Tradhisi Sasi Pasa Ing Kraton Ngayoyakarta Kepungkur (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Rena-rena - Dibaca: 57 kali

Lan saben ngarepake buka pasa akeh wong wong sing padha teka mrono saperlu nonton anggone nyumet dhul kasebut Banjur padha gegancangan mulih saperlu padha buka anggone pasa ing sedina muput.

Ngenani ngunekake mercon iki sajake uwis wiwit jaman kuna-makuna mula, tradhisi kuna sakehing bangsa ing donya iki kang magepokan pancen karo ngusir setan bekasakan lan dhemit kang ana gandheng cenenge karo animisme, nanging bab mau jaman semana durung padha diwuningani dening masyarakat kita iki. Kang dingerteni mung seneng lan bisa gawe kageting liyan. Tumrap kang nyumet kepara mongkogake ati jalaran bisa di arani wong sing kendel jalaran wani ngunekake utawa nyumet mercon kanthi isih dicekeli utawa dibanting. Pancen menawa ora kendel bisa ngatutake driji tenan lan kurang begjane bisa ngatutake nyawa barang.

Perlu kawuningan menawa bakda Pasa ing tanggal 1 Syawal ana ing Riyadi ing Kraton uga diadani pisowanan Garebeg Syawal kang miturut kahanane, rehne bakda ngadani sasi Pasa anggone nganakake pisowanan Garebeg mau uga luwih dening climen. Iki katandha marang cacahing gunungan (pareden), menawa garebeg Besar utawa Mulud jaman semana cacahe gunungan lanang ana 10, gunungan wadon ana 4, gunungan gepak ana 8, gunungan dharat 4 lan gunungan pawuhan uga ana 4, nanging ing Garebeg Syawal cacahing gunungan mung : gunungan lanang thok cacahe 12 tanpa gunungan estri, gepak, dharat lan pawuhan. Yen ing samengko mung diujudi gunungan jaler siji thil tok.

Kejaba mangkono ing jaman sadurunge Ingkang Sinuhun Hamengkubuwono VIII jumeneng saben malem ganjil : selikur, 23, 25, 27 lan 29 dianakake apa kang padha diarani “maleman” ana ing kagungan dalem Alun alun lor lan kidul. Wujude : Maleman mau kaya dene pesta andrawina utawa rakit dhar buka ana ing satengahe alun alun sakubenging alun alun mapan ana ing antarane ing Kagungan dalem Pakapalan. Uga Maleman iki padha dianaklake ana ing dalem para Pangeran lan para Pengageng.

Ing alun alun kang padha ngetoni ambeng tata rakit buka para Bupati Nayaka sa-andhahane, kagawe edi peni katata ana ing meja-meja cendhek, jalaran anggone dhahar mesthi kanthi lenggah lesehan sarta kapajang pajang edi peni kanti dipadangi dening urubing lampu dhudhuk mawarna-warna, pating gebyar, pating kalencar. Ing kalodhangan kasebut racake Ingkang Sinuhun kersa tedhak miyos saperlu mriksani sakehing tata rakiting dhahar buka mau. Menawa miyos Dalem mau nganti wis kemput banjur lenggah ana ing Pagelaran nbanjur kundhur angedhaton.

Saiki “Maleman: mau tumrap Ngayogyakarta uwis kasowak sing kari isih kerep dikaweruhi yakuwi mung kari agemane bae kang duk semana diagem miyos Dalem mriksani maleman.  Ageman mau ageman Malem selikuran kang marga saka endahe banjur kalorod kanggo mbusanani penganten. Ya mung kari kuwi kang bisa kanggo pepeling anane Maleman ing Ngayogyakarta.

Maleman kuwi sejatine uga ana gandheng cenenge karo malem Lailatul Qadar, mula kawawas perlu ing jaman semana supaya ing malem malem kasebut padha tumindhak suci supaya padha antuk berkahe Lailatul Qadar kasebut.

