sing tumindak ala, sanajan mung sabobote wiji sawi, hiya mesthi bakal meruhi piwalese tumindak mau.” (Q.S.Al-Zallzalah (99):8.

Kajaba saka iku, Abu Hurairah ngri­wayatake, manawa Rasulullah paring dha­wuh, mangkene maksude: Ana rong kalimat sing diremeni dening Allah (Ar-Rahman) entheng diu­cap­a­ke dening lisan, nanging abot timbangane, yaiku (kalimat) Subha­nallah wa bihamdihi, subhanallahil ‘adzim”. (HR.Bukhari).

(2e). Sing ditimbang iku lembar 2 amal. Babagan iku lelandhesan karo Ha­dits bab “kartu”, saka Abdullah bin ‘Amar bin Ash, mangkene: Rasulullah saw. ngen­dika: Satemene ing dina Qi­yamat meng­ko, Allah kepareng bakal nylamet­ake salah sawiining pawongan saka umat­ku (saka geni Neraka), ana ing sangareping sekabehing makhluk, nuli binuka 99 buku cathetan gedhe, saben sak cathetan ukurane sak pan­deleng. Tumuli Allah kepareng ndangu marang wong mau. “Apa sira nduwa (menging­kari) apa kang cinathet ana ing cathetan iki?

Apa Malaikat kang nyathet amal iki wus tumindak dzalim (cidra) marang si­ra?” Pawongan mau munjuk, mboten Gus­ti Allah, sesembahaning para ka­wu­la. Allah nuli kepareng ndangu ma­neh ma­rang pawongan mau. “Apa sira ndar­beni uzur (pawadan), utawa ndar­beni sa­wijning amal kebecikan? Pa­wongan mau gumun banget, nuli mun­juk: “mbo­ten Gusti Allah, sesembah­aning para kawula. Tumuli Allah ke­pareng ndangu maneh marang pa­wong­an mau: “Hiya satemene sliramu ndarbeni amal kebe­cik­an marang Ingsun, lan ing dina iki ora kedzaliman (aniaya) tumrap sira. Tumuli Allah ke­pareng maringake (ngetokake) sa­wijining kartu sing ing kono ana tu­lisane:

“Asyhadu Alla Ilaaha illallah, wa asyha­du anna Muhammadan‘abduhu wa rasuluhu.” Sabanjure Allah kepa­reng paring dhawuh. Tuduhna marang dhe­weke. Pawongan mau munjuk atur: “Pu­napa ginanipun kartu punika, ma­nawi di­pun bandhingaken kaliyan ca­thetan-ca­thetan punika! Diterangake marang pa­wongan mau. Temen-te­men sira ora ba­kal dianiaya (didzalimi). Tumuli cathe­tan-cathetan iku dipapan­ake ana ing tim­bangan amal (mizan). Pawongan mau ngucap: Pranyata  ca­thetan 2 tumindak ala mau entheng banget, yen ditandhing karo kartu mau (kartu sing ana tulisane kalimat sya­hadah). Lan ora ana semba­rang sing luwih abot timbangane ing ba­bagan kebecikan saliyane kalimat “La Ilaaha Illallah”. (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan