Pager (11)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 67 kali

Brigadir Yanti melu ngrimuk supaya Musripah gelem blaka. Sing dirimuk bali ndhingkluk. Bali nyaut bantal dinggo nutupi praupan. Sedhela-sedhela nggresah. Batine saya jibeg. Yanti utawa Weda terus ngrimuk, jalaran butuh rowang lan wong sing ngra­mut.

“Wonten kertas?” wusanane Musripah nembung. Swarane serak abot. Weda lan Yanti tanggap. Weda ngulungake buku cathetan. Lan kanthi tangan gemeter Mus­ripah nulis alamate wong tuwane wadon.

Sing dijujug omahe Ketua RT. Nalika takon jenenge Mama Pia, sing ditakoni mencereng ngeling-eling. Saka ru­mang­sa­ne ora ana wargane sing jeneng Mama Pia. Sawise dituduhake alamat, ga­gehan njupuk buku cathetan jenenge warga lan alamate. Sing dituduhake kuwi omahe Jarot, disingget dadi papat lan di­kontrakake. Ewasemono jeneng sing di­goleki ora ketemu. Salah siji sing ngontrak omahe Jarot jenenge Supiyah, salaras karo KTP. Ketua RT gedheg-gedheg.

“Wonten Pak?”

“Mangga,” pangajake karo menyat.

Banjur bebarengan ngener omahe Jarot, panggonan sing nomer papat saka kulon. Salah sijine lawang sing isih tutu­pan dithothog. Senajan wis dithothog ma­kaping-kaping lan diundangi jenenge, la­wang ora dingakake. Tangga kiwa tengen wis apal, pancen kaya mangkono lage­yane. Kamangka sejatine wonge ana nje­ro omah. Saben ana tamu sing thothog-thothog, tangga melu kebribenen.

Salah sijine tangga mbisiki Ketua RT supaya dithothog rada sora lan dibengoki yen sing arep mertamu Ketua RT. Nalika lawang menga, Ketua RT,  Weda lan Yanti njomblak nyumurupi meja tanpa taplak lan botol plastik tilas wadhah omben-om­ben, wungkus-wungkus super mi mbla­sah. Sedhotan plastik pating kleler ing jogan sing ngeres.

Rambut soklat bosah basih. Mripat abang. Pra­upan bengeb. Sisa abange gincu isih ngrenggani lam­be. Idepe katon yen pasa­ngan, wernane ijo njanges. Kabeh kuku driji lan jem­polan werna ireng. Kathok kuning cekak, kaose putih tanpa krah. Sedhela-se­dhala ngumbar angop am­ba tanpa ditutupi. Ora nganggo raup, ora kemu luwih dhisik, nemoni tamu­ne. Memper yen Musripah ora enggal bares. Kira-kira wae rumangsa lingsem ma­rang tata carane wong tuwane dandan.

“Jenengmu sing bener kuwi sapa?” pitakone Ketua RT.

“Supiah.”

“Mama Pia kuwi sapa?”

“Kula.”

“Mbingungke,” grene­nge semu maido. Sing di­paido mung kecap-kecap. “Ibu-ibu iki ang­gota pulisi.”

“Enten napa nggih?” sumaure karo ngumbar angop tanpa ngemu rasa samar apa dene kaget. Njalari wangsulane ora pati cetha.

“Gadhah yoga naminipun Musripah?” Weda miwiti takon.

“Nggih. Nggih. Niku anak kula. Tapi……….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan