Bojo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 176 kali

Wegah, ah! Sirahku munyer-munyer,” cluluke Larasati karo malik madhep tembok. Olehe teturon banjur njingkrung ngungkurake sing lanang.

Banuaji kang ing mau njawil sisihane karo ngincang alis aweh sasmita ngajak karonsih, sanalika malih pasemone. Kang sekawit bingar kelawan sorot mripat kencar-kencar dadakan dadi mbleret repet-repet kedaya napsu sahwate mungkred.

“Vertigo, Dhik? Ayo ndang priksa menyang dhokter,” tumanggape Banuaji karo njenggirat tangi saking emane marang bojo tinresna.

“Ora vertigo, Mas. Ning merga sirahku mentas digandhen Niken!” Larasati blaka suprandene ora ngeblak. Omongane isih nganggo diplipir.

“Woo, nantang perkara wong wadon siji kuwi,” ujare Banuaji kawistara kaget. “Wis, saiki ayo nyang dhokter. Visum. Mengko terus nyang kantor pulisi. Lapuran!”

“Apane sing divisum, Mas?”

“Ya sirahmu sing digandhen Niken kuwi ta?!”

“Huh, landhep dhengkul. Ora tanggap,”  panggresahe Larasati. “Karepku, sirahku kaya digandhen omonge si lambe nggambleh kuwi. Atiku lara, Mas. Laraa. Rasane nganti sundhul uteg. Munyer-munyer!”

“Omong priye dheke?”

“Niken kuwi rak cinta pertama sampeyan ta? Ning merga sampeyan jare tak mantra­-mantrani, taksranakake nyang dhukun pellet, wekasane sampeyan njur ngrabi aku,” katrangane Larasati. Raine mbrabak. Saka sethithik prembik-prembik.

Banuaji mlenggong. Ora duwe bunci omong. Lakar kanyatane iya pancen mangkono. Biyen sumpah prasetyane olehe tresna Niken jare nganti digawa mati. Nanging embuh apa jalarane, teka ujug-ujug dheweke gandrung-gandrung kapirangu marang Larasati. Kang satemah Niken rumangsa kasingkur banjur sumingkir. Ndhaptar TKW menyang Hong Kong.

“Ora cukup mung kuwi, Mas. Sing marahi njarem neng ati, jare sampeyan dadi kades wis meh entek masa jabatane ning uripe kaya lakune keyong. Kakehan utang. Omahe ajeg, kuna mbladhus. Ora kuwat tuku mobil kaya kades-kades liyane,” Larasati mbacutake omong karo nangis mingseg-mingseg kamisesegen. Megap-megap memelas. “Teneh Niken sing kokbuwang sebrung, saiki wis bisa galang omah gedhong magrong-­magrong. Gek sagedhagan tuku motor wae iya loro. Lanang wedok.”

Banuaji saya longang-longong. Samungguha Niken mojar mangkono tenan, pancen iya bener. Banuaji ora bisa selak. Patang taun dadi kades uripe ya mung ngena-ngene wae. Kamangka dheweke isih duwe tanggungan utang ora sethithik.

“Ditrimak-trimakake wae, Dhik. Ora perlu kemropok nanggapi ocehane Niken,” panglipure Banuaji.  “Ora perlu isin diarani lakuku kaya keyong. Waton ora kejeglong-­jeglong. Timbang kebat ning kliwat rak luwih apik gremet-gremet waton slamet.”

“Eee, lha wong sampeyan ingah-ingih ngono, mulakna njur………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan