Prajurit Kraton Ngayogyakarta (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 203 kali

Biyen Ana sing Asale saka Njaban Pulo Jawa

Bregada Prajuirit Dhaeng

Tembung Dhaeng kuwi asli saka basa Makasar (ing tlatah Sulawesi Selatan) Tem­bung Dhaeng iku yektine mujudake salah sijine aran “gelar” keningratan tum­rap masyarakat Makasar. Yen ing tanah Jawa padha karo “Den” (wutuhe Raden). Dadi cethane tembung Dhaeng iku mujudake sesebutan kang nduweni pengaji dhuwur. Mangkono mau kang sinebut ing bukune Dr. SA. Budingh, Indische Archief-tijdschrift voor de Inien. Uga JFC Gericke en T Rooda uga nyebut ing bukune :“Javaansch-Nederlandsch Handwoordenbock“ jilid II weton taun 1901, makna kang padha, tegese sesebutan pangkat lan kaningratan ing antarane wong wong Makasar lan Bugis. Sabanjure Dhaeng iki diagem minangka jenenging bregada prajurit ing kraton Ngayogyakarta. Dadi cethane, menawa Bugis iku mujudake salah siji arane suku bangsa ing Makasar, dene yen Dhaeng kuwi sesebutan gelar kapriyayiane.

Mlebune Bugis ing Kaprajuritan Nga­yog­yakarta kuwi marga kalah anggone perang lan dadi telukane ingkang Si­nuhun HB I nalika perang Tidar.

Jalarane kaya kang wis kita uningani lumantar buku sejarah perjuangann, menawa Walanda kuwi senenge ngadu domba ing antarane suku suku bangsa ing Nuswantara (Indonesia) yakuwi kan­thi semboyan politike “devide et impera” kang jarwane mecah belah lan ngu­wasani. Wong wong Maluku (Ambon) dikirim nyang Tanah Jawa saperlu di­kongkon numpes wong Jawa sing bron­tak klawan Walanda, kosok baline wong wong Jawa digawa nyang Sumatra Lor saperlu nyirep pembrontakan ing kana, mangkono sapiturute.

Wong wong Makasar lan Bugis di­kerikake menyang Tanah Jawa supaya mbrastha lumawane Trunajaya anggone arep nyingkirake Landa. Kuwi jaman semana nalika sugenge Ingkang Sinu­wun Amangkurat Agung (I). Mesthine wong wong Makasar lan Bugis mau uga tinemu kang padha duwe sesebutan Dhaeng.

Miturut salah sijine sumber sejarah, mlebune prajurit Dhaeng iku kawiwitan salebare prajanjen Giyanti. Kocap Ing­kang Siunuwun HB I lan RM Said kang wis jumeneng minangka KGPAA Mangku­negara I tetep isih tansah memungsuhan bae Bab mau tumrap Walanda tiba kebe­neran kanggo ngangkah sirnane Ingkang Sinuwun HB I sarana mbujuk Mangku­negara I supaya tansah memungsuhan marang Sultan HB I. Kanggo keperluwan kuwi Landa ora owel menehi bantuan arupa prajurit Dhaeng sing kawentar prajurit pethingan lan pilih tandhing.

Nalika semana pancen anggone pa­dha memungsuhan tekan puncake, ya­kuwi merga KGPAA MN I ngondurake garwane Kangjeng Ratu Bandara, pu­trane Sultan HB I. Nalika samana KGPAA MN I wis kagungan raos kuwatir, bok menawa anggone pisahan lan garwa lan ngondurake menyang Ngayogyakarta iku gawe runtik penggalihe Sinuwun HB I. Mula kang mangkono mau, kundure Kangjeng Ratu Bandara iku kadherekake sabregada prajurit pilihan kanggo jaga-jaga mbok menawa penggalih dalem runtik nganti duka, prajurit iku kinen ngadhepi. Prajurit mau ora liya prajurit Dhaeng kang pethingan lan gamben-gamben. Kabeh ora ngerti menawa sa­jatine Ingkang Sinuwun kena diarani wis priyayi sing waskita lan priksa kahanan sing bakal dumadi kanthi kapetung untuk rugine sing kanthi memet.

Mula bareng Kangjeng Ratu Bandara klakon kondur tenan, kondure tinampi kanthi renaning panggalih. Kocap kaca­rita prajurit Dhaeng kang wis siyaga ing ngayuda ngadhepi sakehing bebaya, jebul kecelik, jalaran panampi dalem geseh banget karo kang dicritakake ma­rang para Dhaeng, jarene Ingkang Si­nuwun HB I kuwi priyayi kang getapan (gampang duka), wengis, kejem, lsp. Mangka kang tinemu kosok balen, peng­galih dalem apik banget uga marang para Dhaeng, kang malah kinurmatan apa samesthine, kasugata werna-werna lan kaparingan pasugatan kang mranani lair batin para prajurit mau.

Para prajurit Dhaeng banget anggone kepranan marang kasaenan penggalih dhalem, saengga bisa nandhing nan­dhingake kahanan nalika dheweke melu Walanda kang banjur dipasrahake ma­rang KGPAA Mangkunegara (MN) I lan saiki sawise ana Ngayogyakarta. Kang mangkono mau marahi para prajurit Dha­eng sing tekan titi wancine kudu bali menyang Mangkunegaran, padha mopo ora gelem bali, aluwung terus ndherek nyuwita ana ing Kraton Ngayogyakarta bae. Kabeh kuwi mrentul saka karepe dhewe, ora ana kang ngrimuk utawa mblithuk.  Iya wiwit kuwi,  prajurit Dha­eng nelakake sumpah setya bekti marang Sultan HB I lan nedya ngrungkebi  Kraton Ngayogyakarta. Dening Ingkang Sinuwun Sultan HB I prajurit Dhaeng iki kaparingan kalenggahan minangka pra­jurit istimewa utawa yen manut basa saiki diarani prajurit “raiders”. Prajurit Dhaeng banjur didadekake sabregada jenenge bregada Dhaeng. Prastawa iku dumadi ing taun 1763 M.

Jaman kunane nganti tekan udakara taun 1925 M, prajurit Dhaeng kang apangkat Panji, lakune metu saka regol Kraton karan kori Danapratama, sarana njoged, mula padha nganggo sondher cindhe. Kajaba kuwi, para Panji iku uga ngagem srempang buntal, malah tumrap Panji Prentah lan Standar buntale me­nawa pinuju garebeg digawe saka woh wohan. Dadi mratandhakake menawa klebu kinasih lan pinilih. Uga para para sersane nganggo bara, kang ateges uga piniji.

Kajaba mangkono menawa sakehing prajurit Kraton Ngayogyakarta sandha­ngane nganggo clana panji-panji tekan dhengkul, gandheng Dhaeng iku asal usule sakasabrang, dienggoni clana dawa nganggo garis abang ing kiwa-te­ngene, nganggo sikepan putih mawa renda abang lan topine kang awujud sigar jangkang nganggo bulu-bulu arupa abang putih.

Bregada Prajurit Dhaeng iki dipimpin dening pandega siji, panji papat, lan prajurit 72. Prajurit Dhaeng iki duwe panji aran baningsari, wujude dhasar putih tengahe ana bintang segi wolu ru­pane abang. Panji bregada Dhaeng nganggo sonder cindhe lan nggawa pedhang. Kejaba kuwi nganggo lonthong cindhe, sabuk blidhiran ana njaban klambi. Kerise model gayaman nganggo oncen, disengkelit ana ngarep. Kanggo panji Wiraweda lan Dwijadara nganggo sayak abang direnggani liskuning.

Dene kanggo jajar sayake putih. Sepatune ireng. Gegamane bedhil, tumbak, pe­dhang lan keris. Piranti unen-unene awujud ketipung, pui pui lan kecer. Menawa lagi baris lan mlaku lagune Ondhal andhil (menawa mlakune rikat) lan Kenaba (menawa mlakune macak). Papan panggonane prajurit Dhaeng ing kampung Dhaengan. Ciri wanci para prajurit saka bregada Dhaeng iku  je­nenge mesthi nganggo ukara “Niti”.

 

Bregada prajurit Jagakarya

Bregada prajurit Jagakarya iku asale saka linggane tembung “jaga” lan karya, kang tegese korps prajurit kang duwe ayahan njaga samubarang pakaryan kang lumaku ana kraton Ngayogyakarta, korps prajurit kang duwe panji aran Papasan, kanthi wujud bunderan ijo kan­thi latar abang iki dumadi saka pandega 1, Lurah 4, Dwiajadara 1, Wirawreda 8, sarta Jajar 72. Seragame prajurit Jagakariya iki meh padha karo prajurit Mantrijero yakuwi topi songkok ireng direnggani lis lan nganggo sumping, Kanggo jajar polos. Iket corake celeng kewengen bentuke kamicucen. Klambine lurik modhel sikepan kanthi bludiran dene Jajar polos.

Kejaba kuwi piranti liyane nganggo srempang kuning kanthi endhong. Klambi njerone modhel rompi werna kuning, sarta diwuwuhi aplikasi kuning emas. Tumrap jajar (sing ngga­wa bedhil lan tumbak) polos. Lonthong lan borone nganggo corak cindhe, ditambah sabuk bludiran sarta timang, Tumrap jajar lonthonge abang, ora nganggo boro lan sabuke ireng. Sayake warna putih nganggo liskuning lan Jajar polos.

Keris sing dienggo prajurit Jagakaiya iki bentuke branggah nganggo oncen. Kejaba kuwi prajurit Jogokariya nganggo kaos tangan ireng padha karo kaos kakine. Tumrap Panji ditambahi pe­dhang.

Dwaja utawa tandha pusaka bregada prajurit Jagakarya iku awujud Kangkeng Kyai Trisula, Wujude tumbak kang pucuke telu (trisula) kang dipasang ana sandhuwure panji-panji. Gegamane prajurit awujud bedhil, tumbak kanggo Jajar lan kanggo panji nggawa pedhang. Piranti unen-unen awujud tambur, su­ling, trompet. Nalika baris diiringi gendhing Tameng Madura (menawa lakune rikat), lan Slagunder (menawa lakune macak).

Prajurit Jagakarya iki tekan seprenme uga isih ana. Menawa pas metune gu­nungan garebeg, bregada prajurit Ja­gakarya ing sisih tengen (wetan) ban­jur paring pakurmatan kanthi ngunekake tembakan pakurmatan alias salvo kanthi bebarengan sing disebut “drel”. Swarane pating jledhor anjalari para penonton sing ora siap padha kaget.

Bab mau pancen jumbuh karo jenenge sing ayahane njaga gawe uta­wa njaga kariya.

Dene lemah palungguh kasebut saiki wis malih dadi kampung kang dienggoni masyarakat umum kanthi aran kampung Jagakariyan. Ciri wancine prajurit Ja­gakarya iku jenenge mesthi nganggo tembung “Parta”, upamane Partaraga, Partasengaja, Partataruna.

 

Bregada Prajurit Prawiratama

Jeneng Bregada Prawiratama asale saka lingganing tembung prawira lan tama. Tembung prawira tegese wani lan prawira. Tembung tama ing basa Sanse­kerta tegese utama atawa linuwih, dene miturut basa Kawi tegese ahli atawa pinter. Secara filosofis Prawiratama nduweni teges  prajurit kang kendel (pemberani) lan pinter ing salire pa­karyan, lan trampil migunakake gega­man. Prajurit Prawiratama iki dumadi saka Pandega 1, Lurah 4, Dwajadara 4 lan jajar 72. Panji kang dadi tengere prajurit Prawiratama aran Geniraga, wujude bunderan abang ana sandhu­wure dhasar ireng. Dene seragame nganggo topi songkok ireng wujude keong kanthi lis kuning, dene Jajar (prajurit kang nggawa bedhil karo tumbak) topine polos. Klambine ireng modhel sikepan kanthi lis kuning, lan kanggo jajar polos lan rangkepane werna putih. Clanane cendhek rupane abang lan clana dawa putih nganggo lonthong lan boro kang corake cindhe, sabuk bludiran lengkap nganggo timang. Kanggo Jajar ora nganggo bioro, lonthonge rupa abang lan sabuke ireng. Sayak ijo kanthi lis kuning, lan Jajar putih polos. Srempang kuning kanthi endhong. Kerise branggah nganggo oncen lan sepatu ireng. Panjine nggawa pedhang.

Dene Dwaja (tanda pusaka) kanggo prajurit Prawiratama yaiku Geniroga/Bantheng Ketaton, awangun segipapat kanthi dhasar ireng, ing tengah tengahe ana buderan rupa abang. Geni tegese geni (agni) lan roga surasane lara. Klebet iki nduweni teges prajurit Prawiratama bisa ngalahae mungsuhe kanthi cara sing gampang. Gegamane awujud bedhil,  tumbak, lan pedhang kanggo Panji lan kabeh nganggo keris. Piranti unen unene yaiku tambur, suling lan slompret.Nalika mlaku (baris) kairingan gendhing  Pandebruk (menawa lakune rikat) lan mars Balang menawa lakune macak

Prajurit Prawiratama sing mapan ing lemah palungguh kasebut ing wektu iki karan kampung Prawirataman kang dumunung sikudule pojok beteng wetan Kraton Yogyakarta utawa Jl. Paringtritis Yogyakarta. Ciri wancine prajurit bre­gada Prawiratama jenenge mesthi nganggo tembung “Prawiro”, upamane Pra­wiroatmaja. (Isti Nugroho)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Aja gumedhe mung merga ayu-ne rupa, amarga kuwi bakal luntur dening wektu. Nanging elinga, ayune kridha ora bakal luntur senajan digawa mati pisan...

Klik

NGANTUK

Ora kober ndlosor, semendhe ing tembok uga ora apa-apa. Mangkono mbokmenawa ujare si meong iki. (d/sit)***

Pethilan

Trilyunan rupiah dhuwit negara mili menyang desa

Koruptore aja nganti katut keli

Lumantar gerakan #2019Pilpres Ceria, Mahfud MD ngajak publik milih kanthi cerdas

Amarga kecerdasan kita wis saya ilang akibat memusuhan

Golkar ngukuhi caleg mantan koruptor

Ngajab para pemilihe padha pikun!