Perlu diaturake ana ing kene menawa Maleman kasebut jaman semana  anggone nganakake mapane ana ing sakidhule wit ringin kurung mangidul kanthi digelari klasa utawa lampit wiwit pakapalan iring kulon nganti pekapalan wetan. Kena diarani saben klasa mau dipanggoni dening  meja dhahar kang uwis ditatani dhahar pepak sarta dipadhangi dening lampu lampu dhudhuk lan lilin lilin kaya kang katur ing ngarep Dhahar rampadan mau kasedhiakake kagem para Bupati sarta andhahane lan para abdi abdine. Watara jam 18.00 Ngarsa Dalem miyos lan banjur tindhak mriksani sakehe tatanan lan sawise ndangu apa kabeh uwis samekta sarta dening Pepatih dalem dicaosi wangsulan menawa sakabehe uwis samekta Ingkang sinuhun banjur dhawuh marang Abdidalem Pengulu kadhawuhan ndongani. Sabandane banjur padha gentenan utawa kirim kiriman kedhapan, pokoke padha umuk umukan olah olahane dhewe dhewe kang mesthi bae padha dialem sarta mirasa. Ora ana kang ngungkuli mirasane kajaba mung olah-olahane dhewe, dadi wujude kayadene konkrus olah olahan bae.

Emane wis ora ana kang bisa nyaritakake kahanan mau kanthi trawaca, sakabehe mung kari jarene/ Ing dina kapisan yakuwi ana ing maleme 21 kang kajibah ngetoni ambeng mau banjur kabagi rata marang para pangeran lan Abdidalem kabeh. Malem 23 bageyane para pangeran, malem 27 para Bupati lan malem 29 kagungane Pepatih dalem. Sing patang ambeng kanggo memule Khalifah papat, yaiku Khalifah Abu Bakar, Umar, Usman lan Ali, dene kang pungkasan kagem memule para Wali ing Tanah Jawa.

Gandheng ana dhawuh supaya ing dina dina ganjil kasebut padha tumindhak suci lan ngadohake tumindhak kang dudu-dudu, mula para pengageng mau ing bengi malem ganjil mau padha ngepeng anggone nganakae waosan macapatan. Ing kalodhangan kasebut kaya kang uwis katur padha ngepengake anggone maca layang Ambiya (=sejarah para Nabi) lan uga maos minangka selingan Serat Menak, Wong Agung Jayengrana. La ya iki dalane lan kang nyebabake thukule lelangen Beksa Langendriyan ana ing Dalem Mangkubumen Ngayogyakarta

Menawa miturut petung tradhisi, sasi Pasa kuwi kurang becik kanggo duwe gawe mantu, nanging kepeksane banjur padha migunakake Malem Selikur minangka sangat kang becik kanggo nindhakake akad nikah. Mesthi bae anggone bojakrama ditibakake iung wektu bada surup srengenge supaya ora padha didakwa ngirid lan duwe gawe kanhi biaya murah, jalaran ora perlu nganakake pasugatan/ Anggone ditibakake Malem 21 mau njupuk angsar bisaa oleh wahyuning Lailatul Qodar.

Minangka panutup ing atur keparenga ing kene nyuplik dhawuh timbalan Dalem lumantar pepatih dalem ing jaman Selikuran kang unine miturut unjuke Abdidalem gandhek kang kautus andhawuhi Pepatihdalem ngunjukake shandhap Ngarsadalem: “Kawula nuwun, kawula sampun amdhawuhaken timbalan Dalem dhumateng abdidalem pun pangeran Arya Adipati Danureja. Dhawuh timbalan Dalem sapunika. Pangeran Arya adipati danureja timbalan dhalemijengandika kapithetan ambeng hajat Dalem malem selikur sampun jengandika tampeni, tumunten Pangulu andongakna ing kasugnengan Dalem, luhuripun panjenengan Dalem, luhuripun Kraton Dalem, panjangipun yuswa dalem, harja kartaning negari Dalem, manawi sampun ambeng hajad Dalem kadonganan tumunten jengandika bageya dhumateng para bendhara putra sentana, pangeran sentana Dalem, punapa dene jengandika sakanca tuwin mantri prajurit, sadaya ingkang radin.

Atur sembahipun Abdidalem pun Pangeran Arya Adipati Danureja: “Nuwun sendika”.

Kanthi ature Abdidalem Bupati gandhek kang ndhawuhake Dhawuh Timbalan Dalem marang pepatih dalem mau pasowanan malem Selikuran kalilan mundhur.

Ing maleme tanggal 1 Syawal ing ngendi endi kaprungu gumrenggenge Takbiran kang katindakake mubeng beteng sarta mubeng kampunge dhewe dhewe nganti tekane seprene.

(Isti Nugroho)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih