Babad Untung Surapati lan Tiwase Kapten Tack
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 71 kali

Jeneng Untung Suropati minangka pah­lawan nasional bisa dikandhakake cu­kup kondhang. Tokoh kang ditetepake mi­nangka pahlawan nasional adhedhasar S.K.Presiden Nomer 106/TK/1975 iki riwa­yate kaya legenda kang tansah dieling eling. Merga nalika bocah putra bangsa­wan iku diculik. Dadi budak kang didol dening Kapten Van Beber. Jeneng asli Un­tung ora dimangerteni, Babad Tanah Jawa mung nyebutake menawa Untung ditemok­ake Kapten van Beber kang ditugasake ana ing Makasar. Dening si kapten, Untung ban­jur didol marang pegawai VOC kang jene­ngev Moor. Dening Moor budak saka Bali iku kapurih ngancani putrine kang jenenge Suzane. Kang lagi wae nandhang duhkita, merga ibune tilar donya.

Sawijining penulis saka Bali kang as­mane Ngurah Komang Karyadi ana ing bu­kune kang asesirah, Surapati: Kepahlawa­nan Seorang budak kang dibabar 16 Agus­tus 2008 nulis me­nawa Untung Su­ra­pati asmane asli Surowiroaji. Un­tung Surapati lair ing taun 1660 Ma­sehi. Bali ing crita Untung Surapati kang dituku pega­wai VOC  kang as­mane Moor, pra­nyata iku nuwuh­ake hoki kanggone Moor. Karier Moor minangka pega­wai VOC mung­gah kanthi cepet, sakwise pegawai biasa. Ban­jur dadi Opperkooman.Ya merga iku budak iku diwenehi jeneng Melayu, Untung. Mer­ga tekane nggawa nasib kang untung kanggo juragane.

Malah ora mung kuwi, Tuan Moor iku bisa munggah pangkat dadi anggota Raad van Indiea utawa minangka anggota de­wan Hindia. Lembaga kang tingkatane sa­ngisore Gubernur Jenderal VOC. Oleh ge­lar Edelheero kang artine piyayi kang di­mul­yakake. Anggota Raad van Indie temtu wae kasugihane Moor dadi tambah. Mula dheweke banget nresnani Untung lan ngang­gep sang budak iku nduweni hoki nganti dheweke dadi pegawai kang mer­bawani. Dening Moor, Untung diuja, lan dididhik dadi pinter. Moor uga ngajak sang budak iku ke­liling Batavia. Lan ambyur ana ing ja­gad sesrawungan masyarakat Batavia kang maju.

Arepa urip sarwa enak lan kepenak. Un­tung ora katrem ana ing sesrawungan modhel kulonan. Untung tetep srawung karo bangsane dhewe. Tanpa dimangerte­ni juragane Moor, Untung uga ngadani se­srawungan karo tokoh pribumi Kyai Ebun. Kanggo sarana ijol kawruh ngenani ma­salah spiritual. Nanging masalah kang lu­wih gawat, yaiku pranyata sesrawungane antara Untung karo Suzane ora mung mi­nangka hubungan antarane abdi karo ba­ture. Merga asring ketemu sesambungan ke­lorone dadi katresnan.

Ibarat tir pada irenge, sir pada senenge antarane Untung karo Suzane ana hubu­ngan asmara. Lan iku ora disarujuki karo tuan Moor. Kanggone Moor, Untung iku mung supaya ngreksa bendarane. Supaya ora kesuwen nandhang duhkita. Kanggone Tuan Moor apa sing ditindakake Untung wis murang tata. “Mosok batur arep nye­nengi juragane,”. Minangka juragan temtu ora sudi nduwe mantu kaya Untung. Merga iku anggota Raad van Indie iku ngerigake serdadu VOC kanggo njeblosake Untung ana ing pakunjaran. Suzane kang pranyata wis nggembol winihe Untung dikirim bali menyang negara Nederland.

Ana pakunjaran iku Untung asring disik­sa. Kasus iku pranyata ora mung gawe kucem tuan Moor, nanging uga para sipir kang njaga pakunjaran. Untung dianggep minangka batur kang kurang ajar. Saengga trep menawa disiksa ana ing pakunjaran. Ya merga disiksa, Untung ngupaya mlayu saka pakunjaran, Lan pranyata kasil. Sak­wise bebas dheweke ganti ngadani reru­suh ana ing Batavia. Ya merga pihak Wa­­lan­da kewalahan, banjur ngupaya bujuk Untung kanggo dadi serdadu VOC. Nawani jabatan minangka Letnan VOC. Ya nalika nggabung ana ing ketentaraan, Untung ma­ngerteni ngenani strategi lan gelar militer. Dening Kapten Ruyss dheweke oleh prentah kanggo mapag Pangeran Purbaya.

Sadurunge ing taun 1683, Sultan Ageng Tirtayasa saka Banten dikalahke dening VOC. Nanging putrane Pangeran Purbaya bisa mlayu menyang Gunung Ge­de, Banten. Pangeran Purbaya mutusake nyerah, mung wae priyayi keraton Banten iki gelem nyerah asal kang mapag iku serdadu pribumi. Dudu serdadu Walanda kang adigang-adigung-adiguna. Letnan Untung kang mapag Pangeran Purbaya ana ing Tanjung. Nanging ing wektu kang padha sawijining Vandrig Kuffeler kang ru­mangsa oleh prentah nyekel tumindak sewenang-wenang marang Pangeran Pur­baya ana ing Bengawan Cikalong, ing tanggal 28 Januari 1684.

Ana ing masalah iki Letnan Untung ora trima. Merga miturut pamawase arepa wis teluk lan manungkul.Pangeran Purbaya lan sakpendhereke iku tetep kudu diajeni. Ka­wawas minangka priyayi putra. Ingga tu­wuh dredah. Ing papan iku, Vandrig Kufeler sak pasukan dirampungi ing Bengawan Cikalong. Kadadeyan iku nuwuhake Untung bali dadi buron kang mungsuhi Kumpeni.

Pangeran Purbaya tetep kepengin ma­nungkul karo Kumpeni. Nanging keng gar­wa Raden Ayu Gusik Kusuma kang putri pa­tih Mataram ing Kartasura, Patih Ne­rang­kusuma luwih milih bali menyang Kar­tasura. Tilas Letnan Untung kang saiki dadi buron VOC kapurih ngeterake kondur. Ne­rangkusuma, patih utawa warangka da­lem Sunan Amangkurat II ing Kartasura pancen dikenal anti VOC. Piyambake uga ngojok-ojoki supaya sang ratu nglawan marang VOC kang tansaya campur tangan marang bumi Mataram. Ya, ing Kartasara iku Raden Gusik Kusuma didhaupke karo ti­las Letnan Untung kang saiki bali dadi buronan VOC.

Ora suwe saka kadadetyan iku, Sunan Amangkurat II ing Kartasura ketekan Kap­ten Francois Tack. Punggawa senior VOC kang oleh tugas kanggo nyekel tilas Letnan Untung kang wis kumawani ngrampungi Vandrig Kufeler sak bala tentarane. Na­nging Untung lan pasukane wis siyaga. Ingga kadadeyan bandayudha kang nu­wuhake tiwse Kapten Tack merga katusuk keris Kalamisani, keris cilik kang disingitake ana njero wadah suruh. Jenasah Kapten Francois Tack digawa menyang Semarang. Disarekake ing pasareyan tuwa kang ana ing areal Benteng VOC ing Jepara. Saduru­nge jenasah Kapten Tack ing Makam Ke­bonjahe, Batavia.

Dening Sunan Amangkurat II,  Untung lan Patih Nerangkusuma kapurih mlayu me­nyang Brang Wetan. Untung kasil ngre­but Kabupaten Pasuruan lan ngalahake Bupati Pasuruan Anggajaya. Bupati Sura­baya, Jangrana ora mbelani Pasuruan merga wis kenal Untung ing Keraton Karta­sura. Untung ngangkat dheweke dadi bupati Pasuruan kanthi sebutan Tumeng­gung Wiranegara.

Ana  ing wulan September taun 1706 VOC liwat pasukan gabungan bala VOC kang nganthi prajurit Kasunanan Kartasu­ra, Madura lan Surabaya nyerbu Pasuruan dipimpin Mayor Goovert Knole. Saka tawur ing Bangil, Jawa Timur 17 Oktober 1706 Untung Surapati ya Tumenggung Wira­ne­gara gugur merga panjebluge meriem. Marang putra lan kawulane Untung aweh  wasiat amrih gugure dirahasiake. Pa­sareyane sengaja dirata karo lemah. Pen­dhereke isih neruske perang lan gawe tandhu Untung Surapati tiruan.

Tanggal 18 Juni 1707 Herman de Wilde terus ngupaya ngoyak lan nemokake pasareyane Untung Suripati. Kuburan dibongkar lan jenasah diobong lan awune dibuwang menyang laut. Maneka versi ngenani pasareyane Untung Suropati ana kang ngandhakake ana  ing dukuh Man­cilan lan dukuh Belik ing Kelurahan Poh­jentrek, Kecamatan Purworeje, Kabupaten Pasuruan  nanging website Kota Pasuruan yaiku Pasuruankota.go.id mratelakake pasareyane ana ing Bangil, Jawa Tinur, Lan diresmekake bupati Sihabudin.

Ya merga legendarise Untung Surapati crita Untung merbawani maneka tulisan sejarah lan sastra. Saliyane Babad Tanah Jawi lan Babad Surabaya uga menehi ilham kanggo penulis Hindia Belanda Me­lati van Java (asma singlon Nicolina Maria Sloot) kanthi anggitane Van Slaaf Tot Vorst, kang kababar taun 1887. Tulisan iku banjur dijarwake dening  FH Wiggers kanthi basa Melayu kanthi judhul  Dari Boedak Sampe Djadi Radja. Penulis pri­bumi kang nulis cerita Untung Surapati yaiku Abdul Muis kanthi judhul Surapati. Sejarawan Wa­landa De Graff uga nulis kadadeyan tiwase Kapten Tack ana ing buku kang dijar­wakake kanthi judhul Terbunuhnya Kapten Tack.

Taman Burgemeester Bisschopplein ing Batavia kang saiki dadi Jakarta  dida­dekake Taman Suropati pasca perang kamardikan minangka sarana kanggo ‘me­ngenang’ Untung Suropati. Saliyane akeh dalan-dalan ing kutha kang nganggo asma pahllawan saka Bali iku. Untung Surapati uga kanggo asma jeneng kapal korvet TNI Al kang dijenengake KRI Untung Suropato. Mangkono. (Hamid Nuri)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan